KEMBANG PAESAN
Cerkak Yanti S Sastro Prayitno
Emane ora mangkono kanggone Sekar. Esuk iku
praupane katon rengu, sedhela-sedhela katon ambegan landhung, nandhakake lagi
ana perkara kang dadi pikiran. Alon tangane nyaut hape ing meja, mbukak kanthi
ora sranta, sedhela mencureng, nggresah maneh, banjur alon diglethakake meja.
“Bu, aku mengko sore budhal menyang Yogya ya,” ujug-ujug swarane Yudha anake mbarep jumedhul
saka kamar.
“Iya, le,” saurane ampang.
“Ibu wis kagungan sangune?” pitakone Yudha
maneh.
Sekar amem sedhela, banjur mesem.
“Aja kuwatir, le,” wangsulane ngyakinake
anake.
“Ning anu lho, Bu. Sangune dhobel, Rasti ya
nitip aku,” kandhane Yudha alon.
Sekar manthuk karo tetep ninggalake esem,
sakdurunge jumangkah nyandhak pit montor sing dijagang ing emperan omah lan
pamit arep metu sedhela. Sing dituju toko souvenir
lan barang-barang rajutan Mitra, duweke Laras, kancane SMA. Sakdurunge mudhun
saka motor, Laras wis petrek-petrek mbagekake saka njeron toko.
“Mangga mitraku, Ibu guru sing ayu, kadingaren
kok longgar men esuk-esuk tindak mrene....,” pambagene kaya grontol wutah.
Sekar mung mesem, banjur nguncluk mlebu
tokone.
“Eh, ana apa, Sekar? Kok rumangsaku esemmu
lagi umpetan...,” Laras isih nyoba gegojegan.
“Titipanku wis ana sing payu durung, Ras?”
pitakone njujug marang ancas sakawit.
“Alhamdulillah, aku nganti lali Sekar,
durung WA awakmu, menawa tas loro sing wingi kae kabeh dikersakke Bu Shinta.
Jare malah nek isa, kepengin pesen kanthi modhel
sing padha nanging rupane beda, iki dhuwite...,”kandhane karo menyat menyang papan kasir.
Sekar lungguh srog ing kursi ngarep
etalase, tangane nutup praupan, ngucapake rasa syukur mawali-wali, uga
nyingidake mripate kang wiwit mbrambangi. Laras ngetokake sawetara lembar dhuwit uga nota
kwitansi, urek-urek sedhela banjur diulungake Sekar.
“Ora, jan-jane ana apa to, Sekar? Kok
rumangsaku lagi semrawut ngono. Apa kowe lagi ana karepotan? Aku mitramu wiwit
biyen to Sekar, sapa ngerti aku bisa melu ngudhari ruwetmu,” kandhane
Laras karo lungguh ing sisihe.
Sawise nampani dhuwit, ngetung nyocokake karo kang tinulis ing kwitansi,
nglebokake dompet, banjur nyawang Laras, mitra rakete.
“Saumpama aku bisa luwih cepet ngrajut ya,
Ras...,”kandhane tumlawung.
“Kepriye to....ditakoni ana apa, kok malah
perkara ngrajut...,”grenenge Laras.
“Apa perkara Mas Wibi meneh?” sakwise amem
sawetara Laras ngambali pitakon.
“Ora Ras, iki mung perkara klasik, lagi
bingung golek dhuwit,
tanggal tua, Yudha bali, kudu nyangoni, uga kanggo Rasti,” Sekar unjal ambegan.
“Walah...mbok mau WA aku dhisik, aku isih
ana nek ora akeh, durung wayahe kulakan kok,” kandhane Laras.
“Ora Ras, kowe wis kerep banget ngrewangi
aku. Aku isin banget Ras, sekolahku luwih dhuwur tinimbang awakmu, nanging
awakmu luwih pinter nyekel ekonomi lan luwih sembada. Balik awakku, wis taknggo
njungkir walik paribasane, tetep durung cukup, tetep kedhungsangan,” wangsulane
Sekar mbuwang panyawang menyang dalan gedhe ngarepan. Sekar ora kepengin pamer
tangis ing ngarepe mitrane iki.
Sakwise ngobrol ngalor-ngidul sakcukupe,
Sekar pamitan kanthi ati lega. Senadyan ora akeh, mengko sore bisa nyangoni
Yudha karo titipane Rasti. Anake loro pancen nedheng-nedhenge kemragat, sing
mbarep Yudha wis semester wolu, lagi nedheng-nedhenge nggarap skripsi, dene
Rasti lagi semester loro. Senadyan abot, Sekar tansah mesem saben kelingan
anak-anake, rumangsa uripe banget piguna senadyan abote dikaya ngapa.
