LAMARAN
Dening: Wijaya Heru Santosa
Pak Amir
dheleg-dheleg. Maune atine isis kaya kesembur angin nalika anake wedok arep
dilamar dening nom-noman bagus gagah
sing jenenge Rudi, nyambut gawe dadi Pimpinan Cabang Bank Wahana. Anake wedok
Pak Amir jenenge Anissa, wis suwe anggone sesambungan katresnan wiwit kuliah.
Pak Amir sejatine iya seneng marang Rudi, kejaba bocahe sopan santun uga
pinter, sumeh, lan enthengan. Atine Anissa dhewe ketoke ya uwis mantep marang
Rudi. Dheweke ora menga-mengo marang godhane priya liya.
Seminggu kepungkur, Lik Surti, adhine
Pak Amir ngomong bab sing ana sesambungan karo keluargane Rudi.
“Rudi kae
turune wong PKI lho Kang, ngati-ati yen arep ngepek mantu. Apa maneh kae anake
Pak Karman. Putune Joyo Parman. Gembong PKI.”
Mak dher,
dhadhane Pak Amir gemledhek nalika oleh info saka Lik Surti. Joyo Parman kuwi
tokoh PKI sing uwis tau nggerakke massa
nyeret Haji Lukman, bapake Pak Amir,
malah Haji Lukman digebuki kaya maling nganti mati. Ngelingi kedadeyan puluhan
tahun kepungkur, atine Pak Amir muntap. Dheweke gething banget marang tembung
kang magepokan karo komunisme. Dheweke nganggep menawa komunisme kuwi atheis,
kafir, lan ora nduwe rasa kamanungsan. Ndilalah
anake wedok sesambungan katresnan karo turune wong PKI.
Nalika Anissa
arep mangkat nyambut gawe, Pak Amir ngongkon linggih. Anissa krasa menawa
bapake nduwe panguneg-uneg sing ora penak.
“Ndhuk, kowe
apa wis mantep karo Rudi?”
“Njih Pak,
kula pun sami prasetya badhe sehidup semati.”
“Oalah Ndhuk,
jebule Rudi kuwi anak turun mungsuh keluargane dhewe.”
“Lho, bapak
kok saged ngendika ngoten?”
“Lha iyo,
jarene Lik Surti, Rudi kuwi anake Pak Karman. Pak Karman kuwi anake Joyo
Parman, tokoh PKI sing wis tahu mateni Mbahmu.”
Anissa pancen
yo wis tau krungu crita menawa mbah kakunge mati taun sewidak lima diprejaya
uwong. Mbanjur wong-wong sing mrejaya mau mlayu mergo dioyak-oyak massa
antikomunis. Nanging ora tau mbayangke
babar blas yen sing mateni mbah kakunge kuwi mbah kakunge Rudi, priya sing
ditresnani sehidup semati. Ngertine Anissa, Rudi kuwi anake Pak Karman
pengusaha sukses sing lagi pindhah omah saka Jakarta. Saiki manggon neng
Kutoarjo. Nyedhaki omah maratuwane kang manggon ing Kecamatan Butuh.
“Lho, Pak,
Mas Rudi niku putrane pengusaha pindhahan saking Jakarta. Mosok ditudhuh tiyang
Kartasura PKI.”
“Ngono yo
Ndhuk. Jare Lik Surti, Rudi kuwi anake Karman. Mbiyen manggon neng Desa
Kertonatan kulon Kartasura kana. Dheweke kuwi Ketua Pemuda Rakyat, Bapake
jenenge Joyo Parman, Gembong PKI Banyudono. Yo wong-wong kuwi sing mrejaya
mbahmu kakung. Mbah Kaji Lukman.”
“Napa enggih
Pak. Kok ketingale Pak Karman kaliyan Mas Rudi niku tiyang takwa. Manggone
mawon ten Kutoarjo. Malah gadhah musholla”
“Yen ora
ngandel takokna Lik Surti.”
“Bapak kok pitados
kalih Lik Surti.”
“Adike ipe
Lik Surti kuwi manggon neng Senepo Kutoarjo. Tanggane Karman. Dheweke crita
marang Lik Surti, yen Karman tapol Pemuda Rakyat saiki mulya uripe,
sakploke merantau neng Jakarta. Malahan jare anake arep nglamar Anissa, ya kowe kuwi”
Anissa mak
plenggong mbareng dicitrani bapake. Dheweke niliki jam tangane. Atine rasane
ora karu-karuan. Nanging dheweke terus pamitan marang bapake. Anissa arep
mangkat nyambut gawe sing wis telat 20 menit. Kamangka lakune saka Kartasura
menyang Gendhengan Solo saiki kerep macet jalaran kebak kendharaan. Pak Amir
tambah gregeten nyawang Anissa ora njawab langsung pamit nyambut gawe.
