Pemberitahuan

Laman Sastra-Ku sedang dalam proses perbaikan, mohon maaf atas ketidaknyamanan yang ditimbulkan. Namun demikian, karya-karya tetap akan ditampilkan secara rutin.

Sabtu, 02 Oktober 2021

K A R Y A

MARJUDIN SUAEB

 

  

Mengko Bengi

 

Ananing raga diragadi

Ananing sukma diseksamani

Ananing roh suci disuceni

Ananing nyawa dijarwani

 

Takonana nyawa tut raga apa raga tut nyawa.

Genea dina kawuri

Tininggal bosok kinempit siti

Apa tenan nyawa

Aku sejati bakal pertanggungan maring Gusti

 

Hmm dak kira urip sejati kagungane rembulan lan srengenge

Kocapa saben angslup sore tata lambang gilir gumantining ngagesang

 

Wak awak sewu mumpung kita ikhtiyar setiari

Kanggo urip sejati

"mengko bengi"

 

Yk, 2021

 

Marjudin Suaeb, penyair senior Kulonprogo, alumni UNY (IKIP) Yogyakarta. Sempat berproses bersama para penyair Malioboro Yogya di sejak  1978-an. Menulis puisi dan geguritan. Buku puisi tunggalnya Teka-Teki Abadi (2021). Kini membina komunitas Sastra-Ku. Tinggal di Bumirejo Lendah Kulonprogo.

 

 ***----------***

 

 

D’ EROS SUDARJONO

 

 

Kembang Kembeng

 

Mung suwara angin

nyela godhong-godhong ringin

tanpa donga tanpa talqin

kabeh kapendhem njero batin

jiwa-jiwa kingkin

 

Ing papan kene

rasa seseg ampeg wis ora kaduwe

kamar sakit lan tangki hawa mung crita lungse

umeg rejane ndonya dadi alam seje

kagawa angslup srengenge

mecak dina miwiti lelakon anyar

langgeng ginelar

 

Lilakna

senajan lunga tanpa kairing kulawarga

aja padha kendhat ndedonga

tentrem lan katampa tumuju suwarga

jer kabeh titah mung saderma

ora bakal bisa selak lamun wis tekan titimangsa

 

Kembang-kembang kembeng

pathok-pathok meneng

raga-raga anteng

 

Jombang, 26 Juli 2021

 

D' Eros Sudarjono, lahir di Jombang 1970. Jebolan Fak. Bahasa & Sastra Inggris, selain menulis gurit dan puisi juga melukis (sketsa). Sejumlah karyanya dalam bahasa Jawa dan Indonesia telah dimuat di puluhan buku antologi bersama. Tinggal di Jombang Jawa Timur.

 

***----------***

 

 

SARDONO SYARIEF

 

 

Makarya

 

Kanca!

Mangga senaosa gigir geseng

Kebakar bagaskara

Sampun ngantos kita nggresula makarya

Sedaya kagem ngupados

Sekedhik upa, bandha, saha  dunya

Saking pandume ingkang maha kuwasa...

 

Paninggaran-Pekalongan, 2021

  

Sardono Syarief, lahir di Sragi Pekalongan, Jawa Tengah. Selain mengajar di SD Negeri 01 Domiyang Kecamatan Paninggaran Kabupaten Pekalongan, ia juga sering menulis prosa dan puisi di sejumlah media cetak lokal dan nasional. Bagi yang berminat mengenal lebih jauh bisa menghubungi nomor : 0852 2625 2146 utau email: esdeensyarief583@gmail.com

 

***----------***

 

 

ERNA DWI ASTUTI

 

 

Dhalang

 

Lakumu kanthi lakon

Bebed surjan keris lan blangkon

Lungguh sila lumaksana tapa

Ngrakit basa nganggit carita

Sanepaning jalma marcapada

Sumunaring cahya blencong

Ngegla katon manthorong

Njantur pinangka pitutur

Suluk kebak piwulang wuruk

Dhalang....

Datan gingsir owahe jaman

Krenteg ati memetri kabudayan

Senajan sliramu lumebet bawana

Asmamu lestari arum ngrembaka

 

Banjarsari, 2021

 


Erna Dwi Astuti, seorang ibu rumah tangga yang menyenangi dunia tulis-menulis. Tulisannya, terutama geguritan telah dimuat di sejumlah media.  Tinggal di Banjarsari Samigaluh Kulonprogo.

