Selasa, 11 Oktober 2022

K A R Y A

SUGIYARTI

 

 

Donya Iki Pait

 

Dina-dina lumaku tanpa caya

Putih pucet bruwet pendelenganing  mata

Peteng ndhedhet pangrasaning nala

Sumarah sumendhe Hyang Widhiwasa

 

Lumebu panti wus tanpa ati

Nyawang raga   tanpa daya

Kang kacetha balung binuntel walulang

Sambat ngarih- arih ngaru ara

 

Lelakon kang kudu tinampa

Wit cilik  lara lapa, kacingkrangan  lan ngrekasa

Kembang Dere mekar esuk alum sore

Tan pantara lama

Kumudu ngambah jumantara

Lumebeng alam kadewasan

Horeging kridha tanpa kasekten nadyan  sajuga

 

Pirang puluh taun nyawa iki setya ngancani raga

Njungkir njempalik luru upa

Suprandene kang den luru tansah jethungan ngiwi-iwi

Saiki wus sayah nglari

Mongso borong

 

Rasa pangrasa tansah anggraita

Pepesthene Hyang  Widhi cinipta dadi

Titah sawantah anampi pesthi

 

Amung pinuwunan kang mawantu

 Titiwanci sukma lumepas raga

Adhem ayem lana ing marga

Tumujweng  kalanggengan bagya mulya

 

Madya ratri, 2022

 

*pinuwunan kagem simbok, sawanci-wanci tinimbalan sowan, mugi husnul khotimah, aamiin

 

 

Sugiyarti, kesehariannya mengajar di SMP Negeri 2 Lendah. Hobi pada seni dan sastra.  Tinggal di Brosot Galur Kulonprogo.

 

 *****_______*****

 

 

NYAI BARDAL DERSANALA

 

Ora Ana Pengarep-Arep

 

Punthuk Jatireges

Wus pruthul ora beres

Nggelar pengangen angen

Miyak grumbul sundhul wiyati

 

Sapa Sing Isih kena dak percaya

Kalamun Yektine Samirana Wus salin Slaga

Blenjani ing Ubaya

Janjine mayungi kanthi nggawa  wangi kembang melathi

Jebul nyidrani janji

 

Sapa sing isih bisa dak percaya

Yen nyatane Tirta tlaga Wus salin Rupa.

Padhange Rembulan wus singidan ing burine arga  

Katutup mega klawu kang gawe wuru

Gawe ati kebak tatu....

 

Pengasih, 2022



Bardal Dersanala, nama pena dari Bardal, S.Pd.Jas. Kesehariannya mengajar sebagai Guru Olahraga Kesehatan. Pendidikan terakhirnya S1. VIK UNY jurusan PJKR. Aktif sebagai pelestari budaya, penulis naskah drama/kethoprak, penyanyi, sinden, dhalang ruwat,  dll. Buku yang pernah ditulis yaitu Oncek oncek Pala Kependhem (Sejarah Dusun Cekelan, Sejarah Ki Sodewa). Karyanya dimuat di buku Weling Sinangling (Disbud DIY 2018) dan Tilik Wewisik (Disbud DIY 2019). Tinggal di  Perum GBA No B.50  Dayakan Pengasih Kulonprogo.

 

 *****_______*****

 

 

 


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

  K A R Y A     AHMAD MALIKI MASHAR     Suluh Penyuluh   Mulut berbisa mengurut luka Menepuk dada tersuruk bangga Berlulur s...