Pemberitahuan

Laman Sastra-Ku sedang dalam proses perbaikan, mohon maaf atas ketidaknyamanan yang ditimbulkan. Namun demikian, karya-karya tetap akan ditampilkan secara rutin.

Jumat, 19 September 2025

Karya Edisi 09/25-3

TEGUH BUDIWIDADA


Semeleh Dudu Seleh



Usada kuwi ora ming perlu, nanging kudu

Upaya kuwi fardu, sanajan sa gaduke rasa, raga lan jiwa

Nanging pasrah lan tawakal kuwi perangan sawise luru

Jejering jalma kang winates pinangka titah

 

Menawa kabul sawijining usada

Aja nganti lali lan uwal nggennya ngendhaleni rasa

Apa maneh banjur rumangsa sarwa bisa

Tumungkul ing raga lan rasa syukur marang kang maha kawasa

 

Nanging yen ta durung kasembadan

Ora perlu sungkawa kang tanpa wates

Tetepa jejeg, eling menawa kabeh kersane pengeran

Semeleh...dudu seleh apa maneh nganti sengkleh lan nggrantes

 

Dina iki beda karo wingi

Sesuk uga ora padha saiki

Tetap gladhi, upadi lelandhesan bekti

Bebasan wayang...anut dhalang anggone bisa tumuju mukti

 

 Cah Salamrejo, 17 Sept


Rasa

 

Rasa iku ora kanthi wujud

Ora bisa disawang kanthi paningal

Ora gampang diandharake nganggo ukara

Rasa.....amung ati kang bisa crita

 

Najan dluwang sepira ambane

Ora cukup kanggo nulis kebaking rasa

Sanajan samodra kang semana jembare

Prasasat kabeh tanpa kinira

 

Pepaking babagan rasa

Ana bungah

Ana susah

Ana sarju..ana satru

 

Yen wis kinanthi rasa

Apa wae kaya angel dipercaya

Bisane mung ngucap kang tanpa kandha

Gunem kang tanpa swara

Cah Salamrejo, 17 Sept

 

Teguh Budiwidada, menulis geguritan dan esai. Beberapa geguritannya terkurasi dalam sayembara geguritan Kulon Progo dan diterbitkan dalam antologi Serat Kagem Bumi Menoreh (Kundha Kabudayan KP, 2024). Geguritannya yang lain tergabung dalam antologi geguritan Potelod Limang Senti (Kundha Kabudayan DIY, 2025). Mendukung program literasi sekolah dengan menjadi salah satu kontributor dalam antologi esai Jejak Langkah: Kisah-kisah Inspiratif dalam Harapan dan Aksi (SMAPTA, 2024). Tinggal di Salamrejo. Selain mulai menekuni sastra Jawa, juga turut serta melestarikan budaya Jawa dalam aktivitasnya sebagai pranatacara untuk berbagai acara.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Terbaru

Karya Edisi 09/25-3