Jumat, 12 Juni 2020

K A R Y A


R. BAMBANG NURSINGGIH



Covid-19 Nyebar Sambang

Covid-19  asale saka Wuhan, wilayah Cina
minangka ambah-ambah ngambra-ambra gumagah mider buwana, gawe wisuna
Covid-19 senajan angel disuwawa, aja ngewak-ewakna
Ayo sumitra, eka praya ngupiya cara amrih Covid-19 sirna

Uningana Kaki Nini mami. Virus Korona sumrambah jagat.
Tan sembrana ngemonahe. Amrih lestari tulus. Juru usada eka kapti.
Pambirate toh nyawa. Klamun luyu lampus. Marma manut pamrayoga. Kinen resikan tan wae-was nyepi panti. Temah warga raharja.

Ngger, Kaki Nini, kala ngadhepi virus Korona aja mamang
aja sembrana kang pranawa, jalaran tan kasat mata, alias tan bisa disawang
Ewa dene dheweke kuwagang nyebar sambang,
gawe tiwase wong sapirang-pirang

Ya jalaran tan kasat mata, Covid-19 angel disuwawa,
mula aja sembrana, krodhane aja ginawe ampang
 Lamun wis kebajur katrajang, aja kebimbang
sabar, tawekal, aja sumelang melang-melang,
lan ora mbangkang dhawuhe pradana kang wenang

Patik tan kendhat sesanti. Ing ngarsaning Gusti Allah.
Niyat eklas tan groboh. Mrih Covid-19 onya. Satemah gawe raharja. Indonesia gya makmur. Rahayu krana Pangeran.

Kang tatag, njaga kawarasan, aja lirwa sembayang,
ndedonga nggadhang aksama myang kang gawe gesang
Dimen ora keplantrang, kepara enggal antuk pepadhang

Minomartani, 21 Maret 2020.


R. Bambang Nursinggih, lahir di Madiun (Jawa Timur) 10 Februari 1952. Pensiuan PNS ini masih terlihat energik menggerakkan dunia seni-budaya lewat wadah yang dipimpinnya yaitu Lembaga Kebudayaan Jawa “Sekar Pangawikan”. Ia juga dikenal sebagai koreografer, penari, pendongeng, penggurit, penyiar radio dll. Tahun 2005 ia menerima hadiah Sastra Yasayo (Yayasan Sastrawan Yogya) dan tahun 2017 menerima penghargaan dari Balai Bahasa DIY kategori Tokoh Penggerak Bahasa dan Sastra Jawa. Ia tinggal di jln Gurameh Perum Minomartani Ngaglik Sleman dan dapat disapa melalui FB: R. Bambang Nursinggih, WA: 0822-7333-7487 dan email: skrpangawikan@gmail.com

*** ----- ***


YAYUK WAHYUDI



Dudu Kenya Sulistya

 Kutha gara  apepalang pring
Mlebu metu ora garing
Wong padha ora kuwagang kabeh kuwatir
Para punggawa padha kuwowogen
Campuh karo korona
Sing pada buwara
Nlangsa ora bisa ketemu keluwarga

Kabeh padha bureng
Byah byur
Bantala kebak kuwandha merga andaga
Panasing andakara kaenteni
Kabeh anenggah korona anempuh
Manungsa sing padha angawula bandha
melu kedher ora bisa endha
Nadyan duwe ancas arep  ngeplas klintong-klintong
Saiki dadi klonthang klanthung

Korona.......
Dudu kenya sulisya
Nanging keduga gawe kesruhing ati
Ora usah padha kamitenggengen
Karana kudhung korona
Pindha kuwaka
Manungsa kudu eling aja kelantur
Kudu lingsem
Menawa lali ing ngaluhur.
        
Girimulyo, Juni 20



Yayuk Wahyudi, adalah nama pena dari Sri Rahayu Yustina S.IP., MA. Lahir di Purworejo 27 Desember 1963. Disela-sela ketugasan sebagai PNS di Dinas Perpustakaan dan Kearsipan Kabupaten Kulonprogo masih meluangkan waktu bergiat di Komunitas Sastra-Ku dan Forum Sastra-Teater Kabupaten Kulonprogo. Karyanya masuk di sejumlah buku antologi, diantaranya: Weling Sinangling (Antologi Geguritan Dinas Kebudayaan DIY, 2018) dan Tilik Wewisik (Antologi Geguritan Dinas Kebudayaan DIY, 2019). Pernah terlibat dalam tim penulisan sejumlah buku di Dinas Kebudayaan Kulonprogo. Tinggal di Girimulyo Kulonprogo.

 *** ----- ***

 
TRIAS TUTI HIDAYANTI


 
Kahanan

Ngrasakake kahanan tansaya ra karuhan
Pangangen angen lan kasunyatan amung tansah sliringan
Neng ati lan uga neng badan
Kalamun tan dilambari kanthi iman
Satemah bakal bisa dadi edan

Menika kula,
menawi panjenengan?

Galur, Juni 2020




Trias Tuti Hidayanti, lahir di Cilacap 40 tahun yang lalu. Tumbuh dan besar di Galur Kulonprogo, kecintaanya pada sastra  seiring kegemarannya membaca buku koleksi perpustakaan sekolah maupun dari majalah yang dibeli dengan menyisihkan uang jajannya. Kini kecintaanya pada dunia sastra diasah kembali dengan gabung di komunitas Sastra-Ku meski aktivitas kesehariannya bukan di dunia tulis menulis. Puisinya masuk di buku Kluwung Lukisan Maha Cahaya (Antologi Puisi dan Prosa komunitas Sastra-Ku, 2020).

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

  K A R Y A     AHMAD MALIKI MASHAR     Suluh Penyuluh   Mulut berbisa mengurut luka Menepuk dada tersuruk bangga Berlulur s...