Sabtu, 07 Agustus 2021

K A R Y A

 

Kaget Kepati

Cerkak :  D Eros Sudarjono

 

Wanamerta isih kemulan pedhut tipis. Pancen mangsane rendheng. Apamaneh Wanamerta klebu tlatah sing dhuwur. Salah sijine desa ing sikile gunung Kelud sisih kidul kulon. Dadi ora nggumunake yen hawane adhem. Tansaya yen wayah wengi. Kiwa tengen desa isih akeh wit-witan gedhe, senajan rada adoh teka wewengkon alas gung.

Awan kuwi, kuburan Wanamerta wis bali sepi. Wong-wong padha bali ana omahe dhewe-dhewe. Pemakaman jisime Narto, anake kang Gito, sing tilar donya wingi sore wis rampung. Dalanan uga wis bali kaya biyasane. Pancen ora sepira akeh kang liwat. Omah-omah akeh kang tutupan lawang. Sakwise saka kuburan, kabeh padha nerusake gaweyane ana sawah.

            Nanging mbalene pakdhe Gito isih reja. Sanak kadang saka liya desa isih durung bali mulih. Padha gayeng anggone rembugan. Tengah mbale isih temata jajan lan banyu gelasan. Apamaneh sing ana mburi. Tangga kiwa tengene lagi umyek olah-olah kanggo nyiapake slametan. Pancen pakdhe Gito dinane kuwi lagi kasusahan. Kepaten salah sijine anake lanang sing kembar, Narto. Krana sikil sing ngidak beling nalika ngresiki kalenan cedhak sumur ndadekake tetanus nganti nggawa tekan patine.

            Narto beda karo dulur kembare, Nardi. Bocahe meneng, sregep, tekun nyambut gawe. Enthengan menawa ana tangga teparo sing njaluk tulung. Kosokbaline, Nardi rada ndableg. Nek perkara penggaweyan pancen ora beda karo dulure. Dhasare kang Gito lan yu Sinem, bojone, karo-karone dudu wong kesed. Mula nurun nang anak ya ora tampik karo sembarang gaweyan.  Mung bedane, yen Narto meneng, Nardi seneng njaragi sapa wae. Senajan karep satenane mung guyonan nanging sok kebangeten.

            Tau kedadeyan mbokdhe Karmi kepuyuh ngenggon ya merga pokal gawene Nardi. Nalika iku mbokdhe Karmi lagi ana tuwangan kulon desa. Dheweke lagi bubar ngendhangi anake sing mentas babaran. Ora kesusu nggone mlaku. senajan dalane sepi tur peteng nanging merga biyasane ya ora ana apa-apa, mula dheweke ya blas ora nduweni rasa sumelang.

             Dumadakan..! Meh entek-entekan tuwangan, mak bedunduk ...! Ana wujudan putih metu teka grumbul. Kaya ngapa kagete mbokdhe Karmi. Cangkem nganti ora kuwawa mbengok merga wis entek atine. Wujudan kuwi ora terus ilang. Nanging malah banjur mara nyedhaki mbodhe Karmi.

            "Tak rewangi nyangking gawane, Mbokdhe !" cluluke wujudan mau karo mbukak sarunge sing werna putih. Senter sing ana tangane mbokdhe Karmi diurubna. Karo isih gemeter, senter kuwi dinggo ndeleng praupane wujudan putih sing wis gawe gawete.

             "Owalah Nar... Nar....! Kowe kok seneng gawe kagete wong tuwa ! Tujune aku isih kuwat. Lha upama nganti ceblok jantungku, apa aku ora modar ning kene iki mau ?" mbokdhe Karmi alok setengah rada nesu saking jengkele atine.

            Ngerti yen mbokdhe Karmi nesu, Nardi ora malah wedi. Dheweke mung ngguyu nggleges karo nyandhak anting sing ana tangane mbokdhe Karmi. Kedadeyan kaya ngono kuwi ora mung pisan pindho. Wong Wanamerta nganti apal karo patrape Nardi ngono kuwi.

            Rata-rata warga desa Wanamerta padha nggarap sawah utawa tegal. Pancen ana sebageyan sing dadi pegawai negeri, nanging cacahe bisa dietung nganggo driji. Mula dina-dina masarakate mung tandang gawe ana sawah utawa tegalan. Kaya kang Sarjo lan bojone, yu Sarti. Manten anyar sing lagi entuk setaun nggone omah-omah lan durung nduweni momongan. Yu Sarti, prawan asli desa kono. Dene kang Sarjo asal teka desa Wringinrejo, desa liya ana sisih kidul Wanamerta.

            Dina iku kang Sarjo isih kemulan brukut ana njero senthong. Isih rada aras-arasen arep tangi merga wis ora sepira akeh penggaweyan ana sawah. Wis rong dina kepungkur olehe bubaran tandur. Mula budhal menyang sawah mung saperlu ngendhangi mbokmenawa ana tanduran sing perlu disulami karo ngatur iline banyu. Beda karo bojone, yu Sarti tetep kaya biyasane. Bubar shubuh dheweke wis tangi. Senajan gaweyan sawah wis rada sela, nanging tetep penggaweyan ngomah ora ana lerene kanggo wong wadon. Tangi turu dheweke bablas njujug pawon. Ngentepna panci isi banyu nang ndhuwur luweng, banjur nyumet tebonan garing kanggo urup-urup. Pecelan kayu mahoni ditata ana cangkem luweng. Ngenteni sawetara wektu nganti genine dadi. Bareng wis dirasa cukup, lagi dheweke menyat nang padusan mburi omah. Lagi wae arep mathuk lawang padusan, dheweke mbengok sakayange.

             "Haaaaaaaaaaaaaahhhhh..... !" Yu Sarti nggeblak, semaput.

            Wis jamak lumrah urip ana desa. Menawa ana tangga sing lagi nandhang kesusahan, kabeh mesthi bakal padha teka ngertakna. Ora ketang mung takon kahanane. Senajan ora bisa menehi pitulungan, saora-orane kuwi minangka wujud kawigaten anggone tetanggan. Gandheng karo kedadeyan esuk mau, omahe kang Sarjo kebak uwong. Ana njero senthong, kang Sarjo lungguh karo mijeti sikile bojone sing isih durung sadar. Mbokdhe Karmi bola-bali ngolesi irunge yu Sarti nganggo minyak kayu putih.

            "Dhik....!" aloke kang Sarjo lirih.

             "Sadar ta, Dhik!" dheweke nerusna anggone nyambat sing wedok.

            "Sabar, Jo", mbokdhe Karmi sing nyemauri karo ngelus pundhake kang Sarjo alon.

            "Iki mau critane kepiye ta, Jo?" pitakone mbokdhe Karmi.

            "Aku dhewe ya ra sepira genah, Dhe! Aku isih nang njero senthong. Dheweke wis nang pawon nggodhog banyu. Lha terus ngerti-ngerti mbengok banter ngono, Dhe !" kang Sarjo crita runtute kedadeyan sing dialami bojone. "Aku gage tangi. Ngerti-ngerti Sarti wis nglethak ana ngarep padusan kono”      

Lik Minten mlebu karo nggawa teh anget sagelas gedhe.

"Wedangmu digawa mrene sisan pa piye, Jo?" lik Minten nakoni kang Sarjo sakwise ndeleh gelas ana ndhuwur meja. Dheweke sing nerusake penggaweyane yu Sarti ana pawon.

            "Ora usah, Lik. Mengko tak jupuke dhewe," kang Sarjo semaur kanti polatan suntrut nyawang kahanane bojone.

            "Wedangmu tak jupuke dhisik, Dhe", lik Minten metu tanpa ngenteni semaure mbokdhe Karmi.

            Meh bareng karo tekane lik Minten sing njupukna wedange mbokdhe Karmi, yu Sarti katon kruget-kruget tangane. Kang Sarjo gage nyandhak tangane sing wedok. Digegem kenceng. Kaya-kaya arep menehi tambahan kekuwatan.

            "Kang.....!" suwarane yu Sarti keprungu alon.

            "Iya, Dhik! Wis tenangna dhisik atimu. Ora perlu crita dhisik," ujare kang Sarjo ngedhem batine bojone.

            Sakwise ngenteni sawetara wektu, ambegane yu Sarti bali temata. Dheweke banjur tangi. Karo direwangi sing lanang, dheweke lungguh. Polatane isih katon rada pucet. Mbokdhe Karmi ngelungna teh sing wis rada adhem.

            "Saiki critakna geneya kok nganti kowe mbengok kae mau ? Malah njur semaput barang?" kang Sarjo takon sakwise katon yu Sarti wis luwih tenang.

            "Aku kaget banget, Kang!" semaure yu Sarti lirih.

            "Lha sing njalari kagetmu kuwi apa ta, Ti?" lik Minten melu nyela takon.

            "Bubar ngurupna kayu ana luweng, aku gage nang padusan. Lha wong ya wis selak kebelet. Lha kok mara-mara Nar njedul ana sandhing sumur ta, Lik !" kandhane yu Sarti. Polatane balik katon pucet maneh.

            "Woalaaaaaahhh......! Nardi ki pancen kurang ajar kok. Ora pisan pindho nek gawe kagete uwong!" aloke mbokdhe Karmi ngemu jengkel. Merga dheweke wis tau ngalami kedadeyan kaya ngono kuwi.

            Pancen omahe kang Sarjo ungkur-ungkuran karo omahe lik Gito, bapake Nardi. Sumure uga isih dadi siji senajan padusane dhewe-dhewe. Mula sasat saben wektu, keluwargane kang Sarjo karo kluwargane lik Gito kepethuk ana sandhing sumur kono.

           "Ya wis mengko tak kandhanane lik Gito. Ben dituturi si Nardi kuwi. Kareben ora dibaleni maneh olehe sok gawe kagete uwong!" ujare kang Sarjo.

            "Iya, Jo! Aku dhewe ya wis rumangsa gregeten nek ngrasakna polahe Nardi kuwi !" mbokdhe Karmi melu nambahi.

"Nek upama Nardi sing tak pethuki isuk mau, aku ora sepira kaget, Mbokdhe!" ujare yu Sarti.

            "Lha terus....?" lik Minten nguber takon.

            “Isuk mau sing methuki aku ana cedhak sumur dudu Nardi…" semaure yu Sarti. "Nanging Narto!" raine yu Sarti sakala pucet maneh. Tangane katon gemeter.

       Kabeh sing krungu kandhane yu Sarti padha blangkemen. Ora ana sing kumecap babar pisan. Kabeh padha kaget kepati.

 

Jombang, 2021

 


D' Eros Sudarjono, lahir di Jombang 1970. Jebolan Fak. Bahasa & Sastra Inggris, selain menulis gurit dan puisi juga melukis (sketsa). Puluhan karyanya sudah diterbitkan dalam beberapa antologi. Beberapa naskah juga pernah dimuat dalam sejumlah media cetak dan elektronik. Akun medsos : Didik Eros Sudarjono (fb/ig)

 

***----------***

 

 

========

 Edisi kali ini laman Sastra-Ku juga memuat puisi karya pemenang lomba baca puisi tingkat SMP/Sederajat puisi yang diselenggarakan Dinas Perpustakaan dan Kearsipan Kabupaten Kulonprogo pada bulan Mei lalu.

 ========

 

 

AMI MARITA G.

 

 

Ganda Legenda Bangsa

 

tak banggakah engkau pada aset negara?

penyumbang emas pertama untuk bangsa

kado terindah 76 merdeka

 

pernah di ragukan para pemirsa

tapi ditunjukkannya dobrakan harapan bangsa

sejarah kau ukir, prestasi kian mengalir

 

kelak namamu akan selalu terkenang,

selalu terbayang bagai kunang

seluruh masyarakat berbangga,

terimakasih legenda

 

MERDEKA!

 

 

Girimulyo, 2021

 

 


Ami Marita Gantari, siswi SMP N 1 Wates. Juara pertama Lomba Baca Puisi tingkat SMP/Sederajat se-Kulonprogo yang diselenggarakan Dinas Perpustakaan dan Kearsipan Kabupaten Kulonprogo tahun 2021. Tinggal di Girimulyo Kulonprogo.

***----------***

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

  K A R Y A     AHMAD MALIKI MASHAR     Suluh Penyuluh   Mulut berbisa mengurut luka Menepuk dada tersuruk bangga Berlulur s...