Sabtu, 02 Oktober 2021

K A R Y A

MARJUDIN SUAEB

 

  

Mengko Bengi

 

Ananing raga diragadi

Ananing sukma diseksamani

Ananing roh suci disuceni

Ananing nyawa dijarwani

 

Takonana nyawa tut raga apa raga tut nyawa.

Genea dina kawuri

Tininggal bosok kinempit siti

Apa tenan nyawa

Aku sejati bakal pertanggungan maring Gusti

 

Hmm dak kira urip sejati kagungane rembulan lan srengenge

Kocapa saben angslup sore tata lambang gilir gumantining ngagesang

 

Wak awak sewu mumpung kita ikhtiyar setiari

Kanggo urip sejati

"mengko bengi"

 

Yk, 2021

 

Marjudin Suaeb, penyair senior Kulonprogo, alumni UNY (IKIP) Yogyakarta. Sempat berproses bersama para penyair Malioboro Yogya di sejak  1978-an. Menulis puisi dan geguritan. Buku puisi tunggalnya Teka-Teki Abadi (2021). Kini membina komunitas Sastra-Ku. Tinggal di Bumirejo Lendah Kulonprogo.

 

 ***----------***

 

 

D’ EROS SUDARJONO

 

 

Kembang Kembeng

 

Mung suwara angin

nyela godhong-godhong ringin

tanpa donga tanpa talqin

kabeh kapendhem njero batin

jiwa-jiwa kingkin

 

Ing papan kene

rasa seseg ampeg wis ora kaduwe

kamar sakit lan tangki hawa mung crita lungse

umeg rejane ndonya dadi alam seje

kagawa angslup srengenge

mecak dina miwiti lelakon anyar

langgeng ginelar

 

Lilakna

senajan lunga tanpa kairing kulawarga

aja padha kendhat ndedonga

tentrem lan katampa tumuju suwarga

jer kabeh titah mung saderma

ora bakal bisa selak lamun wis tekan titimangsa

 

Kembang-kembang kembeng

pathok-pathok meneng

raga-raga anteng

 

Jombang, 26 Juli 2021

 

D' Eros Sudarjono, lahir di Jombang 1970. Jebolan Fak. Bahasa & Sastra Inggris, selain menulis gurit dan puisi juga melukis (sketsa). Sejumlah karyanya dalam bahasa Jawa dan Indonesia telah dimuat di puluhan buku antologi bersama. Tinggal di Jombang Jawa Timur.

 

***----------***

 

 

SARDONO SYARIEF

 

 

Makarya

 

Kanca!

Mangga senaosa gigir geseng

Kebakar bagaskara

Sampun ngantos kita nggresula makarya

Sedaya kagem ngupados

Sekedhik upa, bandha, saha  dunya

Saking pandume ingkang maha kuwasa...

 

Paninggaran-Pekalongan, 2021

  

Sardono Syarief, lahir di Sragi Pekalongan, Jawa Tengah. Selain mengajar di SD Negeri 01 Domiyang Kecamatan Paninggaran Kabupaten Pekalongan, ia juga sering menulis prosa dan puisi di sejumlah media cetak lokal dan nasional. Bagi yang berminat mengenal lebih jauh bisa menghubungi nomor : 0852 2625 2146 utau email: esdeensyarief583@gmail.com

 

***----------***

 

 

ERNA DWI ASTUTI

 

 

Dhalang

 

Lakumu kanthi lakon

Bebed surjan keris lan blangkon

Lungguh sila lumaksana tapa

Ngrakit basa nganggit carita

Sanepaning jalma marcapada

Sumunaring cahya blencong

Ngegla katon manthorong

Njantur pinangka pitutur

Suluk kebak piwulang wuruk

Dhalang....

Datan gingsir owahe jaman

Krenteg ati memetri kabudayan

Senajan sliramu lumebet bawana

Asmamu lestari arum ngrembaka

 

Banjarsari, 2021

 


Erna Dwi Astuti, seorang ibu rumah tangga yang menyenangi dunia tulis-menulis. Tulisannya, terutama geguritan telah dimuat di sejumlah media.  Tinggal di Banjarsari Samigaluh Kulonprogo.

 ***----------***

 

 

KEMAT MARTOIRONO

 

 

Gurit Awan

 

Nalika panas

Hawane sumuk

Pengin sik seger

Dudu omben-omben dudu buah-buahan

 

Nanging kang bisa nyegerake awak lan pikiran

Dudu sembarang pangan lan minuman

Nanging bisa nuwuhake daya sakabehing wiji kang tumiba ing bantala

 

Bisa dadi panguripaning sakabehing manungsa

Sato kewan kang kumethip

Dudu kaya komunis kang kejem nyebar pati mring sasama..

 

Lamun satriya

Ambyur segara  tan culika

Mburu iwak kang tanpa alat

Mburu ngilmu tanpa sangu

Hamung sucining ati kang den udi

Lair tumusing batin

Uga tanpa melik kang ndhelik ing atining manungsa.

 

30 Sept 2021

 

Kemat Martoirono,  jebolan IAIN Sunan Kalijaga Yogyakarta. Pelaku dan pegiat seni-budaya. Tulisannya tersiar di beberapa media dan buku antologi bersama, diantaranya: Kluwung Lukisan Maha Cahaya (komunitas Sastra-Ku, 2020) dan Duhkita (komunitas Sastra-Ku, 2021). Tinggal di Lendah Kulonprogo.

 

 

***----------***

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

  K A R Y A     AHMAD MALIKI MASHAR     Suluh Penyuluh   Mulut berbisa mengurut luka Menepuk dada tersuruk bangga Berlulur s...