Jumat, 27 November 2020

K A R Y A

 

MARJUDIN SUAEB

 

 

 

 

Gunemaning Pangilon

 
  

Yen wus tutug ing panyawang

Sun takoni kadi pundi sliramu

Trus ing ri dina iki arep ngapa

Kanggo apa ngayani sapa.

 

Den waspadakna jroning pangilon

Kadar amung kaca bening sok angiwi

Rasa rasanen rasakna rasane ngaurip

Sadina saratri sapira laku sae laku ala

 

Aywa mesam-mesem  ngujiwat awak

Anggunggung diri kebat kliwat.

Yitna yuwana lena kena

Sadina saratri sapira laku sae laku ala

 

Saka ngendi sliramu

Menyang ngendi paranira

Apa pira sangunira..yayi.

Sadina sawengi sapira sangu

 

Yk.2019

 

Marjuddin Suaeb, penyair senior Kulonprogo jebolan Persada Studi Klub (PSK) asuhan Umbu Landu Paranggi  ini namanya tercatat di buku  Apa Siapa Penyair Indonesia (2017). Buku antologi puisi tunggalnya Bulan Bukit Menoreh (Sabdamedia, 2016). Puisi masuk di sejumlah buku antologi diantaranya Gunungan, Ziarah, Penyair Jogja 3 Generasi, Lima Tujuh Lima, Cermin Akhir Tahun, Parangtritis, Gondomanan, Nyanyian Bukit Menoreh,  Membaca Hujan di Bulan Purnama, . Geguritannya masuk di buku Tilik Weweisik (Disbud DIY, 2019). Tinggal di Bumirejo Lendah Kulonprogo.

 

***----------***

 

 

ENES PRIBADI

 

 

 

Sapu Lebu

 

 

Menawa udan pladhu

Dudu kuwi kang tinuju

Marga tata lair banjir

Kabeh saeka kapti

Golek pentasan kanggo minggir

 

Sapu lebu kuwi

ujude mung prasaja

Udan sawetara

kanggo mbusak tepak

kang wis tinata

Kabeh lali

Tepak apa kang wis dadi

 

Sapu lebu

Oh sapu lebu

 

Depok, 02 Desember 2019                                                

 

Enes Pribadi, pensiunan PNS yang di tahun 1998-an pernah mendirikan  Sanggar Seni Sastra Kulon Progo (Sangsisaku) bersama Grilyadi (penyiar radio Andalan Muda Wates). Setelah Sangsisaku vakum tahun 2000-an, ia sering terlibat di kegiatan Forum Sastra dan Teater Kulonprogo serta komunitas Sastra-Ku. Puisinya selain pernah terbit di sejumlah koran dan majalah di Yogya, Semarang, Surabaya dan jakarta, juga masuk di buku Antariksa Dada, Nyanyian Bukit Menoreh dan Gondomanan 15. Kini selain sibuk bertani, ia sesekali masih menulis. Baginya, puisi hanya sekedar 'isen-isen urip'.

 

***----------***

 

 

INDRATI SAYUTO

 

 

 

Nggayuh Lintang Alihan


Nalika netra wiwit isis

angin tumiyup tipis nembus idep  tumengeng wiyati

kairing ndlidiring rumus kombinatorik

manjinging angka kang kasetel maneka warna

thukul maewu-ewu permutasi

 

ah….apa wis padha ngetung akehing klepyan,

kandeling kaluputan, dawaning kanisthan,

nggedibeling kadurakan ?

Jare manungsa diwajibke nguyak panjangka

nggayuh kamulyan ngudi kapinteran manjing kawegigan

neter kawasisan ?

Para winasis ngendika ora ana manungsa kang ora bisa

datan ana titah kang kaprah

amung padha neturu utek,

angelus kruma ngrembakakake rasa memeng

amomong pangangen budeng

engga jagade peteng sansaya dangu ora mudheng

Nanging....nalika tangan kumlawe

suku jinjit tur ancik-ancik dhuwuring kekarepan

kamulyan iku datan  keconggah tangan

pindha lintang alihan

tan bisa kapesthekake orbite, wektune

apa tetep kudu dibacutake ?

 

( wayah sore ing tamansiswa 2019)

 

 

Indrati Sayuto,   lahir di Kulonprogo 6 Juni 1973. Saat ini guru bahasa Jawa di SMP Negeri 1 Pengasih. Pernah menjadi Juara III Guru Berprestasi SMP Kulonprogo (2008) dan Juara II Menulis Naskah Budi Pekerti Dinas Kebudayaan DIY (2009). Sejumlah karyanya telah dimuat di buku antologi, diantaranya: Kidung Karangkitri (Antologi Geguritan Disbud DIY, 2020). Tinggal di Gotakan Panjatan Kulonprogo.

 

***----------***

 

 

 

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

  K A R Y A     AHMAD MALIKI MASHAR     Suluh Penyuluh   Mulut berbisa mengurut luka Menepuk dada tersuruk bangga Berlulur s...