Jumat, 29 November 2019

K A R Y A


Geguritan


LANSKAP MBUKAK CENDELA
HOTEL NEO AWANA JOGJA

-         Dening Marjudin Suaeb


Sakothakan pandelengan cendela
Nalika sarampungmu mbukak klambu
Klawu_klawu tarung tanding lampu
Pancene wengi miwiti laku
Uga pangudarasa panyaruwe ati gela

Sakothakan panyawang cubriya
Tumetesing panyawang mangisor
Saka kamar lantai 8 Hotele tamu
: aku kudu nggoleki kamar endi
Amung swara suwung ora ndarbeni

Nadyan sarwa sumringah nanging dudu
Nadyan sarwendah ananging uga dudu
Amung sawetara kena kanggo kansen
Patemon tanpa rembug sejati
Sanadyan gumyak nanging ora tumuju.

Sabar sareh srantakna sadhela
Sanajan amung kumlebat agemen aturku
Pancen urip sandiwara
Ora perlu lakon gumathok
Nanging kudu dilaku nganti turu

Yk. 2019


*** ----- ***



KLUWUNG

-          Dening Jenk Rose


Nadyan wilangan tinemu
Nanging ora katon garising kikismu
Oncating citramu ambabar banyu

Eseme anuju prana
Tansah gawe brantaning driya
Rinengga solah bawa
Binarung kidung asmara

Nadyan katon amung
Sakedeping netra
Citramu tan bisa den lali
Rasamu tan bisa uwal saka telenging ati

Trisik, 17 November 2019


*** ----- ***



KUPING SESISIH

-          Dening Latifah Jahro


Kudu kepiye lakuning urip
Urip bareng sesandhingan
Anglakoni dalaning urip
Bebarengan wong kang gawe sara

Amung kuping sesisih
Amung siji kang kudu duweni parungon
Tanpa dirungokake kang ana ing sisihe
Amung siji kang dadi lakon

Sapa sing ora tatu atine
Sapa sing ora rekasa uripe
Sapa sing ora judheg pikire
Yen mung kuping sesisih kang dadi cekelane

Kokap, 2019

*** ----- ***

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

  K A R Y A     AHMAD MALIKI MASHAR     Suluh Penyuluh   Mulut berbisa mengurut luka Menepuk dada tersuruk bangga Berlulur s...