Geguritan
BLEDHEG
-
Dening Ki Soegiyono MS
Glaarrrrrrrrrrrrrrrr................
Suwara bledhèg nyigar bumi
Ing sela-sela kumrosaking suwara udan
Kang gawa bala mayuta-yuta
Malaikat mratitisake tustèlé
Rupa gebyar thathit
Kang motrèt madyapada
Kang kekemul dosa angkara murka
Ora mokal sedhela meneh
Pulo Jawa slulum lan kèrem
Kabotan momotan
Uga ora mokal
Para kang pralaya
Dikubur ngadeg
Awit kentekan kisma
Ditadhah taramangsa
Dening Bathara Kala partikelir
Panjalman wong-wong srakah
Wisma Bodho, Januari 2020
Ki Soegiyono MS, Karyanya berupa cerpen, puisi, geguritan,
cerkak, esai berbahasa Jawa pernah dimuat di Kedaulatan Rakyat, Djoko
Lodang, Penjebar Semangat, dll. Bukunya: Prasaja
(antologi cerkak, 2007), Gurit Tawon
Madu (kumpulan geguritan, 2016), Waspa
Kang Nyalawadi (kumpulan cerkak, 2017), Kang
Kumlebat (kumpulan macapat, 2017). Pernah
mendapat penghargaan “Pelestari Seni Sasrta Jawa” dari Pemkab Kulon Progo dan “Kesetiaan
Berkarya dalam Bahasa Jawa” dari Balai Bahasa DIY. Budayawan yang dijuluki “Ki Macan” ini kesehariannya (kecuali malam Jumat) menerima konsultasi spiritual. Tinggal di Wisma Bodho Ngestiharjo Wates Kulon
Progo.
*** ----- ***
SALOKA SINANGLING KINARYA PEPELING
-
Dening Nyai Dewi Dersanala
Humiring angrerangin lir swarane gendhing santi mulya
Atur puja asesanti pudyiastuti.
Kunjuk maring
Hyang Widhi. Kunjuk para leluhur nguni
Para kusumaning
bangsa hingkang sampun surut kasedan
jati .
Ujub pandonga kinarya sarana, Ginadhang mugya tentrem
Ngeksi ganda,
Kulonprogo Rinengga, miwah Saindenging Bawana loka.
Maneka adad lan budaya, Maneka suku lan agama,
Istingarah sageta Ngemot tata lan pranata. Dadya tepa
tuladha,
Bener ora kudu padha. Benere ngrumangsanana.
Becike nuladhani, Beda beda dudu satru.
Beda beda nora ginawe padu,
Golong gilig tekad, ati tetep gumolong nyawiji
ngrungkebi ibu pertiwi.
Suka syukur kang samya tinandur. Ayem, bungah kang tansah
tinadhah
Kablebeg ing sih segara madu
Sedya tama, mudha mudhi, Pangarsa, wiratamtama Kulonprogo.Tansah
meminta kanthi Madheb manteb, Sareh sumeleh, Nyingkur tutur kang goreh rongeh
Nora ngumbar durangkara. Nora dhemen munasika.
Dhemen laku becik nora kadereng milik
Dhemen laku jujur, datan ngumbar angkara dur.
Ngudi Jaya nyawiji , Jaya wijayanti, hambeging darmastuti
Reruwet kudu diruwat, Sangune tirta perwitasari
Humiring estining sedya Kinarya masuh memalaning negari
Sekar setaman, kinarya wungkal bener,
Kanggo ngasah
mingising budi
Dupa kumelun kaca wirangi, Kangge memayu hayuning sesami
Siaga gati nyawiji pakarti
Pantheng ciptanipun, Lir hamantheng gandhewa luhur
Ngulir pikir, Ngolah manah, Njaga raga. Njaga rasa bumi
Kulonprogo. Njaga Nusa lan bangasa.
Anglaras ilining tirta haywa kongsi kentir tumindak
kang nalisir.
Eling jangkane , Waspada jangkahe , Pener ancase
Guyup rukun, Nyingkir nyingkur pakarti wengis. Nyawiji
tekad murih kabeh kasembadan
Linambaran sih katresnan, mad sinamadan
Dadya tata titi
tentrem Bumi Arum Kulonprogo sumrambah ing Nuswantara.
Asesanti
: SANTI MULYA.
Santi mulya, murih luhur mulyaning negara, Indonesia
pasti jaya.
Pareng saking golonging sedya tama, manunggal murih
santosa
Cipta rasa budi
karsa.
Gumelaring memayu hayuning bangsa, basuki yuwana, Sigra
sirna papa sangsaya.
Asung budya akanthi eling lan waspada. Bebrayan agung
Pancasila
Mangambar gandanya Arum Indonesia tetep Merdika.
Yitma yuwana, lana tulus tata raharja.
Nusantara jaya.!!
Jaya ..Jaya Wijayanti.
Sura Dira Jayaning Rat Lebur Dening Pangastuti.
Kulonprogo 1 - 03 –
2020
Nyai Dewi Dersanala, perempuan yang mempunyai nama asli Bardal,
S.Pd.Jas ini adalah seorang pendidik di SD N 2 Wonorejo Nanggulan. Karya geguritannya dimuat di sejumlah media
cetak dan online, termasuk di buku Tilik Wewisik: Antologi Geguritan (terbitan Dinas Kebudayaan DIY, 2019). Saat
ini aktif di kepengurusan Forum Sastra dan Teater Kabupaten Kulonprogo. Tinggal
di Dayakan Pengasih Kulonprogo.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar