KI SOEGIYONO MS
Gurit Wektu
Minggu esuk,
wayah pecat sawet
Cahyaning
srengenge surem merem melek
Dheweke kekemul
mendhung klawu
Angin alon
ngusap gegodhongan
Nggawa kabar
tembang tlutur
Daklandhepake
driya grahitaku
Kinarya batang
rusiya cangkrimaning jagad
Miyak gilir
gumantining siyang ratri
Pandom ngacungi
angka
Ngejag-jag
wektu
Mangan dina
candra lan warsa
Lumakune wektu
gesit pindha thathit
Nggembol wadi
siningit
Waktu ora maelu
Ngliwati kang
ora ngugemi
Ora ajak-ajak
kang ora tumindak
Wektu mung
dicacah-cacah
Tumrap kang
sungkan polah
Senen tekan
Setu
Sura tekan
Besar
Mlaku negar
Nrajang gawar
Wektu terus
lumaku
Bareng umur
tumuju ajalku.
Wisma
Bodho, lingsir kulon, Nopember 2018
Ki Soegiyono MS, sastrawan
senior, karyanya berupa cerpen, puisi, geguritan, cerkak, esai berbahasa
Jawa pernah dimuat di Kedaulatan Rakyat,
Djoko Lodang, Sempulur, Penjebar Semangat, dll. Bukunya: Prasaja (antologi cerkak, 2007), Gurit Tawon Madu (kumpulan geguritan,
2016), Waspa Kang Nyalawadi (kumpulan
cerkak, 2017), Kang Kumlebat
(kumpulan macapat, 2017). Pernah mendapat penghargaan “Pelestari Seni Sasrta
Jawa” dari Pemkab Kulonprogo dan “Kesetiaan Berkarya dalam Bahasa Jawa” dari
Balai Bahasa DIY. Tinggal di Wisma Bodho kalurahan Ngestiharjo Wates Kulon Progo.
***----------***
IKA ZARDY
SALIHA
Kembang Desember
Kowe, kang dumadakan
tuwuh
Ing tepi-tepining
asepi lemah nela
Kagarang ketiga dawa
Nalikani udan sepisan
anglelipur ati
Kowe, kang teka tanpa
warta
Tanpa kandha, mekar
amekrok
Abang sinawang
amemanas rasa
Ing kekesing angin
tanpa crita
Kowe, kembang
Desember
Kang amekrok ing
pojoking ati
Apa kuwawa ambirat
ketiga
Banjur ngripta crita
kang luwih dawa?
Kaya dene wengi iki
Beda karo lumrahing
wengi
Kaprungu swaraning
kidung
Saur suluk saubenging
jagad
Kebak donga tangis
ing sukarena
Duh gusti amurbeng
dumadi
Thukuling kembang
Desember iki
Muga dadi tentrem
rahayuning ati
Lan, wengi kang bakal
tumeka
Langgeng crita kang
rinasa
Nganti tumeking
bedhahing jaman
Kulon
Progo, 05 Desember 2020
Ika Zardy Saliha, nama pena dari
Barokatussolihah, nenek 50 tahun ini punya hobi membaca, menulis dan bernyanyi.
Hobinya tersebut telah mengantarkannya ke Finlandia pada tahun 2017. Tinggal di
Pengasih Kulonprogo.
***----------***
Wus kepungkur
warsanira
Tumapake telas
Desember iki
Kaping rongewu
selikur
Reksa Dalem
Pangeran
Tansah njangkung
warsanira ingkang sampun
Senajan kathah pacoban
Nyata Maha
Mirah Gusti
Kathahipun reh
kang rurah
wonten dredah
pawadane agami
Agemane aji
namung
Ngala-ala mring
liyan
Dhandhang dadi
kuntul lan suwalikipun
Dadi mbebidhung
kawula
Nganti ana
rajapati
Kaya tan mangga
puliha
Tinerak memala
corona covid
Bumi ketaman
pageblug
Rempu
negaranira
Bandha donya
jiwa raga bantenipun
Ora milih ora
milah
Apa ta dosaning
janmi
Kang sakit
enggal waluya
Lan kang lalis
malbeng Swarga pinanci
Putra wayah
kadangipun
Sumendhe mring
Hyang Suksma
Kakiyatna pra
nara husadanipun
Berkah kang
ngrukti kunarpa
Lan kang
mranata negari
Tumapake taun
anyar
Kaping rongewu
selikur Masehi
Jumat Pahing
arinipun
Ngridha
lumahing asta
Kabirata ponang
pageblug puniku
Warsa enggal
jagat anyar
Kukuh bakuh
wong sabumi
Batang (Jawa Tengah), 2020
JENG ROSE
Pambukaning Warsa 2021
Udan ngriwis ing wengi iki.
Atis dak rasa
tekan balung sumsum.
Sepi,
Nyenyet tan ana
walang anglisik.
Ora krasa luh
tumetes ing pipi.
Adoh
pengangenku ngulambara
kelingan
kahanan kang wus kawuri.
Esemmu isih
katon cetha.
Wewayangmu
durung bisa uwal saka netra.
Welas asihmu
tansaya manjing ing jiwa.
Simbok,
Pambukaning
tahun 2021 iki
sliramu wus ora
bisa nganthi lakuku.
Dalan kang
nggronjal,munggah mudhun
jurang bakal
dak lampahi tanpa kanthining astamu.
Nanging Mbok,
Kabeh pitutur
kang becik bakal dak tuladhani
Kanggo sangu
uripku ing tembe mburi.
Getun kedhuwung
kudu dak singkiri
supaya aku nemu
kamulyan sejati.
Simbok,
Ing wengi warsa
enggal iki aku mung bisa dherekake
sowanmu kanthi
panjurung donga marang Gusti
Mugya swarga
langgeng kanggo sliramu.
Gisiking
Progo, 1 Januari 2021
Jeng Rose, bernama asli Rusmiyati S.Pd. Lahir 2 Mei 1977. Kesehariannya
mengabdi sebagai Guru Tidak Tetap di SDN 2 Pandowan Galur KP sejak 2007.
Prestasi di bidang sastra: Juara I Lomba
sesorah antar Guru SD se Kabupaten Kulonprogo (2017), Juara I lomba penulisan
cerkak Tingkat Kabupaten (2018). Juga menggeluti bidang seni tari, karawitan
dan kethoprak. Geguritannya masuk di buku Kluwung
Lukisan Maha Cahaya (Antologi Puisi dan Prosa Komunitas Sastra-Ku, 2020).
***----------***
MARJUDDIN SUAEB
Kelahiran di Tahun Baru
siapa punya hari
Siapa punya
waktu
Benarkah mampu
atur detik jam
Mengalir tak
henti
Tak siapapun
mampu mengendali
Kecuali rebut
sempat.
Dan jadilah
pemenang sejati.
Pasti mampu
menangi nafsu.
Kecuali birahi
Berlindunglah
pada hukum.
Sebab Gusti
cemburui pengumbar nafsu.
Ayo lindungi
diri.
YK,
2021
***----------***
EVA NURUL
KHASANAH
Tahun Baru
Berkumpul saling merangkul.
Menyiapkan
hidangan spesial ala-ala.
Bercanda ria.
Orang-orang
berebut mengucap
"selamat
tahun baru".
Rela menunggu
tengah malam buta.
Menanggung
dingin menusuk jiwa.
Membakar
keringat tepat di depan mata.
Menghunus
langit.
Mencabik
hening.
Sidorejo,
1 Januari 2021
***----------***
Tidak ada komentar:
Posting Komentar