 ***----------***

 

 

KEMAT MARTOIRONO

 

 

Gurit Awan

 

Nalika panas

Hawane sumuk

Pengin sik seger

Dudu omben-omben dudu buah-buahan

 

Nanging kang bisa nyegerake awak lan pikiran

Dudu sembarang pangan lan minuman

Nanging bisa nuwuhake daya sakabehing wiji kang tumiba ing bantala

 

Bisa dadi panguripaning sakabehing manungsa

Sato kewan kang kumethip

Dudu kaya komunis kang kejem nyebar pati mring sasama..

 

Lamun satriya

Ambyur segara  tan culika

Mburu iwak kang tanpa alat

Mburu ngilmu tanpa sangu

Hamung sucining ati kang den udi

Lair tumusing batin

Uga tanpa melik kang ndhelik ing atining manungsa.

 

30 Sept 2021

 

Kemat Martoirono,  jebolan IAIN Sunan Kalijaga Yogyakarta. Pelaku dan pegiat seni-budaya. Tulisannya tersiar di beberapa media dan buku antologi bersama, diantaranya: Kluwung Lukisan Maha Cahaya (komunitas Sastra-Ku, 2020) dan Duhkita (komunitas Sastra-Ku, 2021). Tinggal di Lendah Kulonprogo.

 

 

***----------***

Sabtu, 25 September 2021

K A R Y A

 

LAMARAN

Dening: Wijaya Heru Santosa

 

Pak Amir dheleg-dheleg. Maune atine isis kaya kesembur angin nalika anake wedok arep dilamar dening  nom-noman bagus gagah sing jenenge Rudi, nyambut gawe dadi Pimpinan Cabang Bank Wahana. Anake wedok Pak Amir jenenge Anissa, wis suwe anggone sesambungan katresnan wiwit kuliah. Pak Amir sejatine iya seneng marang Rudi, kejaba bocahe sopan santun uga pinter, sumeh, lan enthengan. Atine Anissa dhewe ketoke ya uwis mantep marang Rudi. Dheweke ora menga-mengo marang godhane priya liya.

Seminggu kepungkur, Lik Surti, adhine Pak Amir ngomong bab sing ana sesambungan karo keluargane Rudi.

“Rudi kae turune wong PKI lho Kang, ngati-ati yen arep ngepek mantu. Apa maneh kae anake Pak Karman. Putune Joyo Parman. Gembong PKI.”

Mak dher, dhadhane Pak Amir gemledhek nalika oleh info saka Lik Surti. Joyo Parman kuwi tokoh PKI sing uwis tau  nggerakke massa nyeret  Haji Lukman, bapake Pak Amir, malah Haji Lukman digebuki kaya maling nganti mati. Ngelingi kedadeyan puluhan tahun kepungkur, atine Pak Amir muntap. Dheweke gething banget marang tembung kang magepokan karo komunisme. Dheweke nganggep menawa komunisme kuwi atheis, kafir, lan ora nduwe rasa kamanungsan. Ndilalah  anake wedok sesambungan katresnan karo turune wong PKI.

Nalika Anissa arep mangkat nyambut gawe, Pak Amir ngongkon linggih. Anissa krasa menawa bapake nduwe panguneg-uneg sing ora penak.

“Ndhuk, kowe apa wis mantep karo  Rudi?”

“Njih Pak, kula pun sami prasetya badhe sehidup semati.”

“Oalah Ndhuk, jebule Rudi kuwi anak turun mungsuh keluargane dhewe.”

“Lho, bapak kok saged ngendika ngoten?”

“Lha iyo, jarene Lik Surti, Rudi kuwi anake Pak Karman. Pak Karman kuwi anake Joyo Parman, tokoh PKI sing wis tahu mateni Mbahmu.”

Anissa pancen yo wis tau krungu crita menawa mbah kakunge mati taun sewidak lima diprejaya uwong. Mbanjur wong-wong sing mrejaya mau mlayu mergo dioyak-oyak massa antikomunis. Nanging ora tau  mbayangke babar blas yen sing mateni mbah kakunge kuwi mbah kakunge Rudi, priya sing ditresnani sehidup semati. Ngertine Anissa, Rudi kuwi anake Pak Karman pengusaha sukses sing lagi pindhah omah saka Jakarta. Saiki manggon neng Kutoarjo. Nyedhaki omah maratuwane kang manggon ing Kecamatan Butuh.

“Lho, Pak, Mas Rudi niku putrane pengusaha pindhahan saking Jakarta. Mosok ditudhuh tiyang Kartasura PKI.”

“Ngono yo Ndhuk. Jare Lik Surti, Rudi kuwi anake Karman. Mbiyen manggon neng Desa Kertonatan kulon Kartasura kana. Dheweke kuwi Ketua Pemuda Rakyat, Bapake jenenge Joyo Parman, Gembong PKI Banyudono. Yo wong-wong kuwi sing mrejaya mbahmu kakung. Mbah Kaji Lukman.”

“Napa enggih Pak. Kok ketingale Pak Karman kaliyan Mas Rudi niku tiyang takwa. Manggone mawon ten Kutoarjo. Malah gadhah musholla”

“Yen ora ngandel takokna Lik Surti.”

“Bapak kok pitados kalih Lik Surti.”

“Adike ipe Lik Surti kuwi manggon neng Senepo Kutoarjo. Tanggane Karman. Dheweke crita marang Lik Surti, yen  Karman  tapol Pemuda Rakyat saiki mulya uripe, sakploke merantau neng Jakarta. Malahan jare anake arep nglamar  Anissa, ya kowe kuwi”

Anissa mak plenggong mbareng dicitrani bapake. Dheweke niliki jam tangane. Atine rasane ora karu-karuan. Nanging dheweke terus pamitan marang bapake. Anissa arep mangkat nyambut gawe sing wis telat 20 menit. Kamangka lakune saka Kartasura menyang Gendhengan Solo saiki kerep macet jalaran kebak kendharaan. Pak Amir tambah gregeten nyawang Anissa ora njawab langsung pamit nyambut gawe.

Pak Amir kelingan maneh marang omongane Lik Surti sing mangah-mangah kaya geni kena angin, ”Kowe apa ora isin Kang yen sanyatane mantumu kuwi turune wong PKI. Mungsuh bebuyutan keluargane dhewe. Malah mungsuhe bangsa Indonesia.”

Lik Surti unjal ambegan terus ngombe wedang putihan. “Apa maneh  Karman sing PKI kuwi saiki sugih banget. Apa kowe ora mangkel. Malah rekane munggah kaji ping pindho barang. Kanggo mbuwang tilas,  kurban sapi loro barang. Coba pikiren. Awake dhewe sing turun kaji wae durung isa melu kurban. Apa maneh munggah kaji?”

Tenan, sore  kuwi keluargane Rudi telpon marang Anissa menawa dina Minggu sesuk arep nglamar Anissa. Bubar nampa telpun, Anissa langsung ngadhep bapake, ngandhakake rencana keluargane Rudi.

“Nanging wong-wong kuwi mungsuhe keluargamu lho, Ndhuk. Piye Bu yen kedadeyan ngene iki?” celathune Pak Amir.

“Pancen wong kuwi yen mung ngendelke emosi, enenge mung dhendham Pak. Apa maneh Bapak wis dikompori karo Lik Surti.”

“Surti kuwi ora ngompori, Mung ngandhakke apa enenge. Coba Bu, rasakna. Piye yen sing dipateni kuwi bapakmu. Apa ora dhendham. Apa maneh sing mateni bapakmu kuwi saiki sugih mblegedhu. Malah wis munggah kaji ping pindho. Coba? Kamangka awake dhewe kang turun kaji wae ora duwe apa-apa.”

“Oo, Bapak jebul ora mung dhendham, nanging uga meri. Apa salah Pak yen wong kuwi mertobat, mempeng nyambut gawe banjur bisa sugih, bisa kurban bisa munggah kaji. Kudune, kita mawas dhiri Pak, ngapa turun kaji kok durung bisa munggah kaji?”

“Inggih Pak, wonten menapa urusan simbah-simbah ingkang sampun seda kok tasih dipunbeta anak turunipun. Kamangka tresna kula kaliyan Mas Rudi mboten saget diijoli menapa kemawon Pak.”

“Bapak ya kudu eling manawa wong kuwi ora kena ngina wong liya. Aja-aja kang diina kuwi jebule malah luwih apik timbang kang ngina.”

“Nanging Karman anake Joyo Parman kuwi rak maune wong elek to Bu.”

“Bapak kelingan critane Umar Bin Khatab apa ora? Umar kuwi mbiyene wong kafir. Mungsuh bebuyutan Kanjeng Nabi, nanging pungkasane dadi sahabate Kanjeng Nabi.”

“Apa awake dhewe ora isin Bu karo tangga-tangga. Mbiyen keluargane dhewe kuwi mungsuh wong PKI kok saiki malah arep besanan.”

“Zamane saiki wis beda Pak. Masarakat saiki mbiji wong ora saka politik, nanging saka takwane, saka tingkah lakune.”

Ibune Anissa nuduhke photon anak-anake Lik Surti sing nemplek ana pojokan.

“Kae pirsanana Pak, Surti kuwi rak duwe anak prawan lima, dho rung payu rabi. Bisa uga Surti kuwi meri marang anake dhewe kang sedya dilamar Rudi. Dadi aja mung percaya karo omongane Surti Pak.”

Pak Amir nyawang dalan sing ketok saka cendela kaca. Dalan kang maune mbledug, panas, saiki mleret dadi edhum ketutup mendhung. Angin sore sumribit seger nlusup krepyak cendhela kaca. Semono uga atine Pak Amir krasa anyep krungu celathune Bu Amir. Sisihan kang wus ngancani bebrayan dheweke selawe taun lawase, tansaya katon sabar, takwa lan wicaksana.

“Ya wis Bu, Ndhuk Anissa. Sesuk Bapak tampa lamarane Rudi.”

“Saestu Pak?”

“Iya, Ndhuk”.

“Alhamdulillah…” 

Gerimis rintik-rintik ngilangke bledug-bledug ing plataran lan dalan ngarep omahe Pak Amir. Udan kuwi mau uga ngilangake reridhu keluargane Pak Amir.

Kutoarjo, 1 Januari 2021


Dr. H. Wijaya Heru Santosa M.Pd, adalah dosen Pendidikan Bahasa dan Sastra di FKIP Universitas Sarjanawiyata Tamansiswa Yogyakarta. Banyak menulis sastra Jawa. Tinggal di  Senepo Timur RT 2 RW 1 Kutoarjo Jawa Tengah 54212

***----------***


Minggu, 19 September 2021

K A R Y A

 

MARJUDIN SUAEB

 

Sepi Bunga

 

 

Adakah kiranya aku kembang membunga

tepat saat sepi menyapa.

 

Kerna aku hanya bunga.

Menjadi atau layu tak kuasa aku

menolak perlakuan itu.

 

Setidaknya, jika tak wangi  liriklah.

Jika tak jadi kenang di potret dalam hati

 

Barangkali kelak bakal menjemput sepi

Dan lalu ada sekilas jalan

seburtir masalah yang menyisipi.

 

Yk, 2021

 

 

Marjudin Suaeb, penyair senior Kulonprogo, alumni UNY (IKIP) Yogyakarta. Sempat berproses bersama para penyair Malioboro Yogya di sejak  1978-an dan sering baca puisi dari kampus ke kampus dan dari kota ke kota.  Buku puisi tunggalnya Teka-Teki Abadi (2021). Kini membina komunitas Sastra-Ku. Tinggal di Bumirejo Lendah Kulonprogo.

 

***----------***

 

 

 

TRI WAHYUNI

 

 

 

Bukan Rongsokan

 

Makin banyak saja pinokio pembohong

dengan syair perubahan menyedihkan

dan suara tangisan

 

Dunia ini panggung memprihatinkan

hampir saja menuju pintu neraka

dan manusia semakin sulit dipahami, katamu

sebab memang sejatinya pengkhianat

diasuh bumi tak mau balas budi

 

Meski Lil Dicky sudah bernyanyi keras

We love the earth

It is our planet

We love the earth

It is our home

 

Tapi tetap saja

matahari datang menyapa

manusia merusak

dan alam mengekspresikan sakit

 

Bumi ini sudah tua

tapi masih saja dibiarkan mengemis

“Bolehkah kalian mengasihani diriku?

Jangan biarkan aku seperti barang rongsokan

tanpa arti”

 

Kulon Progo, 2021

 

 

Tri Wahyuni, mahasiswai UNY Yogyakarta, sekretaris komunitas Sastra-Ku. Menulis puisi sejak SMA, belakangan juga menulis geguritan. Menjuarai berbagai event lomba cipta dan baca puisi. Buku puisi tunggalnya: Hujan Merindu, Sajak Cerita Senja, dan Berlutut di Bawah Kaki Purnama. Karyanya juga tersiar di beberapa buku antologi bersama.

 

 

***----------***

 

 

 

AMBAR SETYAWATI

 

 

Pekat Jiwa

 

Terjaga di pekat malam

Hingga kokok ayam

meneriakkan hari baru

Bulir cahaya merambat pelan

Memberi isyarat akan datang pagi

Mengabarkan hari telah berganti

Rebahku usai sudah

 

Masih ingin terbaring

Masih memeluk lelap

Masih merindukan rahmat kantukMu

untuk menyempurnakan rebah

hingga aku tak cemas menjalani hari

yang bermain di kelopak mata begitu sarat

beban berat bertengger di pundak

 

Ada sesuatu yang hendak Kau sampaikan

Aku terlalu bebal memahami

Tak jua kusentuh air wudhu itu

Tak kurengkuh jua sajadah tengah malam itu..

Dia menungguku..

Air itu merindukan usapan jemariku

Sajadah itu menangis menanti hadirku di sana

 

Cahaya terang samar mengintip

Menguliti legam sang malam

 yang tak sudi lagi menyelimuti bumi..

Iblis terus menahanku..

Memeluk erat bantal hangat

tempat bersandar letih itu.

 

Nyaman mengikuti setiap bisikannya

Meski bisikan itu hendak menjauhkanku dari kemuliaan

Aku tahu pasti rayuannya akan berakhir

dengan gelak tawa yang jauh dari kasih sayang.

Penuh seringai menyala kejam.

 

Tidak..

Kali ini biar aku yang menang.

 

Samigaluh, 4 Agustus 2021

 

 

Ambar Setyawati, lahir di Jakarta, 17 Oktober 1973. Lulusan Sastra Arab Fakultas Sastra UI Jakarta (1995) dan Pendidikan Bahasa Inggris UT Jakarta (2001). Puisinya masuk di beberapa buku antologi bersama. Bendahara komunitas Sastra-Ku ini tinggal di Samigaluh Kulonprogo.

 

***----------***

 

 

 

EW SUPRIHATIN

 

 

 

Tanpamu

 

 

Gegara kamu aku jadi luka

Ambisimu terlalu menggelora

Hingga lupa siapa yang harusnya kau jaga

Saatnya tiba kau biarkan semuanya mati sia-sia

 

Andai memang ini yang kau inginkan

Akupun demikian

Namun  pikiran selalu terbayang

Elang saja selalu rindu untuk pulang

 

Meski miskin makna

Ada ajar setelah  cerita

Tuhan pula tunjukkan kuasanya

Tanpamu nyata jadi lebih bisa

 

 

Omah Iwak,27 april 2021

 

 

EW Suprihatin, lahir di Sleman 15 April 1979. Pustakawan di Dinas Perpustakaan dan Kearsipan Kulonprogo ini aktif di kegiatan pengembangan literasi, juga masih merawat hobinya membaca dan menulis. Sejumlah karyanya masuk di buku antologi bersama: Kluwung Lukisan Maha Cahaya (2020) dan Duhklita (2021).


***----------***

 

 

========

Sebagai ruang persemaian, edisi kali ini laman Sastra-Ku juga memuat puisi karya peserta bimtek cipta puisi yang diselenggarakan Dinas Kebudayaan Kabupaten Kulonprogo pada bulan Maret lalu dan kiriman siswa lainnya.

========

 

AGUSTINA PRATAMA PUTRI

 

Lestari

 

"Bu, rasanya kita tak lagi

bisa panjang hayatnya"

 

Inggit, anakku

tiga belas tahun

Di suatu sore,

kala angkasa menjamu senja

Sehadap dengan sendok dan piring

yang penuh gagasan gila

 

"Kamu simpulkan dari mana itu, Nak?"

 

Ia tak lagi berkutik

Sibuk melahap isi kepala

Yang dirasa penuh kehati-hatian

 

"Kita tak lagi lestari. Alam pelan-pelan mati.

Hidup dalam tragedi, tapi semua tak sadari"

 

Ia kandas, habis akalnya merengkuh bumi

 

"Bu, aku ingin kau dan aku

bernapas panjang"

 


Agustina Pratama Putri
, sekarang duduk di kelas 11 SMAN 1 Girimulyo.  Tinggal di Tegalsari, Purwosari, Girimulyo, Kulon Progo.

 

 

***----------***

Terbaru

Karya Edisi 12 / 25 - 3