KANCA SING PALING TAKSENENGI
Cerkak Sugiyarti, S.Pd
Bel tandha mlebu kelas muni ‘kring … kring … kring …’. Bocah-bocah enggal
padha tata baris neng ngarep pintu kelase dhewe-dhewe, urut siji-siji. Sawise
diabani masuk, nuli mlaku kanthi tertib nuju kursi lungguhane dhewe-dhewe. Wah,
apik tenan, bisa dadi cara kulina disiplin. Dadi ora dha rebutan paling ngarep,
dhisik-dhisikan mlebu, dhesuk-dhesukan ting grubyug. Harak elik ta kaya ngono
kuwi? Lha, sing elek, sing ora tertib ngono mau Rumi ora seneng.
Rumi
iku bocah sing rada beda karo salumrahe bocah liyane, beda lan nggumunake. Rumi
sregep mlebu sekolah. Ora tau telat, jam setengah pitu wis mesthi tekan
sekolahan, ning yen perkara wulangan, wuuah … , dheweke rada kendho, olehe
nangkep wulangan angil, tur lalen. Coba ta disemak bijine yen nggarap-nggarap
soal, ya soal matematika, IPS lan
liya-liyane, bijine Rumi enem … enem … malah sok entuk lima, le oleh biji pitu,
pitu setengah iku mung yen lagi tiba beja.
Ibune
Rumi dhawuh, “Rum, sesuk sasi ngarep wis ulangan umum, sinaumu kudu luwih
sregep, ben bijine apik.”
“Nggih
Bu, kula badhe sregep, ning biji kula nggih … namung enem, boten saged wolu.
Lha, saged kula nggih namung enem menika.”
Ibune
Rumi gela banget, geneya putrane kok ora duwe semangat, kaya bocah nrima ning
kebablasen le nrima, dadi kaya … nglokro. Ah, ibune Rumi salah, Rumi dudu bocah
nglokro. Rumi awake sehat, praupane semringah, karo kanca-kancane gapyak
semanak, karo bapak-ibu guru sopan santune ganep, tur basane bener lan alus,
ora ana sing madhani pintere matur. Bapak-ibu guru lan kanca-kancane kabeh
padha gumun. Mung yen bab rangking, Rumi pancen ora conggah lima besar,
paling-paling rangking telulas, limalas utawa pitulas seka gunggunge murid
telung puluh.
Ana
kanca sing nakoni Rumi, “Rum, lehmu tugas bersih-bersih kelas ki dina apa ta?”
Rumi
mangsuli cekak ning tetep gapyak, “Dina Rebo.”
Kancane
mlengak, sajak rada durung dhong, sebab dheweke weruh yen Rumi sasat saben dina
melu nyapu kelas bareng-bareng sing lagi tugas, nebahi meja kursi sing kagem
lenggah bapak-ibu guru. Lha kok gelem-geleme kaya ngono? Bareng kancane mau
takon menyang kanca liyane, dikandhani yen Rumi pancen seneng ngewangi kancane.
Rumi iku enthengan, seneng tetulung menyang sapa bae. Yen ana kancane kerepotan,
Rumi nuli nyedhaki. Pikire Rumi, mbokmenawa isa mbantu.
Sawijining
dina Rumi weruh kancane, si Sarwendah, ora gage mulih malah lingguh neng
emperan sekolahan.
Rumi
aruh-aruh, “Wendah, ayo bali bareng aku ra ketang mung tekan pintu gerbang.”
Sarwendah
mangsuli karo rada mrengut, “Aku ngenteni pethukan, bapakku telat methuk sebab
kudu ngeterake barang pesenan dhisik. Sebel tenan aku!”
Rumi
manthuk-manthuk karo mesem, “Ya wis, takkancani lingguh kene. Mengko rak ya
ndang teka.”
Sarwendah
gage nyaut, “Tenan pa piye!? Gelem ngancani nganti bapakku teka?”
Rumi
njawab, “Gelem … , mung ngancani wae kok. Aku mono omahe mung cedhak kene, mula
aku cukup mlaku wae.”
Sarwendah
seneng banget ana kancane, polatane malik padhang, ora peteng kaya langit mendhung.
Sarwendah kandha, “Aku ki gumun, yen ngenten-enteni mangka dhewekan sisan,
wadhuh … rasane kok suwi … banget, sebel tenan! Ning yen ana kancane, terus
omong-omongan, lha … lumayan sebele suda separo hi .. hi … hi … .”
Rumi
katut ngguyu karo kandha, “Wah, dadi sebele isih separo, apike sing separo kuwi
dipara loro nggo cah loro. Dadi bageanmu sebel seprapat, sing seprapat
bageanku. Piye!?” Krungu kandhane Rumi ngono iku Sarwendah dadi ngguyu
kemekelen, nganti karo ngadeg olehe kemekelen, ning ya isih kemekelen. Saking
olehe ngguyu iku dheweke lali olehe sebel.
