Jumat, 08 Januari 2021

K A R Y A

 

Mbah Wongso Cukur

Dening : Sumarno

 

Srengenge  munggah sadedeg dhuwure, tumlorong krasa anget ngenani awak. Mbah Wongso klintong-klintong ngepit onthel saka ngomah tumuju kios Pasar Manggen. Pasar tradhisional sangarep Balai Kalurahan, kang rame nalika dina pasarane Pon lan Kliwon. Pasar Manggen biasa kanggo jujugan tetuku lan bebakulan warga Kalurahan Manggen nyukupi kabutuhan urip saben dinane. Sejatine omahe Mbah Wongso cerak karo pasar, kurang luwih setengah kilometer adohe. Mung wae Mbah Wongso mangkat mulih pasar milih ngalang ngliwati dalan kang wus diaspal alus.

Tengahan esuk kuwi Mbah Wongso mangkat pasar. Kang dijujug kiose cukur kang mapan ing kompleks pasar Manggen sisih ngarep. Senajan irung lan lambene katutup masker, ananging ora ngilangi grapyak lan semanake marang sapa wae kang ditemoni sadawane dalan tumuju pasar. Yuswane Mbah Wongso pancen klebu wus ora enom maneh, meh ngancik pitung puluh taun. Ananging babagan tandang grayang nyukur isih cukat trengginas, tliti setiti lan ngati-ati. Dijaluki modhel cukuran apa wae bisa. Cukuran modhel jaman biyen apa modhel pungkasan, Mbah Wongso ora kaiguhan. Dina iki Selasa Wage, Pasar Manggen ora pasaran. Nalika dina pasarane Pon utawa Kliwon, wayah tengahan esuk ngene iki kahanan pasar isih ana wong tetuku, senajan ora serame nalika tabuh nem utawa tabuh pitu esuk.

Ing teras kios cukur, ana pelanggan telu kang wus nunggu arep cukur. Pelanggan iku lungguh lincak pring kang mapan sakiwa tengen lawang mlebu kios. Bocah enom kang rambute dicet kuning lungguh lincak sisih kiwa, dene ing lincak sisih tengen, ana bapak-bapak ngajak anakke kang isih balita.

“Wis kawit mau anggone padha ngenteni?” pitakone Mbah Wongso gapyak sawise nyetandarke pit-e. Ora lali Mbah Wongso wisuh banyu nganggo sabun kang wus disedhiakake ing ember sangarep kios nuhoni dhawuh pamarintah supaya netepi protokol kesehatan ing mangsa mubale wabah korona iki.

“Sampun Mbah.” jawabe bapak kang ngajak anak cekak.

“Karepe mono aku kimau ya arep mangkat mruput. Nanging saben esuk ki wis mesthi kudu werna-wernah luwih dhisik, endi kang kudu numpangke ceret, ngliwet, makani pitik, ngisi tlowah lan liya-liyane …”

“Lhainggih, Mbah. Pripun malih.”

“Pokoke kawit mbak ayumu raono telung taun kapungkur kae, apa-apa saiki dakgarap dhewe.” guneme Mbah Wongso karo ngetokake andhuk, kemul lan alat cukur listrike. Saben dina Mbah Wongso tansah ngganti andhuk lan kemul cukure, diwasuh genta-genti. Andhuk lan kemul kebak rentepan rambut cilik-cilik, krasa gatel nyocog kulit pating clekit menawa ora digenti saben dina.

“Ayo sapa dhisik antriane?” pitakone Mbah Wongso karo nyiapake kursi dhuwur kanggo lungguh pelanggane. Bocah enom iku maju.

“Dicukur modhel kepiye, Le?” pitakone Mbah Wongso marang pelanggan kapisan dina kuwi.

“Modhel tiga dua satu.”

Mbah Wongso cak cek tumadang gawe. Nyekel sirah lan miwiti nyukur miturut apa kang dadi panjalukke pelanggan. Enom tuwa, cilik gedhe kabeh dilayani kanthi ati seneng ora dibedak-bedakake.

***

Angin mangsa ketiga klisis-klisis ngeburake bledug-bledug garing saka plataran Pasar Manggen. Mbah Wongso leyeh-leyeh sawise maem awan. Sekesuk iki mau wus nyukur nem sirah. Akeh sithik pelanggan kang teka, kabeh disukuri.

“Sepi po Mbah?” dumadakan keprungu swara sora saka njaba, Mbah Wongso njenggelek tangi ngungak sapa kang teka.

“Pangling karo aku ora Mbah?” pitakone pawongan iku karo ngrokok kemelus.

“Kowe rak Parmin, anakke Kang Dul to?”

“Bener Mbah.”

“Menawa arep cukur, kowe kudu wisuh tangan nganggo sabun luwih dhisik. Terus nganggo masker. Menawa ora nganggo masker ngono kuwi, padha wae kowe arep nyilakani aku. Sapa ngerti kowe nggawa virus.” guneme Mbah Wongso.

“Halahhh…”

“Yen kowe ora gelem wisuh lan nganggo masker, aku emoh nyukur kowe. Kono gek ndang wisuh tangan. Yen kowe ora nggawa masker, mengko dakwenehi.” guneme Mbah Wongso. Nom-noman kang duwe jeneng Parmin kuwi metu wisuh karo nggrundhel.

“Wingi tutup to Mbah?” pitakone Parmin ngenggokake omongan sawise Mbah Wongso miwiti nyukur. Panjalukke Parmin dicukur cendhek kaya modhel tentara.

“Wingi aku tutup merga daktinggal njupuk BLT neng Kantor Pos.”

“Wahh!” Parmin njenggirat kaget krungu pocapane Mbah Wongso. “BLT?”

“Iya. Kui lho dhuwit bantuane pamarintah marang wong cilik merga mubale wabah Covid. Wingi aku tampa BLT cacahe nematus ewu.”

“Terus dhuwite dienggo apa Mbah?”

“Isih daksimpen nengomah, durung dakenggo apa-apa.”

“Nengomah?” bathuke Parmin njengkerut.

“E lhaa kok ora percaya. Isih wutuh daksimpen neng njero laci.”

Mripate Parmin mlayu ngiwa nengen, pikirane blayangan.

***

Swara kenthong saka cakruk pedhukuhan lamat-lamat keprungu kaping sewelas. Wayahe meh tengah wengi. Ing kebon, swara jangkrik saut-sautan mamerake kabisane gawe wirama. Mbah Wongso durung turu. Dhewekne isih ngrungokake giyaran wayang kulit karemane lumantar radhio.

“Klothak!” keprungu swara saka pawon. Mbokmenawa kucing anjlok saka ander omah utawa pring rubuh kesenggol tikus, ngono batine Mbah Wongso. Mbah Wongso rumangsa mbiyeyet ngantuk. Kayangapa kaget Mbah Wongso, dumadakan saka mburi awakke disikep. Gulune diagar-agari bendho kang mingis-mingis.

“Pilih nyawa apa bandha?”

“Eee…”

“Jawab!”

“Nyawa.” jawabe Mbah Wongso glagepen, dhadhane krasa seseg. Tenagane wong iku banget rosane. Bareng krungu pocapane Mbah Wongso, pawongan nyalawadi iku ngendhoni sikepane, Mbah Wongso ndheprok, samba ngulatake pawongan kang raine ditutup masker, isih karo ngagar-agarake bendho.

“Lungguh sing apik yen kepengin slamet.” pangancame. Pawongan iku banjur ngglidhahi laci meja. Ing njero laci ditemoake amplop putih isi dhuwit BLT kang isih wutuh.

“Awas, ora sah bengok-bengok!” pawongan iku banjur njranthal metu liwat pawon, nggegem amplop putih. Mbah Wongso kamitenggengen. Ora kepikiran arep nguyak utawa bengok-bengok supaya maling iku diuyak warga. Babar blas ora. Mbah Wongso mung bola-bali ngrapal dzikir atur panuwun marang Gusti Kang Akarya Jagad, isih diparingi keslametan.

 

Kahyangan, pungkasan Agustus 2020

 

 

***--------***

 

Sumarno, kelahiran Kulonprogo 15 April 1979. Penulis artikel, berita, profil, reportase dan esai sastra Jawa di media massa lokal. Bukunya yang pernah terbit Wesi Aji (antologi cerkak, 2016). Karyanya masuk di beberapa buku antologi diantaranya: Tiga Peluru (kumpulan cerpen, 2010), Cahyaning Jagad (antologi geguritan, 2014), Nyanyian Bukit Menoreh (antologi puisi, 2015), Gagaran Lampah (esai sastra Jawa, 2016), Ungak-Ungak (kumpulan cerkak, 2016), Tepung (antologi cerkak, 2017), Wulang Kumandhang (antologi cerkak, 2018), Sanja Wewira (antologi cerkak, 2019), Kedhung Ambabar Tama (antologi cerkak, 2020). Masuk tim penulis buku Disbud Kulonprogo, diantaranya Kesenian Unggulan Kulon Progo (2015), Ki Regut Widi Prayitno (2017), Dari Desa Menjadi Kota Sejarah Kota Wates (2018), Kulon Progo Mercusuar Nusantara, (2018), Makna Simbolik Upacara Adat Luwaran Tayub (2018), Naskah Lontar Jamus Kalimasada Koleksi Ki Darmogati (2018) dan Sejarah Perkebunan Teh (2019). Assisten Redaktur Majalah Sempulur Dinas Kebudayaan DIY ini tinggal Srikayangan Sentolo Kulonprogo.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

  K A R Y A     AHMAD MALIKI MASHAR     Suluh Penyuluh   Mulut berbisa mengurut luka Menepuk dada tersuruk bangga Berlulur s...