Jumat, 17 Januari 2020

K A R Y A


Geguritan



BANJIR BANDHANG
-           Dening Ki Soegiyono MS

Nuswantara jroning mapag taun anyar 2020
Tinengeran kanthi pengaji-aji mirunggan
Uga minangka kadho
Jakarta katrajang banjir
Mobil motor padha kintir
Pating klebet gendera panalangsa
Kabeh kandha kejigung tirta
Ana pralampita sinelip
Tumrap para manggala lan nayaka praja
Banyu tansah mili, tumuju papan kang cendhek
Iku sijining pasemon
Supaya para manggala lan nayaka praja
Tansah nengenake lan migatekake
Panyuwun lan panjerite
Para kawula
Papa sudra

Wisma Bodho, Januari 2020

*** ----- ***

UDAN
-           Dening Ki Soegiyono MS

Dak pecah kaca cendhela nganggo panyawangku
Ing jaba katon ana padasan séwu
Mancur bareng saka gendhèng
Iku saweneh saka anasir patang prekara
Banyu,Geni, Bumi Angin
Pangamuking banyu, kedadeyan banjir bandhang
Pangamuking geni, kana –kene kedadeyan kobongan
Pangauking bumi akeh lemah longsor, lan horeging lindhu
Pangamujing angin akeh papan
Rebah balasah yayah babatan pacing
Kayu  seprangkul, rong prangkul rubuh katalasak prahara
Angin puting beliung.

Wisma Bodho, Januari 2020

*** ----- ***


JAMAN

-           Dening Latifah  Jahro

Rong puluh taun kepungkur
Tanduran ijo royo-royo katon subur
Nalika aku ndherekke kaki niniku tandur
Nyawang manuk kuntul baris padha mabur

Sesawangan kaya mangkono gawe reseping ati
Rasa kesel lan kepanasen oleh ganti
Yen wayah bedhug ngaso ing ngisor jati
Sinambi ngrungokake tembang Kinanthi

Dene saiki
Kabeh malih dadi tanduran wesi
Wit-witan wis padha mati
Sato kewan padha ngungsi

Angin kang semilir malih dadi lebu
Gawe seseging dadaku
Jarene jaman tambah maju
Nanging rasa tentrem tansah kaganggu

Kokap, 2019 

 *** ----- ***

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

  K A R Y A     AHMAD MALIKI MASHAR     Suluh Penyuluh   Mulut berbisa mengurut luka Menepuk dada tersuruk bangga Berlulur s...