Jumat, 20 Agustus 2021

KA R Y A

IKA ZARDY SALIHA

 

 

Kembang Garing

 

Arummu wis musna kabuncang mangsa

wernamu wis ilang kagarang angin

mekarmu wis alum karengkuh dina

nanging, sliramu tetep kembang

 

Kembangku kang randhat dak temokake

nalika crita wis kebacut dawa

nalika gurit wurung kaanggit

 

Kembangku

kembang ati

kang tan winates blegering wujud

bakal dak regem permati

senadyan mangsa bakal gumanti

 

Pengasih, 17 Oktober  2020

  

Ika Zardy Saliha, nama pena dari Barokhatussolehah, seorang pendidik di Kementrian Agama. Pernah memenangkan sejumlah lomba menulis maupun guru berprestasi. Karya-karya antara lain dapat ditemui di buku antologi Sastra Jawa terbitan Dinas Kebudayaan DIY.  Tinggal di Pengasih Kulonprogo.

 

***----------***

 

 

D’ EROS SUDARJONO

 

 

Nampa Ganjaran

 

Teka sawayah-wayah

nrajang jalma titah tanpa kapilah

ndonya tansaya lungkrah

apa pakarti manungsa sing banget ora kaprah

sapa sing salah?

 

Dudu kenthong titir gawe kuwatir

bendhe tengara sukma bali marang gustine

nanging sasat saben wektu

rodha rikat sajak kesusu

jerit ambulan turut ndalan ninggal tatu

nganti kapendhem esem guyu

 

Minangka ganjaran

lila legawa nampa kanyatan

murih tentrem bebrayan

tansah manut marang pranatan

kenceng gondhelan ing paugeran

tumeka pungkasan

 

Aja sumelang

sabar tawakal bisa aweh pepadhang

krekah krenah bebaya ilang

nyenyuwun barokah sang hyang wenang

 

24 Juli 2021

D' Eros Sudarjono, lahir di Jombang 1970. Jebolan Fak. Bahasa & Sastra Inggris, selain menulis gurit dan puisi juga melukis (sketsa). Sejumlah karyanya dalam bahasa Jawa dan Indonesia telah dimuat di puluhan buku antologi bersama. Tinggal di Jombang Jawa Timur.

 

***----------***

 

 

 

SARONO SYARIEF

 

 

Wengi Ahad

 

Wengi ahad tiniba ing ngarep omah

Ati ayem bungah sumringah

Bakda magrib mengko

Aku arep ketemu karo kenya ayu wong loro

Ana joglo ngisor wit mlinjo

 

Wengi ahad udan ora terang-terang

Ati sansaya sumelang

Janji  ketemu  bakal kapiran

Acara wong loronan

Dadi bubar ambyar

Ora sida nggelar tikar

Ngrasakke enake iwak bakar

 

Wengi ahad listrik mati

Nambah petenge jagad

Dhuh biyung, marang sapa aku bisa sambat?

Ngaji

 

Ayo padha ngaji, nyai

Ngeja aksara alif ba tsa jim

Nimbal alif laam miiim...

Wejang saka sing maha paring

Urip iku kudu tansah eling

Ora kena lali

Maring ngendi kita kabeh iki bakal bakal bali?

 

Ayo padha ngaji, nyai

Mumpung nyawa isih ana ing sakjeroning raga

Aja ditundha-tundha!

 

Paninggaran-Pekalongan, 27.12.2020

 

Sardono Syarief, lahir di Sragi Pekalongan, Jawa Tengah. Selain mengajar di SD Negeri 01 Domiyang Kecamatan Paninggaran Kabupaten Pekalongan, ia juga sering menulis prosa dan puisi di sejumlah media cetak lokal dan nasional. Bagi yang berminat mengenal lebih jauh bisa menghubungi nomor : 0852 2625 2146 utau email: esdeensyarief583@gmail.com

 

***----------***

 

 

NYAI BARDAL DERSANALA

 

 

Yuswa Tuwa

 

Mecaki dina mungkasi warsa Ora krasa yuswa mundhak tuwa 

Ananging tuwa iku nugraha paringane kang maha kuwasa

 

 Istingarah muga tansah diparingi rahayu widada ora kurang sawiji apa

 

Rasa pangrasa dipantha-pantha 

Endi sing becik endi sing ala

Dadi panglimbaning rasa

Sing apik diupakara sing ala ayo dibuwang adoh kana

 Supaya  aja dadi memala

 

Panyuwunku dadya tuwa uripa kang tetep piguna

Aja tuwa tuwas gawe pituna

Muga tansah pinaringan ayem tentrem bagas waras bagya mulya

Kalisa ing sambikala

Tinebihna saking rubeda.

 

Sapinggiring kali 28-12-2019

 


Nyai Bardal Dersanala,  nama pena dari Bardal S.Pd., Jas, kesehariannya mengajar di sebuah sekolah negeri di Kulonprogo. Pengiat seni-budaya. Sejumlah karyanya dimuat buku antologi sastra Jawa terbitan Dinas Kebudayaan DIY muapun buku antologi prosa-puisi terbitan Komunitas Sastra-Ku.  Tinggal di Pengasih Kulonprogo.

 

 

***----------***


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

  K A R Y A     AHMAD MALIKI MASHAR     Suluh Penyuluh   Mulut berbisa mengurut luka Menepuk dada tersuruk bangga Berlulur s...