Sabtu, 25 Juni 2022

 

KANCA SING PALING TAKSENENGI

Cerkak Sugiyarti, S.Pd

      Bel tandha mlebu kelas muni  ‘kring … kring … kring …’. Bocah-bocah enggal padha tata baris neng ngarep pintu kelase dhewe-dhewe, urut siji-siji. Sawise diabani masuk, nuli mlaku kanthi tertib nuju kursi lungguhane dhewe-dhewe. Wah, apik tenan, bisa dadi cara kulina disiplin. Dadi ora dha rebutan paling ngarep, dhisik-dhisikan mlebu, dhesuk-dhesukan ting grubyug. Harak elik ta kaya ngono kuwi? Lha, sing elek, sing ora tertib ngono mau Rumi ora seneng.

Rumi iku bocah sing rada beda karo salumrahe bocah liyane, beda lan nggumunake. Rumi sregep mlebu sekolah. Ora tau telat, jam setengah pitu wis mesthi tekan sekolahan, ning yen perkara wulangan, wuuah … , dheweke rada kendho, olehe nangkep wulangan angil, tur lalen. Coba ta disemak bijine yen nggarap-nggarap soal, ya soal matematika, IPS  lan liya-liyane, bijine Rumi enem … enem … malah sok entuk lima, le oleh biji pitu, pitu setengah iku mung yen lagi tiba beja.

Ibune Rumi dhawuh, “Rum, sesuk sasi ngarep wis ulangan umum, sinaumu kudu luwih sregep, ben bijine apik.”

“Nggih Bu, kula badhe sregep, ning biji kula nggih … namung enem, boten saged wolu. Lha, saged kula nggih namung enem menika.”

Ibune Rumi gela banget, geneya putrane kok ora duwe semangat, kaya bocah nrima ning kebablasen le nrima, dadi kaya … nglokro. Ah, ibune Rumi salah, Rumi dudu bocah nglokro. Rumi awake sehat, praupane semringah, karo kanca-kancane gapyak semanak, karo bapak-ibu guru sopan santune ganep, tur basane bener lan alus, ora ana sing madhani pintere matur. Bapak-ibu guru lan kanca-kancane kabeh padha gumun. Mung yen bab rangking, Rumi pancen ora conggah lima besar, paling-paling rangking telulas, limalas utawa pitulas seka gunggunge murid telung puluh.

Ana kanca sing nakoni Rumi, “Rum, lehmu tugas bersih-bersih kelas ki dina apa ta?”

Rumi mangsuli cekak ning tetep gapyak, “Dina Rebo.”

Kancane mlengak, sajak rada durung dhong, sebab dheweke weruh yen Rumi sasat saben dina melu nyapu kelas bareng-bareng sing lagi tugas, nebahi meja kursi sing kagem lenggah bapak-ibu guru. Lha kok gelem-geleme kaya ngono? Bareng kancane mau takon menyang kanca liyane, dikandhani yen Rumi pancen seneng ngewangi kancane. Rumi iku enthengan, seneng tetulung menyang sapa bae. Yen ana kancane kerepotan, Rumi nuli nyedhaki. Pikire Rumi, mbokmenawa isa mbantu.

Sawijining dina Rumi weruh kancane, si Sarwendah, ora gage mulih malah lingguh neng emperan sekolahan.

Rumi aruh-aruh, “Wendah, ayo bali bareng aku ra ketang mung tekan pintu gerbang.”

Sarwendah mangsuli karo rada mrengut, “Aku ngenteni pethukan, bapakku telat methuk sebab kudu ngeterake barang pesenan dhisik. Sebel tenan aku!”

Rumi manthuk-manthuk karo mesem, “Ya wis, takkancani lingguh kene. Mengko rak ya ndang teka.”

Sarwendah gage nyaut, “Tenan pa piye!? Gelem ngancani nganti bapakku teka?”

Rumi njawab, “Gelem … , mung ngancani wae kok. Aku mono omahe mung cedhak kene, mula aku cukup mlaku wae.”

Sarwendah seneng banget ana kancane, polatane malik padhang, ora peteng kaya langit mendhung. Sarwendah kandha, “Aku ki gumun, yen ngenten-enteni mangka dhewekan sisan, wadhuh … rasane kok suwi … banget, sebel tenan! Ning yen ana kancane, terus omong-omongan, lha … lumayan sebele suda separo hi .. hi … hi … .”

Rumi katut ngguyu karo kandha, “Wah, dadi sebele isih separo, apike sing separo kuwi dipara loro nggo cah loro. Dadi bageanmu sebel seprapat, sing seprapat bageanku. Piye!?” Krungu kandhane Rumi ngono iku Sarwendah dadi ngguyu kemekelen, nganti karo ngadeg olehe kemekelen, ning ya isih kemekelen. Saking olehe ngguyu iku dheweke lali olehe sebel. 

