Sabtu, 05 Maret 2022

K A R Y A

 

MARJUDDIN SUAEB

 

Kidungane Kodhok

 

Handhodhoka lamun bingung

Tiyang ndhodhok wruh kawruhan

Wruh wineruh sakeng kawruh

Nora gampang wruhing diri jati.

 

Tiyang ndhodhok kalah ngawon

Tan ngawon kawoning kawon

Sawatawis ngawon antuk bawon

Sasampun panen buruh panen

 

Sangsaya bingung api-api jaya

Jaya jayaning wong pincang

Sangsaya lumayu sangsaya cilaka

cilaka kasandang kasandhung-sandhung

 

Yk. 2022


Marjudin Suaeb, adalah nama pena dari Marjudin Muhammad Jalal Sayuthi. Pendidikan terakhirnya di IKIP Yogyakarta (sekarang UNY). Jebolan Persada Studi Klub (PSK) asuhan Umbu Landu Paranggi ini tulisannya dimuat sejumlah koran Jogja Semarang, Jakarta. Sering baca puisi dari kampung ke kampung, dari kampus ke kampus. Namanya tercatat di buku  Apa Siapa Penyair Indonesia (2017). Menjadi narasumber berbagai kegiatan sastra. Buku antologi puisi tunggalnya Bulan Bukit Menoreh (Sabdamedia, 2016) dan Teka Teki Abadi (Tonggak Pustaka, 2021). Puisi lain terkumpul di sejumlah buku antologi diantaranya Gunungan (penyair Insani), Ziarah, Penyair Jogja 3 Generasi, Lima Tujuh Lima, Cermin Akhir Tahun, Parangtritis, Gondomanan, Pendapa taman siswa, Nyanyian Bukit Menoreh,  dan Membaca Hujan di Bulan Purnama (Tembi 2019), Kluwung Lukisan Maha Cahaya ( Sastra-Ku, 2020), Duhkita (Pusaka-Ku, 2021). Geguritannya masuk di buku Tilik Weweisik (Disbud DIY, 2019). Tinggal di Bumirejo Lendah Kulonprogo.


*****______*****

 

 YAYUK WAHYUDI

 

Jaranan

 

Jarane jaran bopong Sing numpaki Dhenok deblong

Jarane  jaran kepang Sing numpaki klambi abang

Sing dioyak keplantrang-plantrang

Mlayune nunjang-nunjang

 

Dhuk nong dhuk nong

Nabrak tembok bathuke nonong

Dhuk nong dhuk nong

Kecemplung jurang

Untune ompong

Dhuk nong dhuk nong

Nadyan kurang

Aja nyolong

 

Jamane uwis kuwur

Mripate lamur dha Ra jujur

Sing cilik  padha nganggur

Akeh pejabat padha makmur

Pungkasaning ngedhuk sumur

Yen kalepyan kanggo njegur

Elinga Kabeh bakal mlebu kubur*

 

Sorjati , Feb 2022

 

Yayuk Wahyudi, adalah nama pena dari Sri Rahayu Yustina S.IP., MA. Lahir di Purworejo 27 Desember 1963. Disela-sela ketugasan sebagai PNS di Dinas Perpustakaan dan Kearsipan Kabupaten Kulonprogo masih meluangkan waktu bergiat di Komunitas Sastra-Ku dan Forum Sastra-Teater Kabupaten Kulon Progo. Karyanya masuk di sejumlah buku antologi, diantaranya: Weling Sinangling (Antologi Geguritan Dinas Kebudayaan DIY, 2018) dan Tilik Wewisik (Antologi Geguritan Dinas Kebudayaan DIY, 2019), Kluwung Lukisan Maha Cahaya (Sastra-Ku, 2020), Duhkita (Pusaka-Ku, 2021). Pernah terlibat dalam tim penulisan sejumlah buku di Dinas Kebudayaan Kulon Progo. Tinggal di Girimulyo Kulon Progo.

 

*****______*****

 

SUGIYARTI

 

Gurit sore

( kagem Rusia lan Ukraina)

 

Mas Rus lan dik Ina,

Bebrayan mono kudu linandesan ati, kapti, lan karti

Ati sajodho nyawiji ing kapti,

Lumah kurep tan cidra janji, kembul bujana saliring karti

 

Kapti mrentul tulus ngati

Mahanani pakarti datan nguciwani..

E... tembunge Jawa sinebut,  donya  kaya mung sagodhong kelor

 

Ora eling yen lumaku mono bisa kesandhung ing tawang lan bisa kabentus ing rata

 

Genea lakumu sakloron ora tuwajuh

Guyup rukunmu ilang merga seneng laku nyimpang

Prasapamu bareng sakloron salawase,

Ilang kasaput bathuk klimis lambe abang

 

Saiki ngaruara wis kaya tan ana guna

Thole lan Gendhuk..

 

Semonoa tak dherekke

dhedhepe muhung sihing Hyang Widhi

Linambaran ati suci 

Minta sraya ruwating bumi

Sirna ilang pepalang

Sinawang  padhang sinandhang...

 

KP, 28-2-22

 

Sugiyarti, kesehariannya mengajar di SMP Negeri 2 Lendah. Hobi pada seni dan sastra.  Tinggal di Brosot Galur Kulon Progo. 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

  K A R Y A     AHMAD MALIKI MASHAR     Suluh Penyuluh   Mulut berbisa mengurut luka Menepuk dada tersuruk bangga Berlulur s...