Jumat, 27 Desember 2019

K A R Y A



KUCIWA
Dening : Leni Nursinta

Sapa sing ora kenal Dewi Artati, bocah ayu anakke Mbok Jum, bakul peyek dhele sing grapyak banget karo wong-wong sa desa. Dewi, ngono biasane wong padha nyeluk dheweke. Kulit kuning langsem, irunge bangir, bathuke jembar lan parase ayu sing nurun saka Ibune, tur ya patrape becik. Ora gumun yen akeh sing pada kesengsem marang dheweke. Nanging ya dhasar Dewi sing ora kepengen ngladeni bocah-bocah lanang kang padha nyedhaki, wong dheweke milih arep fokus kanggo sekolahe dhisik sakdurunge mikir liyane.
Keluargane diajeni karo tangga teparone, merga bisa kanggo conto sing apik lan arang banget ana masalah. Bu Jumiyati sing kondhang merga bisnis produksi peyek omahane, Pak Burhan sing kerja perantauan neng ibukota dadi pegawai sing ngurusi pemasukan lan pengeluaran salah sawijining pabrik tekstil lan Dewi Artati, bocah prawan sing sumeh, ora tau neka-neka lan kebak prestasi.
Urip apa anane lan dadi anake bakul peyek merek "Peyek Dhele Mbok Jum, lezat, gurih dan renyah" sing kalebu panganan kuno ing jaman modheren iki, Dewi ora tau mindher apa maneh isin karo kanca-kancane.
"Apa wae pakaryane bapak lan ibumu iki, sing penting halal nduk lan asile bisa kanggo cagak urip," ngono ngendikane Pak Burhan nalika Dewi weruh kanca-kancane sing padha diterke sekolah nganggo mobil apik sing lawange bisa digeser, kaya duwene artis-artis kang kerep njedhul neng tipi. Tinimbang mindher, dheweke malah seneng ngewangi Ibune mubeng desa adol peyek sing wis kondhang kui.
Pendhak dina sabubare sekolah, dheweke mesthi banjur menyang sanggar tari "Langgeng Budaya" latian Tari Serimpi kanggo pentas perpisahan kang wektune wis cumepak.
"Wi, mengko latian tarine diundur sa jam seko biasane," kandhane Suksema Asri, kancane Dewi.
"Iya, Sri. Matur nuwun wis diomongi."
Kaya biasane, Dewi tekan sanggar dhisik dhewe. Blas durung ana wong kejaba Mbak Firda, pelatih tarine Dewi. Sakwise latian nari, dheweke banjur mulih. Wektune ngewangi Ibune adol peyek.
"Peyek, Bu. Peyek, Mbak"
"Peyek dhele Mbok Jum niki, Bu. Enak, gurih lan renyah"
"Tumbas, Mbak," Bu Ani.
"Alhamdulillah, inggih sekedhap, Bu." Dewi marani Bu Ani. "Pinten, Bu? Niki tasih ingkang original, ingkang godhong jeruk sampun telas e."
"Entek ta sing biasane kae?"
"Inggih, Bu. Nyuwun ngapunten."
"Oh ya wis, Mbak. Sesuk maneh wae."
"Boten kersa ingkang original, napa? Ibu namung damel sakedhik e, Bu."
"Bapak senenge sing ana godhong jeruke e, Mbak.”
"Oh nggih sampun, Bu. Pareng."
“Paling cen durung rejekine. Ora apa-apa, mengko peyeke ibu mesthi entek,” batine Dewi karo terus mlaku nawakake dagangane.  Tenan, peyekke diborong Bu Erna kang lagi nyambat gawe omah.
"Peyeke wis entek, Wi?" keprungu swara saka mburi
"Ee, Mas Prabu. Waduh, sampun telas e, Mas, nyuwun ngapunten."
"Ora apa-apa, Wi"
Dewi mesem banjur kandha,"Pripun, Mas?"
"Emm, ora apa-apa, Wi, Dewi bingung awit Prabu mung mesem, ora genah bab apa kang arep dikandhakake.
Dewi mesem banjur lunga. Prabu ngukuri sirah kang blas ora gatel.
Prabu Nata Kesuma, kanca cilike Dewi sing umure mung kacek rong taun luwih tua saka Dewi. Wong lanang sing wis tau lan isih ana neng jero atine Dewi, wong lanang sing wis pirang-pirang taun ditresnani Dewi tanpa diwales. Dheweke kuliah semester 4 jurusan Teknik Informasi neng salah sawijining universitas gedhe ing ibukota kang mlebune wae ngentekake ragad ora sethithik. Pancene wong sugih, apa-apa ana, kabeh kedurutan, gek mangka bocahe ya dhasar wis pinter, beda karo kahanan uripe Dewi. Bocah kang lagi lungguh ing SMA kelas 3 kui uripe ya mung pas-pasan. Ning ya kepiye maneh, wong jenenge urip. Akeh pacoban kui biasa, wis kaya sega jangan ibarate. Nek wis ngono kui ya mung bisa ikhtiar, ndedonga marang Gusti Ingkang Maha Kuwasa, muga tansah dilancari rejekine.