Isih gawang-gawang wektu-wektu kang wis
adoh lumaku. Senadyan wong tuwane mung pegawe negri cilik, nanging cita-citane
Sekar pengin kuliah ora kena dipambengi. Kamangka ing desane wektu semana, aja
meneh kok kuliah, selagine sing tamat SMA wae bisa dietung. Bapake Sekar
priyayi prasaja, nanging wawasane jembar, mula tansah nyengkuyung kekarepane
anak siji-sijine, senadyan kuliah kanggone uga dudu barang murah. Ndilalah
Sekar pinaringan gampang, bisa ketampa ing pawiyatan luhur negri ing Yogya, njupuk jurusan Kependidikan Kimia, kaya sing
dicita-cita wiwit cilik.
Jaman kuliah dilakoni kanthi lancar,
dhasare Sekar kalebu pinter, ora neka-neka, mula ya lumaku kanthi rancak. Yen
ta bisa dianggep alangan iku sepisan pindho telat dhuwite, kanggo mbayar kos utawa SPP, ya maklum, bapake
mung pegawe negri cilik tanpa sawah ing padesan. Babagan dhuwit senadyan sarwa
kurang ora patiya dadi sesanggan. Lelakon kang banget nabet lan nyebabake Sekar
kudu mupus angen-angene iku mbokmenawa malah ujian liwat ibune. Ibune sekar
wiwit lara-laranen, rikala Sekar mancik tahun katelu kuliahe. Kepriyea wae
tetep dadi kether, bolak-balik Yogya tekan desane mbutuhake wektu ora kurang
saka patang jam. Senadyan mangkono Sekar tetep bisa nutugake kuliahe nganti
rampung.
Saumpama diibaratake bakal nindakake lelaku
kang adoh, Sekar wis nyekel kuncine, kanthi gelar sarjana pendhidhikan, ibarat gapura
wis medhang ing ngarepe. Ewasemono, manungsa kalamangsa kurang prayitna. Mesthi
wae tumrap Sekar, pepinginan utamane nyambutgawe, dadi guru kaya gegayuhane.
Direwangi kuliah ing kutha liya, lara lapa kurang beya, mesthi owel lamun ta
mung kudu nyimpen ijazah.
Nanging ngelingi bektine anak tumrap wong
tuwa, rikala keng Ibu mundhut supaya Sekar nampa lamarane Wibi, kang wektu iku
senadyan kuliahe durung rampung nanging wis katon cekel gawe minangka pemborong
ing sawijining PT, Sekar ora bisa suwala. Ibune kang wis gerah-gerahen
pepinginane mung siji, isih bisa nyawang putu-putune kang digadhang lair saka
guwa garbane Sekar, anak wadon ontang-anting keturunane.
“Saka ngendi to, Bu?” takone Wibi, rikala
bubar njagang pit montore. Angen-angene buyar.
“Saka nggone Laras, niliki
dagangan,”saurane ampang bablas mlebu kamar.
Rasa karanta kang tan bisa kinira. Lelakon
kaya mangkene iki wis welasan tahun disandhang dening Sekar. Dheweke sing kudu
nubyak-nubyak golek tambel butuh, embuh utangan embuh srabutan liyane, sing
penting anak-anake bisa nerusake sekolahe. Setahun sawise nikah karo Wibi,
pancen bener kekudangane wong tua, Sekar nglairake Yudha, banjur telung tahun
candhake nyusul Rasti. Apamaneh senadyan rada rendhet pungkasane Sekar uga
kaangkat dadi guru SMA ing kutha liya kang mbutuhake telu nganti patang jam
saka desane.
Wibi pranyata luput saka pangirane
wongtuwane Sekar. Wiraswasta mono mbutuhake niat, tekad lan usaha kang ulet,
kuat lan tanggon. Rikala akeh alangan, akeh pepalang, Wibi kerep mopo. Semono
uga kuliahe akhire mangkrak ora rampung amarga pikirane benceng cuweng,
antarane gaweyan lan sekolah. Sekar saktemene ora mung meneng wae, senadyan
minangka guru anyar gajine durung sepiroa, malah dadi cagaking keluarga, amarga
asile mesthi saben wulan.
Adhakane manungsa
menawa nduweni kekurangan ora kok ngrumangsani, nanging malah sesongaran kanggo
nutupi. Wibi rikala PT papan panggonane melu mborong bahan bangunan kukut,
nyoba gawe usaha werna-werna. Emane wis ora ana modhal. Sekar sing gajine wis
dijagakake kanggo kebutuhan keluwarga, kudu ngeklasake dipotong, nyetori utang
kang kepeksa diajokke ing bank utawa koperasi kanggo modhal usahane Wibi.
