Jumat, 09 Desember 2022

K A R Y A

 INDRATI SAYUTO

 


Ngadhang Dhawahing Sitaresmi

 

Daksawang…

Sang Sitaresmi panggah ing tawang

praba mawurahan agawe pepadhang

bawana raya kadya rinengga

amung yen sinawang…

                        Endahing sasangka

                        adheming pangrasa

                        edining panalangsa

                        penining kaniaya

                        amung sarana nengga saranta

Pawestri kedah bisa hanjagi

nasabi sarwining sasmitajati

dimen sasab ing tembe wuri

hamanggih sarad kang nastiti

pandam pandoming pra siwi

                        Ngadhang dhawahing Sitaresmi

                        angantu dhatenging raos utami

                        nggadhang tumuruning Jaka Tarub

                        hanjaring bayu kang tumiyup

(udan riris ing madyaning mangsa rendheng, 2022)

 


Indrati Sayuto,
pengajar di SMP Negeri 1 Pengasih. Sejumlah karyanya telah dimuat di buku antologi, diantaranya: .Kidung Karangkitri (Antologi Geguritan Disbud DIY, 2020). Tinggal di Gotakan Panjatan Kulonprogo.

 

***________***

 



NYAI DEWI BARDAL DERSALANA

 


Gumelaring Pakeliran

 

Mega Kuwu 

Teja Wangkara

Sam'ya Angrenggani

 

Wancine Ratri

Wijiling Candra

Ing Wulan Purnama sidi

 

Rerengganing Antariksa kang madhangi Jagat Raya

Tyase Harga Nyang Wanawasa

 

Meh Rahina

Pucuking Wukir

Semu Bang Cahyanya

 

Wijiling Surya

Daru Kartika

Surem M'ring Cahyanya

 

Hyang Haruna Sabda Kukila

Amulat Jagat Raya

Lir suwarga loka

 

Katon endah edi

Peni peni karoban wor asri

Sesekaran maneka warna

 

Amrik wangi dupa kumelun ngantariksa

Bawane kogal nurunake wahyu

 

Nuswantara

Abyor Trawaca ngegla.

 

Ingsun Mijil

Ingsun Mukti

Ingsun Mati

Maring Nuswantara

Aneng  Indonesia Wus Tiwasa

Mring Nuswantara Indonesia

Amarsesa

Mring Nuswantara Indonesia Elung Cara .

 

Menepe cipta Menepe rasa Luhure budi Gapurane katentreman.

 

Rahayu Sagung Dumadi

# 5112022#

 

Bardal Dersanala, nama pena dari Bardal, S.Pd.Jas. Kesehariannya mengajar sebagai Guru Olahraga Kesehatan. Pendidikan terakhirnya S1. VIK UNY jurusan PJKR. Aktif sebagai pelestari budaya, penulis naskah drama/kethoprak, penyanyi, sinden, dhalang ruwat,  dll. Buku yang pernah ditulis yaitu Oncek oncek Pala Kependhem (Sejarah Dusun Cekelan, Sejarah Ki Sodewa). Karyanya dimuat di buku Weling Sinangling (Disbud DIY 2018) dan Tilik Wewisik (Disbud DIY 2019). Tinggal di  Perum GBA No B.50  Dayakan Pengasih Kulonprogo.

 

***________***

 

 

YAYUK WAHYUDI

 

 

Angin

 

Sumiyut saka segara

Sumilir rinesep ing rasa

Swara ombyaking toya rinungu

Nggawa warta

Segara wis ora biru

 

Sakyuta warna rinengga

Sabarang apa wae tinampa

Angin swara sagara

Datan sinyaring nggawa memala

Warta-warta becik ala

Manungsa tan kuwawa nduwa

 

Nalika donya kebak angkara

Gusti duka

Donya sinapu angin sakedhepe netra musna

Minangka pepeling elinging manungsa

Aja pada duraka

 

Neo, 27 Nopember 2019

 

Yayuk Wahyudi, adalah nama pena dari Sri Rahayu Yustina S.IP, MA. Lahir di Purworejo 27 Desember 1963. Disela-sela ketugasan sebagai PNS di Dinas Perpustakaan dan Kearsipan Kabupaten Kulonprogo masih meluangkan waktu bergiat di Komunitas Sastra-Ku dan Forum Sastra-Teater Kabupaten Kulonprogo. Karyanya masuk di sejumlah buku antologi, diantaranya: Weling Sinangling (Antologi Geguritan Dinas Kebudayaan DIY, 2018) dan Tilik Wewisik (Antologi Geguritan Dinas Kebudayaan DIY, 2019). Tinggal di Girimulyo Kulonprogo.

 

***________***

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

  K A R Y A     AHMAD MALIKI MASHAR     Suluh Penyuluh   Mulut berbisa mengurut luka Menepuk dada tersuruk bangga Berlulur s...