Jumat, 30 Oktober 2020

BETHY MAHARA SETYAWATI

 

 

Kidung Pengasih ing Lengkehing Kalibiru

 

Sinawang saka kadohan,

Gunung-gunung cilik pating jrumbul,

Langit resik tanpa kesaput mendhung,

Katon luking kali menggak-menggok,

Memper lakuning sarpa kang lagi wae mencungul,

Maneka warna tetuwuhan thukul ngrembuyung,

Ing sadawaning kali,

 

Katon wit kembang soka,

Kembange putih memplak amantesi,

Iring wetan ana witing cemara,

Awarna ijo wilis kadya binaris,

Watu-watu gedhe kang memper watu candhi sinawang saya amimbuhi,

Njalari ereng-erenge katon endah lan asri,

Pancen sesawangane ngresepake pandulu,

Kaya-kaya anggeret  jangkahing laku,

Nggeret lunganing awak kanggo tumuli nyedhak,

Ing lengkehing Kalibiru.

 

Esuk iku swasanane datan kaya padatan,

Kabeh sarwa endah rinasa,

Saka wetan sang pratanggapati wiwit mlethek,

Wiwit sumirat sunare,

Sumunar padhang jingglang madhangi,

Ing dina kang wis kebak panganti-anti,

Dina kang kebak pangarep-arep,

Dina kang kebak katresnan lan kabagyan,

Kanggoku lan sliramu,

Kang bakal netepi darmaning anak tumraping wong tuwa,

Netepi darmaning jalma kang tumitah dening Kang Maha Kuwasa,

Kanggo wiwit ngancik ing donyaning bebrayan ing donya,

Bebrayan kang kudu madhep mantep,

Kudu nyawiji lan tansah antut runtut,

 

Dina iku,

Binarung reroncening kidung lan gendhing kang kaprungu,

Kaya-kaya aweh paseksen,

Anane kidung pengasih ing lengkehing Kalibiru,

Kang linuberan pangayoman,

Kasokan kabagyan,

Kebak sih-sinisihan,

Nganti sadawaning wektu.

 

 

Bethy Mahara Setyawati S.Pd, guru Bahasa Jawa SMP Negeri 4 Wates, Kulon Progo. Sederet prestasi telah ditorehkan perempuan kelahiran 3 April 1980. Diantaranya juara pertama Festival Guru Menulis tingkat Nasional (Kategori Artikel Populer) tahun 2018, yang diselenggarakan oleh Pengurus Besar PGRI hadiah  lomba diserahkan langsung oleh Presiden Joko Widodo. Prestasi lainnya juara II guru berprestasi SMP tingkat nasional tahun 2019, juara I Lomba Menulis Cerita Berbahasa Jawa Kategori Umum (Badan Perpustakaan dan Arsip Daerah DIY tahun 2015), Nominator Lomba Penulisan Novel Berbahasa Jawa (Dinas Kebudayaan DIY tahun 2017 dan 2018).

 

***----------***

 

 

WORO PUSPANDYASISTA PRADANESTRI

 

 

Mama I’ll Be Oke

Mbak… wis maem durung ?

Mbak… wis ngibadah durung ?

Mbak… wis cepak-cepak durung ?

Mlebu sinau jam pira, sangune isih pora ?

Mbak… sing ngati-ati ya…

            Hemm…

            thiring-thiring welinge Biyungku

            saben esuk nggugah pangangenku

            pindhane tembang wajib kang kudu dilagokake

            ing wiwitaning sinau

Dak tutup laptop kang kebak rumus

praktikum, laprak, proposal

tugas padinan lan mingguwan kemruwus

lamun bisa den gambar ing dluwang kluwus

rambut kritingku mesthi kemelus

            Hemm.. Aku mesem

            mrentul banyu bening ing sithip tumenging tawangku

            Aku isih tetep bocah

            kang kudu tansah diseblak

            digitik kelud kasur menawa bedhug isih nglindur

            najan skripsiku maju sempulur

            sadyan umurku wus ngancik selikur

            mama isih nuntun nyurung lan nglipur

Aja sumelang Ma

Aku bakal njaga dhiriku mawas pakartiku

ora ana samubarang kang nguwatirke

Mama..I’ll be oke

 

Woro Puspandyasista Pradanestri, lahir Kulon Progo, 30 November 1998. Mahasiswi Jurusan Kimia, Universitas Gadjah Mada ini pernah memenangi Lomba Menulis Cerkak Remaja Japan Week. Tinggal di Pedukuhan II Rt 007/ Rw 004, Gotakan, Panjatan, Kulonprogo.

 

***----------***

 

 

NYAI DEWI BARDAL DERSONOLO

 

 

Dalane Mulya

 

Gegambaran ana pucuking gunung

Ngumbar rasa ati kang suwung

Bingung rasaku nganti kaya wong gemblung

Aku banjur kelingan ujare bapa jarene biyung

Dudu menang lan gebyar.

Dudu Praja lan Prada

Uga dudu tropi lan medhali 

Dudu pangkat jabatan lan Uga dudu pangalembana

Kang bisa njunjung martabat lan gawe mulya

Kawruhana ..

Kabeh lakumu iku

Hamung ana wening lan resiking cipta  tentreming wardaya

Kang bisa aweh kamulyan

Mulyaning dhiri

Mulyanung keluwarga

Lan uga mulyaning Nusa lan bangsa.

Lakonana ing saben mangsa kala 

Tansaha caket sujut mring Hyang Maha Kuwasa

 

24102020

Sapinggiring kali Serang.

 

Nyai Dewi Bardal Dersonolo,  kesehariannya mengajar sebagai Guru Olahraga Kesehatan. Aktif di berbagai bidang seni: sastra, kethoprak, penyanyi campursari, sinden, dhalang ruwat, rias pengantin, pendongeng bocah, dll. Buku yang pernah ditulis yaitu Oncek oncek Pala kependhem (berisikan Sejarah Dusun Cekelan, Sejarah Ki Sodewa). Karyanya berupa cerkak, geguritan,  dan macapatan permah dimuat Mekarsari, Kedaulatan Rakyat. Tinggal di Pengasih Kulonprogo

 

***----------***

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

  K A R Y A     AHMAD MALIKI MASHAR     Suluh Penyuluh   Mulut berbisa mengurut luka Menepuk dada tersuruk bangga Berlulur s...