Sakmarine
ngguyu, Sarwendah omong, “Rum, kowe kok isa ndhagel ta? Lehku ngguyu nganti
lara wetengku, lha iki mripatku nganti trocosan kaya wong nangis.” Rumi mung ngguyu lirih, lha wong Rumi dhewe
iya ora njarag ndhagel, gene kok diarani ndhagel, ya ra pa pa. Rumi lan
Sarwendah nuli ganti-ganti sing diomongake, tujuane kanggo nylamur, ben betah
le nunggu pethukan. Nyatane nganti bapakne Sarwendah teka, olehe ngenteni ora krasa bosen, ora
sebel.
Bapakne
Sarwendah priksa yen Rumi ana kono iku ngancani Sarwendah, “Matur nuwun nggih
Ndhuk, wis ngancani Wendah, mangka suwi banget.”
Inggih,
sami-sami Bapak, mangga sugeng kondur.” Krungu ature Rumi, bapakne Sarwendah
gumun, dene ana bocah kok basane apik, bener lan alus, mula banjur ngangkat
jempole, tandha pangalem.
Rumi
manthuk kurmat, nuli ngomong karo Sarwendah, “Wendah sampai jumpa besok.”
“Ya,
sampai jumpa. Nuwun banget ya Rum.”
Rumi
manthuk karo mesem manis, lan bocah loro iku padha dha-dha mbarengi montore Sarwendah lekas mlaku.
Ujian
Kelulusan Sekolah kurang telung minggu,
bocah-bocah padha didhawuhi luwih sregep sinau, wulangan sing durung dhong,
diterangake maneh dening Ibu Guru. Pas wektu sela Rumi didhawuhi ngadhep Ibu
Guru.
Ibu
Guru ngendika, “Rumi, kowe ki bocah sregep, jujur, apikan. Ibu Guru remen …
banget. Nah, sesuk bijimu diapikake sethithik, aja enem ning pitu, wolu, ben
bisa juara. Nek juara rak seneng ta? Ibu Guru yakin Rumi bisa.”
Rumi
rada isin lan bingung kudu matur piye? Ya … pokoke matur sing jujur. Wis …
pokoke matur sing jujur, mula Rumi nuli matur jujur, “Bu Guru, kula boten
saged.”
“We
… , Rumi ki pinter, Bu Guru yakin Rumi bisa. Bisa juara.”
“Aa
… ingkang … ingkang juara kanca-kanca mawon, dede kula Bu.”
“Lho,
Rumi apa ora seneng dadi juara?”
“Boten
Bu Guru. Kula boten saged, ugi boten remen.”
“Lha,
Rumi seneng piye?”
Rumi
ora enggal matur, malah ngguyu isin, rada bingung olehe arep matur. Ning … ,
pokoke kudu matur sing jujur. “Bu Guru, kula remen kanca-kanca ingkang dados
juara, kula dados ingkang ‘hore … hore …
tepuk tangan’.”
Bu
Guru cingak, “Rumi mung seneng keplok-keplok ngono iku?”
“Inggih.
Menawi sedaya juara, mangke ingkang keplok sinten? Nah, kula mawon Bu ingkang
keplok, lajeng ngucapaken selamat, kajengipun ingkang juara saya remen.” Ibu
Guru mandheg olehe ndangu, gumun karo pribadine Rumi.
Ujian
Kelulusan Sekolah wis rampung, murid telung puluh lulus kabeh. Bocah-bocah
padha seneng atine, padha salam-salaman lan padha ngucapake sukur. Rumi iya lulus,
ranking limalas. Pas upacara bendera dina Senin, murid sing juara siji tekan
juara lima, didhawuhi maju banjur diparingi hadiah. Rumi keplok-keplok bareng
kanca-kancane, lan sarampunge upacara Rumi nyalami lan ngucapake selamat kanggo para juara. Dina candhake bocah-bocah
isih mlebu sekolah, najan wis ora ana wulangan. Ibu Guru nerangake carane neruske
sekolah ing SMP lan weling supaya tetep sregep sinau.
“Bocah-bocah,
kowe kabeh ki pinter lan apik bebudene. Olehmu kekancan apik banget, siji lan
sijine padha dene seneng, padha-padha sayang karo kanca kabeh. Ning saiki coba
Ibu Guru pengin ngerti, kancamu kabeh iki, sapa sing paling koksenengi, tulisen
banjur ditumpuk neng mejane Bu Guru.”
Bocah-bocah
banjur padha nulis jenenge kanca sing paling disenengi, banjur ditumpuk. Bareng
bocah-bocah wis padha bubaran, Ibu Guru maos jenenge bocah sing paling
disenengi lan kabeh murid kejaba Rumi, padha nulis, KANCA SING PALING
TAKSENENGI : RUMI. (cunthel)
Sugiyarti, S.Pd, kesehariannya mengajar di SMP Negeri 2 Lendah.
Hobi pada seni dan sastra. Tinggal di
Brosot Galur Kulon Progo.