Pak Amir
kelingan maneh marang omongane Lik Surti sing mangah-mangah kaya geni kena
angin, ”Kowe apa ora isin Kang yen sanyatane mantumu kuwi turune wong PKI.
Mungsuh bebuyutan keluargane dhewe. Malah mungsuhe bangsa Indonesia.”
Lik Surti
unjal ambegan terus ngombe wedang putihan. “Apa maneh Karman sing PKI kuwi saiki sugih banget. Apa
kowe ora mangkel. Malah rekane munggah kaji ping pindho barang. Kanggo mbuwang
tilas, kurban sapi loro barang. Coba
pikiren. Awake dhewe sing turun kaji wae durung isa melu kurban. Apa maneh
munggah kaji?”
Tenan,
sore kuwi keluargane Rudi telpon marang
Anissa menawa dina Minggu sesuk arep nglamar Anissa. Bubar nampa telpun, Anissa
langsung ngadhep bapake, ngandhakake rencana keluargane Rudi.
“Nanging
wong-wong kuwi mungsuhe keluargamu lho, Ndhuk. Piye Bu yen kedadeyan ngene
iki?” celathune Pak Amir.
“Pancen wong
kuwi yen mung ngendelke emosi, enenge mung dhendham Pak. Apa maneh Bapak wis
dikompori karo Lik Surti.”
“Surti kuwi
ora ngompori, Mung ngandhakke apa enenge. Coba Bu, rasakna. Piye yen sing
dipateni kuwi bapakmu. Apa ora dhendham. Apa maneh sing mateni bapakmu kuwi
saiki sugih mblegedhu. Malah wis munggah kaji ping pindho. Coba? Kamangka awake
dhewe kang turun kaji wae ora duwe apa-apa.”
“Oo, Bapak
jebul ora mung dhendham, nanging uga meri. Apa salah Pak yen wong kuwi
mertobat, mempeng nyambut gawe banjur bisa sugih, bisa kurban bisa munggah
kaji. Kudune, kita mawas dhiri Pak, ngapa turun kaji kok durung bisa munggah
kaji?”
“Inggih Pak,
wonten menapa urusan simbah-simbah ingkang sampun seda kok tasih dipunbeta anak
turunipun. Kamangka tresna kula kaliyan Mas Rudi mboten saget diijoli menapa
kemawon Pak.”
“Bapak ya
kudu eling manawa wong kuwi ora kena ngina wong liya. Aja-aja kang diina kuwi
jebule malah luwih apik timbang kang ngina.”
“Nanging
Karman anake Joyo Parman kuwi rak maune wong elek to Bu.”
“Bapak
kelingan critane Umar Bin Khatab apa ora? Umar kuwi mbiyene wong kafir. Mungsuh
bebuyutan Kanjeng Nabi, nanging pungkasane dadi sahabate Kanjeng Nabi.”
“Apa awake
dhewe ora isin Bu karo tangga-tangga. Mbiyen keluargane dhewe kuwi mungsuh wong
PKI kok saiki malah arep besanan.”
“Zamane saiki
wis beda Pak. Masarakat saiki mbiji wong ora saka politik, nanging saka
takwane, saka tingkah lakune.”
Ibune Anissa
nuduhke photon anak-anake Lik Surti sing nemplek ana pojokan.
“Kae
pirsanana Pak, Surti kuwi rak duwe anak prawan lima, dho rung payu rabi. Bisa
uga Surti kuwi meri marang anake dhewe kang sedya dilamar Rudi. Dadi aja mung
percaya karo omongane Surti Pak.”
Pak Amir
nyawang dalan sing ketok saka cendela kaca. Dalan kang maune mbledug, panas,
saiki mleret dadi edhum ketutup mendhung. Angin sore sumribit seger nlusup
krepyak cendhela kaca. Semono uga atine Pak Amir krasa anyep krungu celathune
Bu Amir. Sisihan kang wus ngancani bebrayan dheweke selawe taun lawase, tansaya
katon sabar, takwa lan wicaksana.
“Ya wis Bu,
Ndhuk Anissa. Sesuk Bapak tampa lamarane Rudi.”
“Saestu Pak?”
“Iya, Ndhuk”.
“Alhamdulillah…”
Gerimis
rintik-rintik ngilangke bledug-bledug ing plataran lan dalan ngarep omahe Pak
Amir. Udan kuwi mau uga ngilangake reridhu keluargane Pak Amir.
Kutoarjo, 1 Januari 2021
Dr. H. Wijaya Heru Santosa M.Pd, adalah dosen Pendidikan Bahasa dan Sastra di FKIP
Universitas Sarjanawiyata Tamansiswa Yogyakarta. Banyak menulis
sastra Jawa. Tinggal di Senepo Timur RT
2 RW 1 Kutoarjo Jawa Tengah 54212
***----------***
Tidak ada komentar:
Posting Komentar