Jumat, 05 Februari 2021

K A R Y A

 

ARDINI PANGASTUTI

 

 

 

Aku Kudu Jujur Apa Anane

 

Dumadakan aku kelangan ukara

Kanggo nerusake nulis gurit sapala

Gurit endah, tembang bungah

Crita urip sing kebak guyu renyah

 

Swara panyenges ing njero atiku

Mbuyarake angen-angenku

Marang kaendahan, marang katentreman

Sing jan-jane  semu

 

Aku mung nyoba mlayu

Saka kanyatan sing  ngremukake rempelu

Sengaja aku ethok-ethok ora krungu

Marang swara tangis ngaru-ara

ing antarane pisambat, pisuhan lan donga

 

Ah, geneya panandhang teka matumpa-tumpa

Pageblug durung sirna

Lindhu, banjir, longsor, gunung njeblug, nyusul nyela-nyela

Durung kalebu ama tikus sing ganase kagila-gila

( tikus mawa dhasi, dudu tikus pithi)

 

Kanyatan kuwi sing coba daklali

Aku nylimur

Golek panglipur

Nentremake pikiran sing kuwur liwat gurit-gurit endah

Saderma ngeyem-yemi  manah

 

Ah, jebule

Nuraniku ora narimakake

Bisike semu ngece : aku kudu jujur apa anane

Kahanan pancen lagi kaya mangkene

 

Bencana kang matumpa-tumpa

Satuhune mung srana, pepeling tumrap manungsa

Murih eling marang Kang Maha Kuwasa

Urip ora mung saderma ngoyak bandha

Nanging iya kudu melu memayu hayuning bawana

Murih larasing swasana, mangkono atiku kandha kanthi sora!

 

Bangunjiwo, 2 -Februari 2021


Ardini Pangastuti, lahir di Tulungagung 1960. Redaktur di: Jawa Anyar (1993-1996),  Djaka Lodhang (2009-2013), Pagagan (1991-sekarang), Sempulur (2017-sekarang). Memperoleh hadian Rancage tahun 2016 untuk novelnya Alun Samudro Rasa. Tulisannya, baik dalam bahasa Jawa maupun Indonesia dimuat di media cetak. Bukunya berupa novel (Bumerang, Nalika Prau Gonjing, dan Alun Samudro Rasa), kumpulan cerkak (Nalika Srengenge Durung Angslup dan Pralambang), kumpulan geguritan (Kidung jaman dan Lintang ing Langit Wengi). Cerita bersambungnya yang pernah dimuat Langit Perak ing Dhuwur Nusa Dua (Djaka Lodhang, 1990), Anggaraini (Mekar Sari, 1990), Garising Papesthen (Mekar Sari, 1997) Tinggal di Bantul DIY.  

***----------***

 

 

WIJAYA HERU SANTOSA

 

 

 

Gadhang Jambe Gadhang Sonthe

 

Gadhang jambe mentiung  mrana-mrene

Ndoyong sak karepe dhewe

Beda karo gadhang senthe

Tansah anteng esok sore

Saben ndina disorot srengenge

Thukul tumengka gedhe

Malah kanggo tamba jimpe

Kabeh pengin tepung kowe

Supaya bisa sare

Dikum nganggo banyu gege

Diunjuk esok sore

Kanggo nyambung yuswane

Ngenteni angslupe srengenge

 

Kutoarjo, 1 November 2016

 

 

 

Dr. H. Wijaya Heru Santosa M.Pd, adalah dosen Pendidikan Bahasa dan Sastra di FKIP Universitas Sarjanawiyata Tamansiswa Yogyakarta. Banyak menulis sastra Jawa. Tinggal di  Senepo Timur RT 2 RW 1 Kutoarjo Jawa Tengah 54212

 

***----------***

 

 

 

SRI WIJAYATI

 

 

 

Telung Perkara Lelakone Manungsa

 

Telung perkara kang dilakoni nalikane urip

Bayi lahir cenger tangise ditampa kanthi lega

Diopeni saben dina mundhak gedhe nganti diwasa

Tekan wektune palakrama wektu kang kebak crita

 

Kembang- kembang tresna saya ngrembaka

Urip anyar ing sajerone mbangun bale wisma

Mbangun tresna lelakon pacoban ana-ana wae

Bungah susah dilakoni nganti sadawane wektu

 

Tekan wektune tuwa, kahanan dadi beda

Pating jredhul lelakon werna- werna kudu ditampa

Lelara lunga teka diupayakke golek tamba

Semonoa kudu eling marang Gusti kang Maha Kuwasa

 

Saka ngendi asale urip iki kudu eling marang pati

Gedhe cilik enom tuwa tekane ora kanyana-nyana

Tekan pesthine bakal bali sowan marang Gusti

Becik tata-tata, sodaqoh, ngibadah manembah

 

Bantul, 08 Januari 2021

 

 

Sri Wijayati, lahir di Bantul, 15 September 1960, pensiunan Guru SD sejak 1 Oktober 2020. Aktif di Grup Paramarta Kadang Sastra Jawa Bantul. Buku geguritan yang telah terbit antara lain:”Taman Kembang Sore” (2018), “Taman Kembang Asri” ( 2019), “Kembang-kembang Katresnan“(2019). ‘Kembang Setaman” (2020). Karyanya baik dalam bahasa Jawa maupun Indonesia juga masuk di puluhan buku antologi bersama. Tinggal di Kretek lor, Jambidan, Banguntapan, Bantul, D.I.Yogyakarta.

 

 

***----------***

 

 

 

SITI DWI SUGIHARTI

 

 

R a t r i

 

 

Nunggu dawaning ratri

ngarep-arep wahyuning Gusti

mugo tansah sabar lan nrimo

saka kahanan kang ndadekke gelo lan kuciwo

 

Ijen dudu mergo wedi kesandung

marang watu-watu lancip sing tanpa dunung

apa meneh wedi wayah ratri

akeh candik ala kang nebar janji

kudu tetep nora ndadekke semplah

opo meneh susah

amarga kabeh wus  ginaris

lan katulis ing kitabing Gusti

menungso wajib biso milah lan milih

ngrungokke bisikanne manah sami

 

Saking Sabar Nrimo.Bantul.Yogyakarta.06.11.’19.20.48

 

 

Jakarta, 0310202

 

 

Siti Dwi Sugiharti, S.Pd, MM, lahir di Bantul, 30 Agustus 1975, saat ini mengajar di SD Ciren UPT PP Kecamatan Pandak  Bantul. Dapat dihubungi lewat surel: sitidwi80@gmail.com Perempuan yang telah mempunyai pengalaman mengajar selama 21 tahun ini Cagunan, Trimurti, Srandakan, Bantul, Yogyakarta.

 

***----------***

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

  K A R Y A     AHMAD MALIKI MASHAR     Suluh Penyuluh   Mulut berbisa mengurut luka Menepuk dada tersuruk bangga Berlulur s...