"Benjang, Dewi boten sah kuliah mawon, Pak Bu. Kuliah boten kuliah inggih sami mawon," swara lirihe Dewi nalika kumpul karo bapak ibune sawijining wengi.
Ibu ngelus dhadha prihatin, "Nduk, cah ayu, bapak ibu iki ngerti nek kowe kui ora kepengen ngrepoti, nanging nek masalah biaya sekolahmu kui rak wis dadi tanggung jawabe wong tuamu iki, ta? Ora usah kuatir, Ndhuk.”
"Ndhuk, ibumu bener, yen pancen wis rejeki, Gusti Allah mesthi bakal maringi.” ngendikane Pak Burhan  nambahi. Pituture bapak lan ibune telung taun kepungkur kuwi dadi penyemangate Dewi nalika weruh Mas Prabu-Mas Prabu liyane sing bisa sukses sekolah dhuwur.
Dewi isih bingung, ping pisan bab tujuane Prabu ngejak dheweke mlaku-mlaku sore kuwi, kadingaren tenan, ngelingi nek kepethuk wae arang, pisan kepethuk ya mung mesem bales mesem, sukur-sukur nek ana sing omongan paling ya mung nyeluk jeneng isin-isin karo manthuk, wis ngono thok. Ping pindhone bab kenangapa Prabu ngejak neng taman kota pinggir tlaga sing hawane silir kui. Dheweke malah saya bingung nalika Prabu nyekel tangane.
"Wi, aku wis ora kuat mendhem rasa iki kanggo kowe. Aku arep jujur."
"Rasa apa ta, Mas? Lan jujur bab apa?" pitakone Dewi merga durung dhong bab apa sing dikarepake kanca cilike kui.
"Iku, Wi. Sa tenane aku iki wis suwe tresna karo kowe, kowe gelem ta dadi pacarku?"
"Gelem, Mas Prabu," wangsule Dewi spontan. Atine bungah temenan, merga tresnane marang Mas Prabu diwales.
"Iya, Mas. Dewi gelem dadi pacare Mas Prabu." Dewi mesam-mesem karo nyikep gulinge.
"Dewi! Omongan apa ta kowe ki, Ndhuk? Wis gek tangi! Jarene arep ana pentas tari, iki kepiye kok malah isih neng peturon gremang-gremeng karo ngguya-ngguyu dhewe, gek tangi!", swarane ibu nyabarake impene Dewi.  Gregah. Owalah jan toblas tenan, jebul mung ngimpi.
Urip iku pancen cangkriman tanpa batangan, lagi wae sasi wingi Dewi seneng merga bisa ketampa neng universitas negeri sing wis dadi kekarepane suwe. Tambah seneng maneh dikirimi dhuwit saka Pak Burhan kang cacahe ora sethithik.
Nanging, kabeh kabungahan kuwi kaya-kaya dilorot seko uripe Dewi. Mak dheg! Esuk kuwi Dewi nonton berita ing tipi. Ana siaran Breaking News “Seorang karyawan PT. Sejahtera diringkus polisi setelah dinyatakan terbukti atas kasus penggelapan dana perusahaan." Lan karyawan kang dimaksud ora liya Pak Burhan, bapakne Dewi.
"Ibuuu!" Dewi mbengok nyeluk ibune.
"Ana apa ta, Wi? Kok bengak-bengok, iki tak gawekke roti kukus." Ibu marani Dewi.
Dewi ora kuwawa nuding siaran berita ing tipi karo nangis. "Bapaaak, Bu."
"Astaghfirullahal'adzim.. Bapaaak!" Grompyangg! Piring isi roti kukus mrucut.
Bapak, wong kang paling diajeni Dewi sawise ibu, wong kang  dadi panutane Dewi. Wong lanang paling ditresnani Dewi. Wong kang nuturi Dewi mlaku, numpak pit, maca nulis, lan menehi semangat kala-kala Dewi susah. Iku bapak. Nanging, kahanane saiki wis beda. Bapak sing biyen dibanggakake Dewi, ora luwih saka narapidhana sing ndhekem ing kunjara.
"Pak, Dewi trima dadi bocah bodho sing ora tau kenal pendhidhikan, tinimbang pinter lan bisa sekolah dhuwur nanging biayane asil saka laku curange bapak. Pak, karepe Dewi mono bapak tetep dadia bapak kang nomer siji kanggo Dewi senajan ora sugih dhuwit. Bapak tetep dadia kang nomer siji senajan urip mlarat. Nanging saiki bapak wis ngrusak kapercayanku, Dewi kuciwa, Pak."




====== 

Leni Nursinta, Mahasiswi UNY program studi Sastra Inggris S1 (semester 1), kelairan Kulon Progo, 1 Agustus 2001. Alamat Bugel 4, Panjatan, Kulon Progo

Jumat, 20 Desember 2019

K A R Y A


KIDUNG HARI IBU

-          -  Dening Nyai Bardal Dersanala 


Kidung rinakit gurit puniki
Kinarya cariyos 
Angadani konggres wanitane
Kalih likur Desember Masehi
Setu Wage ari
Tahun wolulikur

Kaping sanga Rejeb warsa Alip
Wukune kang primbon
Prangbangkat lan windu Sanca yeki
Dene prastawa ingkang kapirit
Dadi bibit kawit
Yekti Ari Ibu

Mrih sarkara ibu  sa negari
Duk rikala ing ari pengetan
Konggres kang kaping selawe
Bung Karno kala niku
Paring dhawuh Awujud Dekrit
Tigangatus nembelas
Niku angkanipun
Kala tahun seket tiga
Hamengeti wanita labuh negari
Pinathok Ari Rena

Sapi nggiring kali serang, 16-12-2019


*** ----- ***



PUISI YAYUK WAHYUDI  


Untuk Ibu  

Kala  senja mulai menjalar
Kasihmu tak jua pudar
Matamu teduh bagai telaga
Katamu damai bagai nirwana
Senyummu manis tak pernah sirna
meski seonggok kesedihan bersemayam
kau pendam dalam relung jiwamu
bibirmu diam seolah bisu
tiada kata saat duka
sulit ku menyelam jiwamu
ibu...
betapa kau bagai lautan
yang tiada pernah ganti warna
mungkin hanya bias lembayung senja
yang mampu menoda birumu itupun hanya sesaat
ibu...
sungguh tiada kata untukmu
lukisan terindahpun tak seindah senyummu
yang tulus penuh kasih tanpa ragu.
Lalu………………………………
Masih adakah seoles senyum dibibirku
Saat diri seduka hidupmu
Katakan ibu aku juga mampu

Girimulyo. 2019

  K A R Y A     AHMAD MALIKI MASHAR     Suluh Penyuluh   Mulut berbisa mengurut luka Menepuk dada tersuruk bangga Berlulur s...