Pemberitahuan

Laman Sastra-Ku sedang dalam proses perbaikan, mohon maaf atas ketidaknyamanan yang ditimbulkan. Namun demikian, karya-karya tetap akan ditampilkan secara rutin.

Jumat, 03 Oktober 2025

Karya Edisi 10/25-1

 SUGIYARTI, S.Pd  

                                                                                                                                                                                                             

 Glebyar Danais Dhek Wingi

 

Kulon ana lakon

Wetan ana jathilan

Kidul reyog badindul

Sisih lor warok ngudhar kolor

 

Pancen istimewa tenan,

Nganti bingung aku

Kudu ndelok sik endi,

Wektune bareng

 

Luwih bingung meneh pak tani

Lagi arep macul sawahe

Diundang pak RT

Ana gawean kudu tumandang

 

Dudu macul matun tandur

Nanging nabuh kendhang lan tambur

Ana Danais iki rejeki nomplok

Puluh-puluh nganti lara boyok

 

Aji mumpung gawe bingung

Wong sak desa malik dadi seniman kabeh

Pucaking acara

Kabeh siswa kagiring ngalun-alun

 

Sinau maca etung leren sik

Penting gawe Muri nyathet prastawa adi

Angguk pitung ewu rongatus

Gumebyar gumleger

 

Simbok thenger-thenger

Weruh anak putu pating blarat

Mulih mulih sambat

Ora kober ngumbulke kendhil

Jalaran sayah olehe njathil

 

 

Becik Nganggo Laku Kang Utama

 

 

Kumrosak barisan buta bajang nunjang palang

Pang pang sigar lesah blesah

Tumindak grusa grusu saru dinulu

Iku tan becik laku ala

kang nerak angger-anggering laku utama

Baya apa kang dadi jantramu..

 

Becik dhedhepe ngarsa Gusti

Dedonga minta sihing Bathara

Ya ben disaruwe komat kamit

Pancene iki laku utama nyingkiri dhemit

 

Donga iku laku utama sanguning lelana

Tarak brata apadene kupiya boga

Kinanthen donga sakabehe mesthi murakabi

Gusti amberkahi

 

Bebaraya ning madyaning masarakat

Uga mbutuhake tata krama budi tama

Pira ta umur uripe manungsa

Yen kongsi ninggal tindak utama

Tembe mburi mung getun lan cilaka

 

KP, Oktober 2025

 

Sugiyarti, S. Pd., lahir di Kulon Progo, 5-Agustus 1964. Kegiatan sehari-hari setelah pensiun saat ini lebih banyak ke kegiatan sosial, terutama tentang pengelolaan sampah (organik/ anorganik). Aktif sebagai anggota pengurus JPSM (Jejaring Pengelolaan Sampah Mandiri) Kulon Progo. Namun di sela-sela kesibukannya, tetap aktif menulis puisi, geguritan, cerpen/ cerkak, maupun tembang- tembang macapat dan tembang dolanan. Beberapa karya sastranya masuk nominasi/ juara lomba yang diadakan oleh Disbud Kab. Kulon Progo, Prov. DIY, Balai Bahasa DIY, dan Pura Pakualaman Yogyakarta, dan dibukukan dalam antologi bersama. Buku solonya berupa kumpulan puisi Sketsa Desa Sunyi terbit melalui KYM (Komunitas Yuk Menulis).

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Terbaru

Karya Edisi 10/25-1