Sabtu, 29 Mei 2021

K A R Y A

KI SOEGIYONO MS

 

 

Angin Mangsa Ketiga

 

Sang Hyang Maruta

Ngosok-ngosokke gegere kang gatel

Nalasak ing wit-wit pakebonan

Pating kleyang pang-pang aking

Lan godhong-godhong garing

Tumiba ing lemah-lemah kang nela

 

Srengenge ngipatake mendhung putih

Wit-wit klapa isih sengkut

Nyugatakake kawasisane kridha beksa

Nggugah juru gurit lan kidung

Kinarya ngripta gurit lan kidung

 

Angin mangsa ketiga

Tetep tumiyup ing saben mangsa

Ngrenggani madyapada

 

Wisma Bodho, empering November 2019

 

 


Ki Soegiyono MS, sastrawan dan budayawan senior. Tulisannya dalam bahasa Jawa dan Indonesia dimuat di Kedaulatan Rakyat, Djoko Lodang, Sempulur, Penjebar Semangat, dll. Bukunya: Prasaja (cerkak, 2007), Gurit Tawon Madu (geguritan, 2016), Waspa Kang Nyalawadi (cerkak, 2017), Kang Kumlebat (macapat, 2017). Pernah mendapat penghargaan “Pelestari Seni Sasrta Jawa” (Pemkab Kulonprogo) dan “Kesetiaan Berkarya dalam Bahasa Jawa” (Balai Bahasa DIY). Tinggal di Wisma Bodho  Kalurahan Ngestiharjo Wates Kulon Progo.

*** ----- ***

 

 

 

YAYUK WAHYUDI

 

 

 

K a w r u h

 

 

Ora etung wektu

Ora kudu mbuka buku

Ing ngendi wae bisa sinau

Ngangsu kawruh marang para wiku

Anom tuwa lemu kuru

Gedhe cilik kudu sinau

Necep ilmu kaya necep madu

Sadawaning urip kanggo sinau

Tumuju urip nuntun laku

Tanpa winates wektu

Nadyan wis ompong tanpo untu

Kudu tetep seseba methik ilmu

Sinau sinau sinau

Necep ilmu aja mangu mangu

Goleka  warisan  ilmu tanpa tuku

Nimba ilmu ra bakal wayu

Kebaki uripmu, aja mung tura turu

Tangi tangi tangi aja mung ngimpi

Dadiya wong kang migunani.

 

Neo,  27 Nop 2019

 

 

Yayuk Wahyudi, adalah nama pena dari Sri Rahayu Yustina S.IP, MA. Lahir di Purworejo 27 Desember 1963. Disela-sela ketugasan sebagai Arsiparis di Dinas Perpustakaan dan Kearsipan Kabupaten Kulonprogo masih meluangkan waktu bergiat di Komunitas Sastra-Ku. Karyanya masuk di sejumlah buku antologi, diantaranya: Weling Sinangling (Antologi Geguritan Dinas Kebudayaan DIY, 2018) dan Tilik Wewisik (Antologi Geguritan Dinas Kebudayaan DIY, 2019). Tinggal di Girimulyo Kulonprogo.

*** ----- ***

 

 

PRIMA

 

 

 

J a n j i

 

 

Ing wanci bengi wis takeling-eling piwulang Sang Cinundha Manik

Wis takpatri ana ing njeroning ati apa kang dadi pengimpen lan gegayuhanku

Gegayuhan kang isa kelakon amarga pambudidaya

 

Donga iku cetha wigati isa nentremke ati

Isa uga gawe manteping laku

Ananging uga kudu nganggo nyambut gawe

Aja waton muni

Aja waton ngangsa

Kabeh wis ginaris ana ing lakuning Gusti

 

Muga-muga janji sing tau kelair dadi kasunyataan

 

Kulonprogo, 2019

 

 

Prima, seorang ibu rumah tangga yang menyukai sastra, tinggal di jalan Veteran Wates Kulon Progo

 *** ----- ***

 

 

========

 Edisi kali ini laman Sastra-Ku juga memuat puisi karya peserta Bimtek Cipta Puisi yang diselenggarakan oleh Dinas Kebudayaan Kabupaten Kulonprogo.

 ========

 

ANINDYA EDINA

 

 

K e g a g a l a n

  

Setiap orang pasti pernah gagal

Dan menyesali kegagalannya

Setiap usaha yang gagal

Bukanlah akhir dari segalanya

 

Kegagalan mengajarkan

Agar kita bangkit kembali

Untuk mencapai kesuksesan

Bukan untuk menyerah di sini

 

Bangunlah kamu pasti akan sukses

Semangat selagi punya keinginan

Ayolah gapai dengan kerja keras

Jangan sampai dihantui oleh keinginan

 

Girimulyo, 23 Mei 2021

 

 

 

Anindya Edina, pelajar di MtsN 4 Kulonprogo, tinggal di Girimulyo.

 *** ----- ***

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

  K A R Y A     AHMAD MALIKI MASHAR     Suluh Penyuluh   Mulut berbisa mengurut luka Menepuk dada tersuruk bangga Berlulur s...