Ora pisan pindho Wibi miwiti usaha, saka
ngingu lele ing ndesa, netesake bebek, dhistributor
madu, batik nganti mbukak papan les komputer lan bimbingan belajar tau
dilakoni. Nanging sing jenenge usaha pancen mbutuhake tekad kang kudu kuwat,
tahan banting lan tetep mugen. Lan Wibi ora nduweni kabeh wateg kuwi, kabeh
usahane ora ana sing kasil, utange Sekar saya ndrindhil, kamangka anak-anak
tansaya gedhe, tansaya kemragat. Wibi yen didhesek mung metu emosine, rumah
tangga dadine mung kaya ajang pabaratan. Untunge Sekar iku ora seneng
muni-muni, ora seneng ngundhamana, kabeh diendhem ing dhadha.
“Sekar, kowe isih nampa jaitan
ora?”sawijining sore Laras mitra rakete rikala SMA sanja ing omahe.
“Ya mung kala-kala, Ras. Yen wektune
longgar, sing ndandakke ora kesusu. Aku ora bisa ngedum wektu mulang karo nampa
jaitan. Remek rasane neng awak,” wangsulane.
“Gajeke biyen jaman sekolah kowe ki pinter
nyongket, ya?” takone Laras slenco.
“Iya, ning apa hubungane karo jait menjait
to, Ras,” Sekar rada njengkerutake bathuke.
“Coba iki deloken....!”
kandhane Laras karo ngulungake tas rajut werna coklat.
“Apik, sapa sing gawe? Awakmu?” takone
Sekar gumun.
“Aku? Hehehe...kowe ngece, aku wiwit biyen
ora tlaten nggon thrithikan ngene iki. Aku tuku neng pameran wingi, njur eling
awakmu. Kayane biyen kowe paling tlaten lan rapi angger ana prakarya. Yok usaha
gawe kaya ngene,” kandhane Laras makantar.
Iku lelakon patang tahunan kepungkur. Laras
sakdurunge pancen wis duwe kios alat-alat jait warisane wong tuwane, senadyan
dheweke dhewe ora bisa njait. Mula kanthi anane trend ibu-ibu sing lagi seneng karo barang
songketan utawa rajutan, lelorone bebarengan mbukak usaha. Laras sing kulakan
bahan-bahane, kayata benang-benang nylon kanggo tas, benang poliester kanggo
sepatu utawa dhompet nganti tekan benang katun utawa benang-benang
impor kanggo klambi lan sepatu bayi, uga rompi lan kardigan. Komplit sak
ubarampe liyane. Sekar sing gawe rajutane. Maneka warna modhel disinau saka
internet, grup-grup ing facebook, uga vidheo-vidheo rajut manca saka Youtube.
Asile tokone Laras sing masarake.
Sepisanan uga seret, amarga kerajinan tangan utawa handycraft pancen larang, kudu
diregani uga kridhane sing gawe. Nanging suwe-suwe akeh
pelanggane kalebu ibu-ibu pejabat dhaerah kono. Sing ngrajut ora winates mung Sekar, amarga
Sekar uga nularake kapinterane marang tangga kiwa tengene liwat PKK, malah ing sekolahane
uga duwe ekstra kurikuler ngrajut kang dadi tanggungjawabe.
Emane panguripan pancen ora ana sing
sampurna. Minangka guru, apamaneh wanita kudune uripe Sekar mulya. Nanging
gandheng Wibi bojone senengane mung ngeceh-ceh dhuwit kanggo modhal sing ora ditlateni dadi malah babar
pisan ora ana tanjane. Direwangi nampa jaitan nganti lembur-lembur paribasane,
tetep durung cukup, amarga potongan gajine saya akeh, kanggo mbayar utang-utang
modhale Wibi. Banjur ditekadi ngrembakakake bisnis ngrajut karo Laras mitrane,
asile sempulur bisa kanggo wragat anak-anake, senadyan kala-kala kudu tetep
nggadhekake SK PNS-e kanggo mbayar SPP.
Banjur apa sing ditindakake Wibi sakwise
usaha sing dilakoni makaping-kaping gagal. Pilih nganggur ing omah, maca-maca
iklan ing koran saben dina, ngomong gawe rancangan usaha sing asile jare
katon cetha, Nanging Sekar wis jinja, ora bakal nggolekake utangan maneh kang
pranyata nyebabake uripe ketula-tula, kedhungsangan dadi tulang punggunge
kulawarga.
“Pak, aku wis ora kuwat yen kudu kaya
ngene. Wis to, uwisa anggonmu ngimpi,” kandhane alon ngempet rasa.
“Karepmu? Aku ora sida usaha iki? Tenan lho
Bu, percayaa aku, usaha iki ora bakal gagal. Aku butuh seket yuta wae, nek ora
isa koperasi ya coba neng bank, sertipikat omah rak ya
isih ana. Mengko separo taknggo mbukak usaha, separo disimpen kanggo jagan
setoran sakdurunge usaha iki metu asile. Tenan, iki prospeke apik,”kandhane
Wibi makantar-kantar.
Sekar gedhek alon. Kelingan kabeh usaha
kang wis tau dicoba Wibi, kelingan menawa saben usaha pungkasane dheweke sing
kudu nandangi, kamangka saben dina kudu mulang minangka guru. Kelingan sidane
babarpisan Wibi ora tau nyetori kabeh utange, sidane tetep gajine sing dinggo
anggel. Kelingan sidane tetep dheweke sing kudu ngingoni lan ngragati
anak-anake.
“Goleka gaweyan wae. Gunakna sekolahmu,
kepinteranmu. Aku wis ora bisa golek utangan, wis ora ana gaji sing dipotong,”
kandhane tandhes.
“Ohh, dadi saksuwene iki kowe ora eklas ya
gajimu dinggo ngragati keluarga, apa ora eman ganjaran sing kudune kok tampa,
ilang marga rasa kurang eklasmu,” kandhane Wibi wiwit muntab.
“Ora sah mbiji ganjaranku, Mas. Kabeh ing
ngarsane Gusti. Ben Gusti kang mbiji eklas lan orane atiku. Nanging aku
minangka bojo wajib ngelikake, Mas. Kabeh wragat kanggo uripe keluarga iki dudu
tanggunganku, nanging tanggungjawabmu. Mbokya paribasan gajiku ki milyaran,
kewajibanmu ora gugur, senadyan aku eklas. Apamaneh kahananku wis sarwa kurang
kaya ngene. Goleka gaweyan, dudu akeh utawa sithike bayarmu, nanging usahamu. Aja
mung ngimpi terus gawe rancangan....,” dleweran banyu bening wiwit nelesi pipi.
“Ohh...dadi pancen kowe wis ora trima ya
duwe bojo kaya aku. Isaku pancen mung kaya ngene. Nek kowe wis ora isa, yen
kowe ketemu wong lanang sing isa nampa kowe karo anak-anakmu, takculke...,”alon
nanging teges ukara kang metu saka Wibi.
Kaya thathit kang kumelap ing mangsa ketiga
kanggone Sekar. Luh bening kang kober ndlewer dadi tangis ngguguk. Dudu, Sekar
dudu wanita gembeng, nanging ukarane Wibi mujudake godham kang ngruntuhake
jejering wanita, jejering bojo. Iku tegese Wibi ora bakal nasibe
Sekar lan anak-anake, Sekar kudu cancut madeg minangka adege keluarga.
Wiwit kuwi wis ora ana maneh rasa tresna
kang bisa ngrembaka. Omah-omah mung sakderma ngentekake wektu kang terus
lumaku. Pisan pindho tuwuh ing pikirane kanggo mungkasi talining bale somah,
nanging saben-saben nyawang Yudha lan Rasti, atine tidha-tidha. Wusana anane
mung sandiwara, ayem tentrem kang kasat mata, nanging saktenane garing aking
tan ana rasa. Kadya kembang-kembang paesan kang manca warna.
Sedhep endah edi sinawang nanging babar pisan tan ngganda wangi. Nganti kapan?
Mung Gusti kang maha pirsa.
Sriyanti
S Sastroprayitno, lahir
ing Sragen, 5 Februari 1969. Alumnus Kimia FMIPA UGM iki sabendinane mulang ing
Departemen Kimia Fakultas Sains lan Matematika UNDIP Semarang. Katresnane
marang basa lan sastra Jawa sakliyane memaca uga diwujudake tulisan. Nate
menang ing lomba esai ngenani Crita
Sambung ing kalawarti Panjebar Semangat: Cintrong Traju Papat (2006), lan juara
II nulis Geguritan Bebrayan yayasan Podhang (2020). Buku gurit tunggal: Mecaki Wektu (2021) mlebu nomine buku
gurit penghargaan Prasidatama Balai Bahasa Jawa Tengah (2021). Siji-loro
Cerkak, esay lan gurite nate kapacak ing Panjebar
Semangat, Jayabaya, Djaka Lodang lan
Jagat Djawa Solopos. Buku kumpulan gurit bebarengan kang nate ditulis Wanodya (2017), Wanodya (2018), Wanodya
(2019), Sakwijining Wektu Mengko (2019), 25 penulis Terpilih
Sayembara nulis geguritan Omah (2020)
lan Japa Lampah (2021).Bisa disapa
liwat FB: Yanti S Sastroprayitno, Ig: Yantiprayitno, Youtube: Sri Yanti lan
email: syantichem87@gmail.com. No.
WA: 082134925147.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar