JENK ROSE
PIWELINGE SIMBOK
(Kanggo
anakku Risti)
.
Lumakuning wektu tan bisa katraju
Kaya-kaya nembe wingi
Awakmu dakemban dakkudang
Dakgedhong dakgendhong
Rina wengi tansah dakkidungake
Ora liya ya
mung kidung kang kebak panuwun
Tanganmu dakkanthi
Tumuju ing bangku pasinaon
Lumaku sapecak, satindak
Anggonmu jumangkah alon-alon satemah kelakon
Teteken tekun murih tekan lan katekanan
Ora krasa saiki wus ngakhir dewasa
Wis kudu pisah marang wong atuwa
Awit dhawahing kodrat purbaning jagat
Sliramu wus nemu kang dadi gantilaning atimu
Mung siji piwelingku ya Ndhuk…
Sing gemi, setiti lan ngati-ati
Eling lan waspada tansah kougemi
Sineksenan kadang rowang mitra karuh
Kang wus ngesokake tandha tresnane marang sira ta Ndhuk
Poma dipoma muga tansah eling kang dadi piwelingku
Gisiking Progo, Sukra Kasih 23 Mei 2025
***
SEBA
Tinengeran
surya 1 Suro dhawah dinten sukra kasih
Lumebet 1959 Dal
warsa Jawa
Ambuka
wawaring rasa
Kang
kinandhut ing raga sejati
Estining
manah ngadhep mring Gusti
Gya
andheku amari kelu
Raga
anglumpruk tanpa daya
Sejatine
uripku durung bisa netepi dhawuh
Kepara
nerak paugeran Nira
Ginubel
rasa kebak luput lan dosa
Suksma
iki ngulambara goleki pepadhang
Bener
luput susah seneng
Kanyata
bali ana ing pribadi
Kabeh
dumunung ana ing ati
Gumantung
anggone metani
Bisa
mulat sarira hangrasa wani
Satemah
bisa mangerteni
Dununging
kawula kang kudu kumawula
Gisiking
Progo, 27 Juni 2025
Jenk Rose adalah nama pena dari Rusmiyati, S.Pd., lahir di Kulon Progo pada 2 Mei 1977, Tinggal di Kutan Brosot. Ia adalah sosok pendidik yang penuh semangat dan berdedikasi di SD Negeri 2 Pandowan. Kecintaannya pada dunia pendidikan dipadukan dengan minat mendalam terhadap seni dan sastra Jawa, yang sering ia integrasikan dalam kegiatan belajar untuk menumbuhkan rasa cinta budaya pada peserta didik.Selain aktif dalam berbagai organisasi perempuan, Bu Rusmiyati juga dikenal sebagai guru yang terbuka, mudah bergaul, dan senantiasa berusaha memberikan teladan melalui ketulusan dan kerja kerasnya. Prinsip hidupnya, “Ajur ajer nggayuh kamulyaning Gusti,” menjadi pegangan dalam setiap langkah dan pengabdiannya sebagai pendidik. Geguritannya masuk di buku Kluwung Lukisan Maha Cahaya (Antologi Puisi dan Prosa Komunitas Sastra-Ku, 2020) dan Duhkita (Komunitas Sastra-Ku, 2021).

Tidak ada komentar:
Posting Komentar