NYAI BARDAL DERSANALA
Janjimu saguh makarti
Golek pangupa jiwa kanggo nguripi
Sumpahmu saguh ngrungkebi ibu pertiwi
Ngrasakake kahanan jaman saiki
Pancen krasa pahit njojoh ati
Urip moncer dikira korupsi
Kesrakat diina diiwi-iwi
Pancene makantar nalikane Sumpah
Pemuda
Satu Nusa
Satu Bangsa
Satu Bahasa
Indonesia
Nuswantara iki pancen beda-beda
Beda suku beda agama
Beda adat lan budaya
Beda logat lan uga basa
Nanging kudune bisa manunggal sedya
Manunggal cipta rasa miwah karsa
Prasetya nyawiji aja cidra ing janji
Endi sumpah lan janji kang wus kawuri
Iki jare jaman reformasi
Jebule ...e
Kana kene akeh wong kang ngapusi
Mahasiswa padha demonstrasi
Kepara ana kang nyilih klambi
Gamane cukup penthung watu lan wesi
Ora metung baya lan pati
Untung lan rugi
Eling elinga kanggo kabeh wong tuwa Kepara sedulur kanca lan tangga
Kabeh wae ayo nunggal rasa nunggal sedya
Ngudi urip bisane ayem lan tentrem sakeluwarga
Nunggal Bangsa nunggal sedya
Wong sa negara
# sapinggiring kali Serang 10 Oktober 2025 #
***
Metani Kahanan Jaman
Wiwit purwa madya nganti wusanane
Embuh
saka ngendi dadine
Sastra
lan budaya Jawa wis bisa dadi pusakane
Wis kabukten ana nyatane
Caraka
Jawa tinemu ing kitab Jitabsara
Uga
katon ing korine gapura
Mawujud
candra sengkala
Kang
bisa aweh pituduh dumadine jaman semana
Ing candhi
Candraning Hyang Widhi
Caraka Jawa nyawiji
Dadi tapak tilasing bukti
Para luhur sujananing budi
Caraka
Jawa jejeg gapite njunjung dhuwur budaya adi
Dadi
Aji Saka kang sekti Piranti
panguripaning negari
Basa
Jawi wis makarti dadi sabda mandi
Den
ngati-ati kalamun muna muni bisa nemahi
Bisa dadi upase pakarti
Sangkan
paraning bilahi
Parandene ing jaman saiki apa isih
ana
Caraka
Jawa kang bisa kanggo tuladha
Wis arang tinemune kaya-kaya ora piguna
Kaya-kaya
mung pantes manawa manggon
Sajroning
gedhong carita
Wong Jawa wis ora bisa maca
jiwane
Nulis
carakan sabdane
Wong
Jawa saya adoh karo adeg-adege
Wong
Jawa kelangan jawane wong Jawa kabotan sandhangane
Wong
Jawa kepangku rasane
Wong
Jawa mati nalare
Pepes
pengarep-arepe
#
Sapinggiring Kali Serang 12
Oktober 2025 #
Tidak ada komentar:
Posting Komentar