SELOP
Dening :
Sumarno
Srengenge
angslup mangulon, wayahe surup repet-repet candhikala. Seno gage mentas saka
lalahan kang rampung dipaculi, munggah galengan sawah. Awakke clumprut lendhut
sawise sedina muput nyiapake lalahan kang bakal ditanduri winih pari. Mlaku
alon-alon manggul pacul ing pundhak ngliwati galengan sawah kang lunyu. Hawa
adhem njekut remasuk ing awak. Swara kodhok pating theot mbrangus kahanan.
Lamat-lamat saka kadohan keprungu swara adzan maghrib. Lakune Seno digawe
tansaya rikat. Bulak sawah Karangjati wus sepi ora ana wong kang kumlebat.
Rampung
reresik awak ing mburi Seno lungguh leyeh-leyeh ing lincak. Teh nasgithel
kemebul mongah-mongah sandhuwur meja. Karti sisihane isih ingkul ngliwet
njangan ing pawon.
“Pak,
sega jangane wus mateng. Gek dhahar…” dumadakan Karti metu saka pawon nyangking
wakul isi sega, gawe cabar lamunane Seno.
Seno
banjur nyruput teh nasgithel karemane. Rasane kempeyar seger. Banjur nyidhuk
sega lan jangan bekothok tempe. Sambele sambel jenggot isih diwadhahi cowek.
Seno lan Karti wus trima mangan lawuh jangan lan sambel. Mung sing rada angel mangan
kuwi anak lanang loro, Nur lan Amat. Nur lungguh ing bangku SD kelas loro dene
Amat isih TK. Sakloron saben mangan mesthi rewel, ngarani endi kang njaluk
lawuh endhog, perkedel, bakso, tempe kecap, kentaki, lan sapanunggalane. Kuwi
kang njalari Karti duwe bon-bonan rada kandel panggonane Yu Karmi bakul sayur
keliling.
“Kang
Parmin mau mrene, Pak…” guneme Karti sambi mangan.
“Ana
parigawe apa?” pitakone Seno semu gumun, sebab kakangne kang sugih blegedhu kuwi
wus meh rong taun iki ora gelem teka ing omahe.
“Jare
minggu ngarep Kang Parmin arep duwe gawe, ngentas pitulus anak mbarep, si Yuni.”
“O, Yuni
wus arep duwe bojo?” pitakone Seno nakyinake.
“Iya,
jare anggone nglamar wus patang wulan kepungkur. Entuk kanca kuliah saka
kutha.” jawabe Karti aweh katrangan.
“Sepisan
njaluk donga pengestu anggone arep duwe gawe, kaping pindho sampeyan dikon melu
among tamu nalika nampa dhayoh resepsi.” Karti mbacutake guneme.
Seno
meneng. Wis meh rong taun iki, Parmin lan dhewekne neng-nengan. Mula bukane bab
dum-duman warisan saka wong tuwane. Parmin kukuh njaluk warisan lemah kebon
klebu tabon, dene sawah ben digarap Seno. Kekarepane Seno ora mangkono, kebon
lan sawah kang ono diparo. Separo kanggo Parmin, separo kanggo dhewekne. Sawah
kang maune jembar, pancen wus akeh kang didoli kanggo wragad bapak simbok
nalika nandhang gerah. Parmin kukuh njaluk lemah kebon klebu omah tabon merga
wus rumangsa nyandhing bapak lan simbok. Seno senajan ora nyandhing, ananging
uga rumangsa wus melu ngrumat duk nalika swargi isih sugeng. Rembugan kakang
adhi cunthel. Suwe-suwe Seno trima ngalah.
“Iki mau
Kang Parmin nggawakake sandhangan sragam busana Jawa kanggo sampeyan pas
resepsi, Pak.” Karti metu saka kamar nyangking tas.
“Sragam
wus komplit, mung kari kurang sandhal selop. Sampeyan kon golek silihan dhewe…”
Karti mbukak tas.
“Ayo
dijajal, Pak.” kandhane Karti. Sragam busana Jawa komplit iku banjur dijajal.
Kabeh wus dirasa pas ing awake Seno klebu blangkon, surjan, jarik lan pendhok.
Mung kari kurang selop.
Lir
gumantine wektu krasa cepet. Seno lan Karti wus ngrampungake gaweyan sawah.
“Jagone
awake dhewe rak isih to Bune?” pitakone Seno nalika sakloron jagongan bar surup.
“Ya
isih. Mau esuk isih dakpakani.”
“Adol
jago babon karo dherene sisan.“
“Dhere
kemanggang sing wangun didol ana loro, Pakne.”
“Ya adol
jago, babon, karo dhere kemanggang loro. Sesuk esuk mruput mangkat, diterke
dagange Irah.” prentahe Seno marang
sisihane.
“Ya,
Pakne. Terus sampeyan wus oleh silihan sandhal selop durung?” pitakone Karti
ngelingake Seno.
“Wah
malah urung kober nyilih.”
“Coba
sesuk mangkat nanggone Den Broto. Ketoke Den Broto duwe selop luwih saka siji.”
guneme Karti marang Seno.
“Sesuk
sore coba aku dakmangkat daleme Den Broto.” jawabe Seno karo nyawang mbulan
nylirit ing angkasa. Angin sembribit nampeg rai, keprungu swara jangkerik
ngerik saut-sautan.
Sore
kuwi, Seno klinong-klinong mangkat panggonane Den Broto, sawijining pensiunan
guru kang isih sapedhukuhan karo Seno. Den Broto kuwi kawentar wong bloboh, seneng
tetulung lan grapyak semanak marang sapa wae. Tekan plataran daleme Den Broto,
Seno banjur nothok lawang karo uluk salam.
“Kula
nuwun…” Ora watara suwe lawang dibukak.
“O, mangga, Pak Seno…” jebul kang nemoni Agus,
anak lanange Den Broto.
“Kula
badhe kepanggih Pak Broto.” guneme Seno blaka suta.
“Pangapunten,
bapak saweg tindak kalihan ibu, njagong wonten tangga desa.” jawabe Agus alon.
Seno
meneng sedhela, banjur nerusake guneme. “Kula namung badhe nyuwun ngampil
sandhal selop kagunganipun bapak….”
“O, nggih
saged. Mangga Pak Seno milih piyambak kemawon pundi ingkang cocog. Ngapunten
kula sambi wonten kamar rumiyin…” Agus nuduhake rak kayu kang isine sepatu lan
sandhal banjur mlebu kamar.
Seno
girang-girang gumuyu. Ing kono udakara ana enem pasangan sepatu lan lima pasangan
selop. Seno milih endi kang cocog karo sikile. Selop ing kono iku kabeh
menceling, sajak ajeg dirumat lan disemir. Ana kang warna ireng thuntheng,
coklat, ireng semu abang, coklat semu abang lan ireng biasa. Seno mbayangake
selop iku mbiyen anyare mesthi regane larang, ketara nganti lawas tetep isih
apik.
“Sampun
mas Agus. Kula ngampil setunggal kemawon…”
“Nggih,
Pak Seno. Ndhereaken…” wangsulane Agus ora metu saka kamar.
Tiba
dina pahargyan ing omahe Parmin kang wus dipasang tendha, janur lan kembar mayang.
Kawit wingi sore, tamune ilir mbanyu mili. Njaragan Parmin iku kejaba sugih
blegedhu ing desane, kenalane uga akeh. Sangarepe ijab, Seno lan Karti wus melu
among tamu. Rombongan calon penganten lanang uga wus rawuh. Ora let suwe
rombongan calon besan nututi rawuh ing papan kono. Acara ijab qabul mlaku
lancar, disekseni petugas saka Kantor Urusan Agama. Rampung ijab qabul banjur
pasrah panampi penganten lan ular-ular sawetara kanggo penganten sarimbit. Rampung
iku, tamu diaturi pasugatan dhaharan prasmanan kang wus disiapake. Minangka
adhine Parmin, Seno dadi jujugan pitakon wong-wong mburi kang padha rewang.
Mula Seno maju mundur takon marang kakangne bab kang ditakoake wong mburi. Seno
uga mlebu metu njero omah. Ndilalah, nalika mlebu omah lan arep metu maneh, selop
kang diwenehake ngarep lawang ora ana. Ditakokake marang wong-wong kang ana
kono, klebu kang padha rewang, padha gedheg ora ngerti. Tekan bubaran pahargyan,
selop meksa durung ketemu.
“Sesuk
nek ana wong mbalekake selop, dirumati ya Kang. Kuwi selop lehku nyilih. Aku
karo Karti bali dhisik.” welinge Seno marang kakangne.
Sedina,
rong dina nganti seminggu, selop durung bali. Nalika dikaruhke panggonane
Parmin, ing kono uga durung ana kang mbalekake. Awan bengi Seno kepikiran selop
silihan kasebut. Pirang-pirang dina Seno ora mangkat sawah. Gaweyan ngrabuk,
ngobati lan matun tanduran digarap dening Karti. Seno uga ora metu-metu saka
ngomah, ora mangkat arisan lan patemon ajeg padhukuhan, isin menawa kepethuk Den
Broto terus ditakoni bab selop kang disilih. Mangan dadi ora krasa enak, turu
ora bisa angler.
“Aku
kudu tanggungjawab, Bune. Utang kuwi wajibe nyaur, nyilih kuwi kuwajibane
mbalekake...” antebe Seno nalika Karti ngakon Seno supaya blaka suta marang Den
Broto bab ilange selop kasebut.
“Ora-orane
Den Broto njaluk ijol. Lha wong selop kuwi pancen ilang tenan.” panemune Karti.
“Ora
Bune. Mbuh kepiye carane, kudu dakijoli. Yen selop iku ora bali, aku kudu tuku
selop anyar…” Seno tetep puguh marang kekarepane.
Seno akon
Karti adol barang-barang kang diduweni. Simpenan gabah limang sliri, pit
onthel, tivi, lemari, pitik, klebu radhio lawas melu didol. Senajan dirasa
abot, Karti tetep sendika dhawuh marang guru lakine. Tundhone, Karti tampa
dhuwit meh limangatus ewu saka asil dodolan barang-barange. Awakke Seno tansaya
kuru lan ringkih. Meh sewulan ora doyan mangan lan ngombe, awake paribasan mung
kari lunglit.
Esuk
kuwi Karti mruput mangkat pasar kecamatan saperlu tuku selop anyar. Kang
dijujug toko sepatu sacedhak pasar kecamatan. Dening sing jaga toko, Karti
ditawani selop pirang-pirang jinis, kawit sing rega rongatus ewu nganti kang
rega sayuta luwih. Karti milih kang rega patangatus ewu. Dianggep sedhengan,
ora murah banget ananging uga ora larang banget. Udakara jam sanga esuk, Karti
wus tekan ngomah. Kahanan omah sepi, bocah-bocah wus budhal sekolah. Ananging
kayangapa kagete Karti nalika mlebu omah, Seno wus meneng wae ing peturon. Digugah
bola-bali, tetep ora tangi. Seno merem dhipet ora ambegan. Seno kasedan jati.
“Pakneee….” pambengoke Karti gawe kagete tangga teparo.
Seminggu
sawise sripahe Seno, Karti lagi kelingan selop durung dibaleake ana daleme Den
Broto. Mula sore kuwi, Karti mangkat daleme Den Broto. Ndilalah Den Broto ana
ngarepan lagi nyirami kembang-kembang ing pot.
“Selop
kagunganipun Pak Broto ingkang dipunampil semah kula kala semanten ical. Menika
kula tumbasaken ingkang enggal…” guneme Karti groyok.
“Agus
uga wus kandha menawa selopku disilih Seno. Umpama dienggo terus ilang, rasah
diijoli. Kae mung selop murah, lehku tuku ana klithikan. Regane mung seket ewu.
Ndilalah, terus daksemirke dadi katon kinclong…” jawabe Den Broto. Mak dheg atine
Karti krungu jawabane Den Broto.
“Mboten pak, welingipun swargi selop menika kedah kula
aturaken Pak Broto. Sampun kula nyuwun pamit.” Karti mlaku rikat ninggal Den
Broto kang isih kamitenggengen weruh tindak-tanduke tanggane iku. Selop mung dijarke
gumlethek ing kono.
(Khahyangan, 2017)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar