Sabtu, 20 November 2021

 

K A R Y A

NYAI DEWI BARDAL DERSANALA

 

Welinge Simbah

 

Ngger putuku bocah ayu

Iki jaman jamane lagi era eru

Kalabendu wus lumaku

Akeh pejabat morale bejat

Wong pangkat  mburu drajat

Lali sumpah dadi wakile rakyat

 

Akeh wong cilik  kanggo ancik ancik nggayuh unggul

Pawitan manising tembung bisa ngobong pari salumbung

 

Ngger putuku bocah bagus

Elinga pituture wong tuwa

Pigunakna unggah ungguh  basa lan tata krama

Kuwi sarana meper hawa angkara murka

 

Aja kulina dakwen

Open tembung kang ora piguna.

Muna muni den ngati ati

Pamrihe bisa slamet lakumu

Tumuju dalan bener tekan duk ing nguni

 

Aja keblinger janji manis ubaling apus krama

Tundhone ing samengko mung gawe perih

Yen pancen kanggo mbelani bener

Labuhana wani kanthi wutahing getih.

 

Nyai Dewi Bardal Dersanala, adalah nama pena dari Bardal, S.Pd.Jas yang saat ini kesehariannya mengajar sebagai Guru Olahraga Kesehatan. Aktif sebagai Pelestari Budaya Kraton, penulis sastra, penulis naskah drama kethoprak, penyanyi campursari, sinden, dhalang ruwat, rias pengantin, pendongeng bocah, dll. Buku yang pernah ditulis yaitu Oncek oncek Pala kependhem (berisikan Sejarah Dusun Cekelan, Sejarah Ki Sodewa). Karyanya berupa cerkak, geguritan, macapatan permah dimuat majalah Mekarsari, harian Kedaulatan Rakyat. Geguritannya dimuat di buku Weling Sinangling (Antologi Geguritan Dinas Kebudayaan DIY 2018) dan Tilik Wewisik (Antologi Geguritan Dinas Kebudayaan DIY 2019), Kluwung Lukisan Maha Cahaya ( SastraKu, 2020), Duhkita ( Pusaka-Ku, 2021). Tinggal di Dayakan, Pengasih, Kulon Progo.


************________***********


ERNA DWI ASTUTI

 

Kadang Tani

 

Saka guru ekonomining negri

Nandur pari amrih amratani

Nggulawenthah ngrupti pratiwi

 

Linambaran niat kang suci

Marda mardikaning sesami

Palawija pinangka sarana

Mbudidaya marga pangupajiwa

 

Esuk enjang sorene sonten

Adus kringet ora kinten-kinten

Cukat trengginas sanak lan kadang

Tetep tumandang sanadyan akeh pepalang

Memuji ngandhapake atur

Mugi tuwuh kang sarwa tinandur


Banjarsari, 2021

 

Erna Dwi Astuti, seorang ibu rumah tangga yang menyenangi dunia tulis-menulis. Tulisannya, terutama geguritan telah dimuat di sejumlah media. Tinggal di Banjarsari, Samigaluh, Kulon Progo. 


*************----------***********


JENG ROSE

 

Kidung Lelaku

 

Sumeleting surya datan dadi pepalang

Anggonku lumaku ngetutake rasa

Kang wus  ora kuwawa menawa mung dak simpen

Ing sajroning dhadha

Munggah mudhun menggak-menggoking dalan

Datan gawe kedher anggonku bakal tetirah ngilangke sengker

 

Sawetara wektu anggonku lumaku

Bagaskara tumungkul ngudhari rasa

Sumiliring angin anggawa aruming dupa

Saya cetha keprungu kidung umbul donga

Alon aku tumapak ing paseban

 

Ing kono Ndika wus lenggah sawetara

Soroting netra kang kebak perbawa

Pasuryan sumunar kadya lintang

Solah bawa kang prasaja

Nedahake menawa Ndika priyagung kang tansah dadi tuladha

Tumrap sedaya kawula

 

Alusing budi lan kawaskithan katon nyawiji

Ora selak ati wus kayungyun

Kepengen nyesep ilining madu

Nyadhong wutahing ngelmu

Kang bisa kanggo sangu anggonku lumaku

Lan neges jatining agesang

                                                                                    Kembang Lampir, 22 Agustus 2021



Jeng Rose, adalah nama yang selalu disertakan dalam setiap karya perempuan bernama asli Rusmiyati. Dengan bekal ijazah S1 PGSD Universitas Terbuka UPBJJ Yogyakarta ia mengabdi sebagai Guru Tidak Tetap di SDN 2 Pandowan Galur KP sejak 2007. Geguritannya dimuat diantaranya di buku Kluwung Lukisan Maha Cahaya ( SastraKu, 2020), Duhkita ( Pusaka-Ku, 2021). Selain bidang Sastra Jawa ia juga menggeluti bidang seni tari (Alumni Akademi Seni Budaya Yogyakarta 2016), karawitan dan seniwati kethoprak . Saat ini tinggal di Galur, Kulon Progo.






Tidak ada komentar:

Posting Komentar

  K A R Y A     AHMAD MALIKI MASHAR     Suluh Penyuluh   Mulut berbisa mengurut luka Menepuk dada tersuruk bangga Berlulur s...