Sabtu, 03 Oktober 2020

SUPARMANTO

 

 

 

Kasmaran

Sumebyar cahyaning hyang candra

Sak kedheping netra telenging manah

Warnanira nggirigodha ing jroning pangrahita

Ayu utama berbudi bawa leksana

Sun suwun kelawan puji pucuking grana

Dadosa kasunyatan nyawiji bareng sira

Mugi dikabulna dening Hyang Maha Suci

 

Eseming mbulan, 30 sepyember 20

 

 

Suparmanto, lahir di Kulonprogo 3 Februari. Lulusan SMK Ma'arif 1 Wates jurusan Teknik Listrik. Suka bertani dan berorganisasi. Hiburan paling disukai yaitu memanah tradisional gaya mataraman. Mungkin sebentar lg menulis tentang jemparingan.  Kontak email: parmanwae75@gmail.com dan djogja1862@gmail.com. Akun FB: Aryo van djogja.

 

***----------***

 

 

 

YAYUK WAHYUDI

 

 

 

Kangen

 

Kangen Kakang

Rinten dalu pingin nyawang

Raditya uripku

Ora rangu-rangu anggonku nresnani

Tan sabit nganti enteke saat

Sajege lagi iki

Ngrajut raga

Atiku krasa dirakup

Saat rinasa randhat

Kapanging ati kaya walahar

Saya ndadra ubaling tresna

Tan kena diubayani

 

Sorjati, Sept 2020

 

 

 

Yayuk Wahyudi, adalah nama pena dari Sri Rahayu Yustina S.IP., MA. Lahir di Purworejo 27 Desember 1963. Disela-sela ketugasan sebagai PNS di Dinas Perpustakaan dan Kearsipan Kabupaten Kulonprogo masih meluangkan waktu bergiat di Komunitas Sastra-Ku. Karyanya masuk di sejumlah buku antologi, diantaranya: Weling Sinangling (Antologi Geguritan Dinas Kebudayaan DIY, 2018) dan Tilik Wewisik (Antologi Geguritan Dinas Kebudayaan DIY, 2019), Kluwung Lukisan Maha Cahaya (antologi prosa dan puisi komunitas Sastra-Ku, 2020). Tinggal di Girimulyo Kulonprogo.

 

***----------***

 

 

 

DIDIK KOMAIDI

 

 

 

Udan Sepisan

 

Udan sepisanan

Ana ambu lemah teles kairup irung

Kaya ana roh kang mabur

Ambu kebul damen kang dibakar

 

Udan kang dikangeni para tani

Kanggo ngaliri sawah kang garing

Nukulke tetanduran kang didhemeni para tani

Syukur marang peparing Gusti Kang Maha Asih

 

Kita tasih diparingi sehat wal afiat

Nglampahi urip ing alam donya

 

Kulon progo, 2020.

 

 

 

 

Didik Komaidi, lahir di Magetan 1972. Sejak tahun 2006 mengajar bahasa Arab di MAN  Kulonprogo dan berdomisili di Ngestiharo Wates.  Saat ini sedang menempuh S3 di UIN Sunan Kalijaga. Puisi-puisinya masuk di buku: Embun Tajali (FKY, 1999), Jakarta dalam Puisi Mutakhir (DKJ, 2000), Seorang Gadis, Sesobek Indonesia (antologi puisi Kulonprogo, 2006), Antariksa Dada (temu penyair tiga kota: Yogya Kulonprogo Purworejo, 2008), dan Nyanyian Bukit Menoreh (antologi 27 Penyair Kulonprogo, 2015).

 

***----------***

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

  K A R Y A     AHMAD MALIKI MASHAR     Suluh Penyuluh   Mulut berbisa mengurut luka Menepuk dada tersuruk bangga Berlulur s...