Sakmarine ngguyu, Sarwendah omong, “Rum, kowe kok isa ndhagel ta? Lehku ngguyu nganti lara wetengku, lha iki mripatku nganti trocosan kaya wong nangis.”  Rumi mung ngguyu lirih, lha wong Rumi dhewe iya ora njarag ndhagel, gene kok diarani ndhagel, ya ra pa pa. Rumi lan Sarwendah nuli ganti-ganti sing diomongake, tujuane kanggo nylamur, ben betah le nunggu pethukan. Nyatane nganti bapakne Sarwendah  teka, olehe ngenteni ora krasa bosen, ora sebel.

Bapakne Sarwendah priksa yen Rumi ana kono iku ngancani Sarwendah, “Matur nuwun nggih Ndhuk, wis ngancani Wendah, mangka suwi banget.”

Inggih, sami-sami Bapak, mangga sugeng kondur.” Krungu ature Rumi, bapakne Sarwendah gumun, dene ana bocah kok basane apik, bener lan alus, mula banjur ngangkat jempole, tandha pangalem.

Rumi manthuk kurmat, nuli ngomong karo Sarwendah, “Wendah sampai jumpa besok.”

“Ya, sampai jumpa. Nuwun banget ya Rum.”

Rumi manthuk karo mesem manis, lan bocah loro iku padha dha-dha mbarengi montore Sarwendah lekas mlaku.

Ujian Kelulusan Sekolah kurang  telung minggu, bocah-bocah padha didhawuhi luwih sregep sinau, wulangan sing durung dhong, diterangake maneh dening Ibu Guru. Pas wektu sela Rumi didhawuhi ngadhep Ibu Guru.

Ibu Guru ngendika, “Rumi, kowe ki bocah sregep, jujur, apikan. Ibu Guru remen … banget. Nah, sesuk bijimu diapikake sethithik, aja enem ning pitu, wolu, ben bisa juara. Nek juara rak seneng ta? Ibu Guru yakin Rumi bisa.”

Rumi rada isin lan bingung kudu matur piye? Ya … pokoke matur sing jujur. Wis … pokoke matur sing jujur, mula Rumi nuli matur jujur, “Bu Guru, kula boten saged.”

“We … , Rumi ki pinter, Bu Guru yakin Rumi bisa. Bisa juara.”

“Aa … ingkang … ingkang juara kanca-kanca mawon, dede kula Bu.”

“Lho, Rumi apa ora seneng dadi juara?”

“Boten Bu Guru. Kula boten saged, ugi boten remen.”

“Lha, Rumi seneng piye?”

Rumi ora enggal matur, malah ngguyu isin, rada bingung olehe arep matur. Ning … , pokoke kudu matur sing jujur. “Bu Guru, kula remen kanca-kanca ingkang dados juara, kula dados ingkang ‘hore … hore …  tepuk tangan’.”

Bu Guru cingak, “Rumi mung seneng keplok-keplok ngono iku?”

“Inggih. Menawi sedaya juara, mangke ingkang keplok sinten? Nah, kula mawon Bu ingkang keplok, lajeng ngucapaken selamat, kajengipun ingkang juara saya remen.” Ibu Guru mandheg olehe ndangu, gumun karo pribadine Rumi.

Ujian Kelulusan Sekolah wis rampung, murid telung puluh lulus kabeh. Bocah-bocah padha seneng atine, padha salam-salaman lan padha ngucapake sukur. Rumi iya lulus, ranking limalas. Pas upacara bendera dina Senin, murid sing juara siji tekan juara lima, didhawuhi maju banjur diparingi hadiah. Rumi keplok-keplok bareng kanca-kancane, lan sarampunge upacara Rumi nyalami lan ngucapake selamat  kanggo para juara. Dina candhake bocah-bocah isih mlebu sekolah, najan wis ora ana wulangan. Ibu Guru nerangake carane neruske sekolah ing SMP lan weling supaya tetep sregep sinau.

“Bocah-bocah, kowe kabeh ki pinter lan apik bebudene. Olehmu kekancan apik banget, siji lan sijine padha dene seneng, padha-padha sayang karo kanca kabeh. Ning saiki coba Ibu Guru pengin ngerti, kancamu kabeh iki, sapa sing paling koksenengi, tulisen banjur ditumpuk neng mejane Bu Guru.”

Bocah-bocah banjur padha nulis jenenge kanca sing paling disenengi, banjur ditumpuk. Bareng bocah-bocah wis padha bubaran, Ibu Guru maos jenenge bocah sing paling disenengi lan kabeh murid kejaba Rumi, padha nulis, KANCA SING PALING TAKSENENGI : RUMI. (cunthel)

 

Sugiyarti, S.Pd,  kesehariannya mengajar di SMP Negeri 2 Lendah. Hobi pada seni dan sastra.  Tinggal di Brosot Galur Kulon Progo.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

  K A R Y A     AHMAD MALIKI MASHAR     Suluh Penyuluh   Mulut berbisa mengurut luka Menepuk dada tersuruk bangga Berlulur s...