J a n j i
Dening : D Eros Sudarjono
Doran pancing sing ana tangane isih
anteng. Sedhela disawang timba cilik ana cedhak sikile. "Wis entuk lima!"
batin atine. "Loro apa telu engkas wis cukup gawe lawuh sore mengko",
dheweke nerusake nggone ngucap njero batin.
Sabendina, sawise rampung nandangi
pakaryan omah, Yu Siati ajeg mancing iwak ana kali sandhing omahe. Karo lungguh
ndhuwur buk bekas bangunan kreteg dalanan sepur jaman Landa sing isih katon
bakuh. Kiwa tengene ngrembuyung ketel barongan pring kuning. Papan sing banget
kepenak kanggo ngadhem sisan mancing. Olehe iwak kena kanggo lawuh mirunggan
wayah sorene.
Yu Siati wis suwe anggone bebrayan karo
Cak Mat. Bojo jaka lara sing tansah setya lan gemati senajan ora kaparingan
momongan dening Gusti. Sawise kliwat rongpuluh taun anggone bara nyambutgawe
ana kutha, kekarone banjur mutusake bali lan manggon omah tinggalane wong
tuwane Yu Siati.
Urip sarwa prasaja ana ndesa. Sabarang
gawe dilakoni dening Yu Siati, wondene Cak Mat tetep nerusake nyambutgawe ana
kutha. Saben seminggu sepisan bali mulih sambang omah.
Setu sore, kaya adat saben, Cak Mat
bali teka panggonane nyambutgawe. Buyaran kerja jam 1 awan, dheweke bablas
menyang terminal. Ngebis udakara rong jam nganti tekan omah. Sabubare reresik
awak, dheweke banjur lungguh ana emper sinambi udud.
"Wedange, Kang!" Yu Siati
alok karo nyelehne gelas isi wedang sing isih kumebul sedhep.
"He em...," Cak Mat semaur
alon.
"Esuk mau Yu Ning mrene,
Kang!" kandhane Yu Siati karo mapan lungguh sandhinge sing lanang.
"Isih ngomongne jagone apa piye?"
Cak Mat takon karo ngiling wedang nang ndhuwur lepek.
Pancen sedhela maneh arep ana pilihan
lurah ing desane kono. Pilihan lurah sing saiki padha karo sadurunge. Ngantene
mung ana loro. Lurah sing saiki isih njabat karo Kang Tomo, dudha sing wis
ambal ping telu iki nyalon dadi lurah.
" Lha ya genah ta Cak!" aloke
Yu Siati. "Nek jagone kuwi dadi, Yu Ning jelase bakal melu ngrasakake
kepenak. Sembarang program teka pemerintah dheweke mesthi bakal katut,"
sambunge Yu Siati teges.
"Yen dheweke katut kecandhak
programe pemerintah apa ya banjur kelingan karo nasibe awak dhewe ngene iki?"
Cak Mat isih nyambung tekon kanthi kalem.
"Yu Ning mau ya ngomong nek nganti
Kang Tomo kepilih, dheweke janji yen jenenge awak dhewe bakal dikatutna program
bedhah rumah lho kang!" Yu Siati rada ndhesek sajak karo kepengin ngerti
piye panemune bojone.
Cak Mat unjal ambegan landhung. Pancen
wis dingerteni dening kabeh wong sadesa menawa antarane Kang Tomo calon lurah
lan Yu Ning ana sesambungan tresna sasuwene iki. Nanging senajan isih kapernah
brayat karo keluwargane, Cak Mat lan Yu Siati ora tau aruh-aruh bab kuwi.
Kang Tomo, adhine kepala dusun Gempol,
pancen isih grengseng olehe kepengin dadi lurah. Sepisanan nyalon ora kasil.
Limang taun candhake dibaleni maneh. Ngantene ana loro pada kuwate. Asile
suwarane Kang Tomo mung kalah wolung biting karo mungsuhe. Sabubare pilihan
akeh suwara sing padha nyalahake Kang Tomo amerga isih gegandhengan rapet karo
Yu Ning. Kamangka Yu Ning isih nduweni bojo sah.
"Awak dhewe kudu nduweni
pendhirian kang gumathok!" ujare Cak Mat sawise rada suwe meneng.
"Aja mung krana iming-iming entuk
ragad banjur awak dhewe kleru milih pemimpin," sambunge.
Yu Siati wis ora semaur maneh. Apa sing
diucapake bojone pancen bener senajan batin atine isih durung bisa nampa kabeh
mau. Omah tinggalan wong tuwane wis klebu omah tuwa. Wis wayahe ndandani
kareben yen sedulur-dulure padha sambang ora ngisin-isini. Nanging dheweke uga
ora wani mancahi apa sing dadi kekarepane sing lanang.
Esuk iku, Yu Siati lagi tandang gawe
ana pawon nalika krungu swara uluk salam.
"Nggiiiiih mangga!" semaure
rada banter teka pawon. Dheweke setengah mlayu menyang mbale.
"Owalaaaahh, kowe ta Di! Ana apa?"
takone Yu Siati bareng ngerti yen dhayohe mau tibake Nardi, anake Yu Ning.
"Kula dikengken Make ngeteraken
niki!" kandhane karo ngelungna bungkusan kresek gedhe werna abang.
"Apa iki?" Yu Siati takon
karo setengah rada bingung merga ora ngerti karepe Nardi.
"Sanjange Make wau niki panduman
saking nggene Pak Tomo, calon lurah niku lho! Mangke Make nggih ajeng mriki
kiyambak. Kula namung dikengken ngedum sembakone mawon," jawabe Nardi
njlentrehna karepe.
"Oo... nek ngono ya wis tak tampa barange !"
tembunge Yu Siati sawise Nardi kandha kaya ngono mau.
"Ngomong karo Make, Lik Ti
maturnuwun wis dibagehi panduman sembakone ya!"
"Nggih, Lik ! Sampun, kula ajeng
nerusaken ngedum sembako niki!" ujare Nardi karo nguripake sepedha
montore. Ing mburine katon ana kranjang plastik isih kebak bungkusan.
Salungane Nardi, Yu Siati banjur ndelengi
isine bungkusan. Beras limang kilo, gula rong kilo, mie kuning cap Merak
sepuluh bungkus banjur amplop werna putih sumlempit njero bungkusan. Isine
dhuwit satus ewuan salembar.
Dheweke meneng sauntara. Pikirane
nglambyar tekan ngendi-ngendi.
"Ee..... pancen ya wis jamak
lumrahe jaman saiki! Kabeh-kabeh sarwa diregani dhuwit!" batin atine Yu
Siati.
"Ora perduli kepiye mengko dadine
olehe ngatur pemerintahan lan nata rakyate, sing baku bisa menang pilihan
senajan kudu kanthi nukoni swara." Kabeh mau mung kocap njero batinne Yu
Siati. Dheweke bali mlebu pawon, nerusake olehe tandang gawe sing pancen durung
rampung.
Kaya sing diomongake Nardi, sorene Yu
Ning mara ning omahe Yu Siati. Saliyane menehi katrangan perkara dum-duman
sembako, uga kandha yen nganti jagone klakon dadi ora bakalan lali karo janjine
ndhisik bakal diajokake melu program bedhah rumah. Bubar crita akeh-akeh nganti
meh karotengah jam, Yu Ning pamitan karo ndlesepna amplop maneh ana tangane Yu
Siati.
"Ee.... wong ya diwenehi! Ya anggep wae
lagi nemu rejeki!" grenenge Yu Siati mungkasi anggone mikir.
Cak Mat ora njawab piye-piye nalika
mulih teka kutha dikandhani sing wedok bab panduman amplop kuwi mau.
"Awak dhewe ora tau ndremis njaluk
bantuan teka pemerintah. Wong pancen kabeh mau wis ana sing kajibah ngatur. Lan
maneh uga gumantung rejeki teka Gusti Allah!" ujare Cak Mat.
"Aku karo kowe iki mung saderma
ngleksanakake apa sing dadi kuwajibane awake dhewe, menjadi warga masyarakat yang baik," sambunge karo mesem.
Pancen wis tinakdir menawa Kang Tomo
sing pungkasane klakon kepilih dadi lurah desa Karanggempol. Nalika bubaran
anggone panitia ngetung kecik swara ana bale desa, keprungu surak mbata rubuh
pendhukunge Kang Tomo. Nganti seminggu omahe kebak dhayoh. Wiwit teka nom-noman
sing padha ndhukung, sesepuh desa nganti perangkat desa liya uga pejabat teka
kecamatan pada mara menehi pangayubagya.
Awan kuwi, kaya adat saben, Yu Siati
lungguh ana buk bekas kreteg dalanan sepur jaman Landa cedhak omahe karo nyekel
doran pancing.
"Tibake janji karo wong cilik ki
ra ana ajine ya, Kang!" kandhane.
Cak Mat sing lungguh sandhinge karo
ngakep rokoke mung mesem krungu aloke bojone.
"Mula wiwit ndhisik aku wis
ngomong ta! Aja nganti awak dhewe iki njagakake marang janji. Apamaneh janji
para penggedhe sing akeh-akehe mung adol omong. Golek bathi kanggo nyugihna
awake dhewe!" jawabe Cak Mat.
"Yen isih durung dadi kaya-kaya
sundhul langit olehe ngobral janji. Nanging yen wis klakon manggon kepenak sing
mesthi banjur lali karo bibit kawite! Kuwi wis jamak lumrahe, Dhik!"
sambunge kalem.
"Ning kok ya kebangeten temen,
Kang! Sing wis nduweni penghasilan mubru kaya Yu Ning kae malah entuk bantuan bedhah
rumah. Lha awak dhewe iki?" Yu Siati katon isih durung bisa nrimakake.
"Kabeh iku kuwasane Gusti, Dhik!
Sugih mlarat dudu pathokan dianggep wong becik!" ujare Cak Mat ngedhem
atine sing wedok.
"Tetep muji syukur marang
kabeh peparinge, kuwi bakal bisa menehi katentreman njero ati," Cak Mat
nerusake kandhane.
Yu Siati mung manthuk-manthuk karo
masang cacing ana pucuk pancinge.
Wis kliwat telung taun teka pilihan
lurah. Nanging aja maneh kok mlebu dhaftar sing arep entuk bantuan bedhah
rumah, kecathet keluwarga sing ora mampu wae ya ora. Kamangka Yu Ning sing tau
ngomongake bab janji kuwi mau saiki wis manggon omah gedhong asil saka entuke
bantuan bedhah rumah.
Apa pancen nasibe wong cilik kabeh kudu
kaya ngono?
Lamat-lamat keprungu lagune Hetty Koes
Endang teka adohan. "Janji janji....
Tinggal janji..... Bulan madu hanya mimpi....... "
D'
Eros Sudarjono, lahir di Jombang 1970. Jebolan Fak.
Bahasa & Sastra Inggris, selain menulis gurit dan puisi juga melukis
(sketsa). Puluhan karyanya sudah diterbitkan dalam beberapa antologi. Beberapa
naskah juga pernah dimuat dalam beberapa media cetak dan elektronik. Akun medsos : Didik Eros
Sudarjono (fb/ig)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar