Jumat, 21 Agustus 2020

K A R Y A


MARJUDIN SUAEB

  

Tanggaping Warsa Enggal

 
Mendah apa kathik sawarsa rasa sawulan
Sawulan rasa sadina
Sadina antuk punapa

Nora kulak rasa rugi
Banjur apa maneh kang bisa kaaturaken

Kajawi ling dineling sami ling kineling
Lik kinilikaken mring samukawis lir
Saha
Ngamal lampah kasaenan
Dalem ngandikanipun firman Gusti Pengeran
al ashr
Pun tadabburi

Yk.2020

 
Jenang Manggul

 
Jen hanginjen nang ngarah marang laku celathu diri...
Hamanggul wasiat memayu hayuning bumi..
Awujud bubur kalbu ala kalebur iki sasi..
Wos kacampur sawarnining kacang
Wosipun bisa rukun

guyub dados rosa anggenipun hamanggul gawaning ngagesang kiblat papat kalima pancer.

Jenang bubur manggul ginureh santen
Bisoa lebur tinolak balak reridhu kelem kleleb lebeting seganten....

Mila wulan Sura wulan haram haram acecongkrah. Wosipun nyawiji kadyanta jenang bubur manggul kadhahar sapurnaning laku dikir wirid jopa japu

Cegah bantal cegah guling..
Sare dhahar longan
Mugi tansah sarwi angelong-longi

 
Yk.2020

 

Marjudin Suaeb, salah satu sastrawan senior jebolan Persada Studi Klub (PSK) asuhan Umbu Landu Paranggi ini namanya tercatat di buku  Apa Siapa Penyair Indonesia (2017). Buku antologi puisi tunggalnya Bulan Bukit Menoreh (Sabdamedia, 2016). Puisi masuk di sejumlah buku antologi diantaranya Gunungan, Ziarah, Penyair Jogja 3 Generasi, Lima Tujuh Lima, Cermin Akhir Tahun, Parangtritis, Gondomanan, Nyanyian Bukit Menoreh,  Membaca Hujan di Bulan Purnama, . Geguritannya masuk di buku Tilik Weweisik (Disbud DIY, 2019). Tinggal di Bumirejo Lendah Kulonprogo.

***----------***

 

 

BARDAL DERSONOLO DEWI

 

 Suran

 
Pancene mono  Sura kuwi wis dadi adat lan  budaya Jawa
Padha prihatin lan nggenturake tapa bratane
Murih bisa padha bekti ngluhurake kang Sinuba sinukarta
Mula kang rumangsa dadi wong Jawa
Murih bisa   nglarasake karo kahanan 

 
Ana tetembungan wong Jawa aja ilang Jawane
Nadyan urip iku tan bisa pisah karo kahanan
Mula  Sura mugiya dadi pralampitaning jantra
Nadyan kabeh iku kawengku ing paugeran uga pranatan

 
Sura ing kalane iki
lakuning mangsa lir gabah den interi
Dayane  mbabar mobah musiking donya
Kuwawa agawe bosah baseh peprentahan
Gawe montang mantinge bocah kang golek kepinteran
Gawe rontang ranting atine wong tuwa kang ora bisa nyembadani kekarepan

 
Wulan sura  prayoga sing padha menep
Nenepi sajroning sepi
Dimen eling, metani lakune kodrat
Pasrah lan uga dikantheni tansah mbudidaya
Percaya marang limbaning Gusti kang Maha Kuwasa

 
Istingarah Sura muga bakal dadi dalaning nemu beja
Sesantine padha eling lan waspada Memayu hayuning bawana
Eling sangkan paraning dumadi.

Sapinggiring Progo, 2020

 
Bardal Dersonolo Dewi,  kesehariannya mengajar sebagai Guru Olahraga Kesehatan. Aktif di berbagai bidang seni: sastra, kethoprak, penyanyi campursari, sinden, dhalang ruwat, rias pengantin, pendongeng bocah, dll. Buku yang pernah ditulis yaitu Oncek oncek Pala kependhem (berisikan Sejarah Dusun Cekelan, Sejarah Ki Sodewa). Karyanya berupa cerkak, geguritan, macapatan permah dimuat Mekarsari, Kedaulatan Rakyat. Geguritannya masuk di buku Weling Sinangling (Disbud DIY 2018) dan Tilik Wewisik (Disbud DIY 2019). Tinggal di  Perum GBA No B.50  Dayakan Pengasih Kulonprogo.

***----------***

 

 
JENG ROSE

 



Kidhung Pandhan Segegek

 
Gumlewange Sang Bagaskara ing sisih kulon
Amungkasi lelakon kang wus kawuri
Mobat mabiting kahanan
Kang ara bisa den selaki
Prasangka, pandakwa kang ora bisa den endhani
Kabeh ora mung bisa den getuni
Nanging...wus wancine kanggo mawas dhiri

 

Sawangen .....
Jembare segara tan bisa ngluwihi jembare kasabaran
Gedhene ombak tan bisa ngluwihi gedhene tekad
Kanggo njejege bebener
Kanggo neges sejatine agesang
Kanggo mulad sarira murih ora nerak paugeran

 

Ing ratri iki
Sineksenan angin kang nrabas pucuking pandhan
Kumlisiking kidhung segara kidul
Tulus prasetya ing jero ati
Lelakon kang ora becik bakal den pungkasi
Murih pikantuk berkahing Gusti

 

Pandhan Segegek, 1 Muharram 1442/20 Agustus 2020


 

Jeng Rose, bernama asli Rusmiyati S.Pd. Lahir 2 Mei 1977. Kesehariannya mengabdi sebagai Guru Tidak Tetap di SDN 2 Pandowan Galur KP sejak 2007. Prestasi di bidang sastra:  Juara I Lomba sesorah antar Guru SD se Kabupaten Kulonprogo (2017), Juara I lomba penulisan cerkak Tingkat Kabupaten (2018). Juga menggeluti bidang seni tari, karawitan dan kethoprak. Geguritannya masuk di buku Kluwung Lukisan Maha Cahaya (Antologi Puisi dan Prosa Komunitas Sastra-Ku, 2020).

***----------***

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

  K A R Y A     AHMAD MALIKI MASHAR     Suluh Penyuluh   Mulut berbisa mengurut luka Menepuk dada tersuruk bangga Berlulur s...