K A R Y A
MARJUDDIN SUAEB
Gurit Sangkaning Nagari
Ya
lemahku ya tanah wutahing rah
Ujinen
jandhon unggul asor kaping sewu
Rasa
sih tinresnan jiwa gotong royong
Tansah
gugur gunung "kerja bekti"
Bela
nagari bela pati
Ya
lemahku ya pulo segaraku
Founding
Fathers saka guru nagari
Luluh
leleh lilih manjinging janji
Kenceng
temanjem riweng
Mring
taruna mudha
Ing
sadhengah wanci
Sakawit
jaman babad tekana abad
Ingga
jaman sejarah pikiran sekolah
Kinencang
kinenceng nunggal lambang
Abang
putih sang merah putih
Tan
ana kang lila kasiya-siya
Ing
sadhengah wayah.
Sun
watek sukma rohing bangsa
Gliyak-gliyak
sak tekane
Ananging
tekan
Apa
kang ginayuh kaundhuh
Apa
kang ginadhang ketandang
Saiyeg
saeka karsa
Nagari
nora amung mardika
Ya
gemah ripah loh reksaning Gusti
Yk.
2019
Marjudin Suaeb,
adalah nama pena dari Marjudin Muhammad Jalal Sayuthi. Pendidikan terakhirnya
di IKIP Yogyakarta (sekarang UNY). Jebolan Persada Studi Klub (PSK) asuhan Umbu
Landu Paranggi ini tulisannya dimuat sejumlah koran Jogja Semarang, Jakarta.
Sering baca puisi dari kampung ke kampung, dari kampus ke kampus. Namanya
tercatat di buku Apa Siapa Penyair
Indonesia (2017). Menjadi narasumber berbagai kegiatan sastra. Buku antologi
puisi tunggalnya Bulan Bukit Menoreh (Sabdamedia, 2016) dan Teka Teki Abadi
(Tonggak Pustaka, 2021). Puisi lain terkumpul di sejumlah buku antologi
diantaranya Gunungan (penyair Insani), Ziarah, Penyair Jogja 3 Generasi, Lima
Tujuh Lima, Cermin Akhir Tahun, Parangtritis, Gondomanan, Pendapa taman siswa,
Nyanyian Bukit Menoreh, dan Membaca
Hujan di Bulan Purnama (Tembi 2019), Kluwung Lukisan Maha Cahaya ( Sastra-Ku,
2020), Duhkita (Pusaka-Ku, 2021). Geguritannya masuk di buku Tilik Weweisik
(Disbud DIY, 2019). Tinggal di Bumirejo Lendah Kulon Progo.
Pacoban
Kahanan
wus pindha samudraning dhuhkita
Rinasa
dening kabeh jalma ing jagad arcapada
Tan
nyawang sapa sira
Rasa
sumelang tansah angadhang
Ing
pucuking jangkah lan pangangkah
Saben
wektu ati kebak ing rasa tidha-tidha
ngungun,
asangu was lan rangu rangu
Baya
apa kang bakal dumadi
Iki
wektune Gusti paring pacoban
Ginelar
ambelabar ing Bumi Pertiwi
Kebak
prastawa dumadi pacoban tiban
Mugya
enggal tekan mangsane gilir gumanti
Bali
marang wiwitaning uni
Angadohi
brahala, nir ing godha rencana
Kulon
Progo, 14 Agustus 2022
Ika Zardy Saliha adalah nama pena dari Barokatussolihah, S.Ag. M.S.I. Nenek ( 50 tahun ) dengan satu cucu ini memiliki hobi membaca, menulis, bernyanyi dan aktif dalam komunitas agama juga sosial. Pada Tahun 2020, mendapat tugas baru sebagai Pengawas Madrasah di Kulon Progo dari profesi semula guru bahasa Arab di MTs Negeri 3 dan MTs N 2 Kulon Progo, peraih juara 1 guru berprestasi nasional tahun 2016, mendapat penghargaan SC di UEF Finlandia (2017), menjadi sekretaris FKUB Kulon Progo, kontributor Jurnalis Madrasah. Baru menulis 90 buku dan 50 an artikel/opini yang terpublish di berbagai media. Tahun 2019 mendapat penghargaan sebagai guru inspiratif produktif dari Menteri Agama. Alamat Ika, di Perum. BSA 1 No. 32 Rt. 06 Kecamatan Pengasih Kulon Progo DIY 55652.
*****______*****
OKA SWASTIKA MAHENDRA
Kamardikan Ing Pitungpuluh Pitu
Taun
Kamardikan
iki wus akeh mataun
Wus
dudu jangkah dituntun
Diwasa
mesthi bisa nggatra kamardikan
Sapepadha
tresna tinresnan
Sing
tan kewawa sinangga bebarengan
Proklamasi
dipepetri kang temen
Nggayuh
tentrem raharja tan impen
Sesanti
sumpah amukti palapa nalika
Apatih
Sang Gajahmada
Wani
nggetih njembarake nuswantara
Saiki
pitungpuluh pitu taun kelakon bisa
Mula
aja amung ora mingsra digendra
Sithik
sithik maoni sing beda
Becik
apik srawung werna werna
Aja
rumangsa wus kejangka
Pangajap
para sesepuh nalika
Kawulane
adil makmur rena
Dina
dina kudu sengkut tandang kridha
Tansah
tumungkul mring Gustinya
Paugeran
bener tumindak sakmadya
Pitungpuluh
pitu taun wus luwih saka diwasa.
Jogjakarta
15 Agustus 2022
Oka Swastika Mahendra, penyair kelahiran Jogjakarta 22 November 1958. Pernah aktif di Teater Alam. Karya puisinya yang telah diterbitkan diantaranya Demonstrasi (1977), Aku Melihat Bumi dari Langit (2021), Membaca Bali (2022), Membaca Banyuwangi (2022). Karya non fiksi nya yaitu Sosiologi untuk SMA dan Geografi untuk SMP.
Beliau pensiunan ASN Guru SMA Negeri 1 Teladan Yogyakarta 2018. Jeda lama tidak bersastra karena kesibukan dinas. Menikah dengan Anastasia, aktris senior Teater Alam, guru SMP purna. Mulai kumpulkan karya geguritannya, karena memang berangkat dari penyair penggurit ketika kuliah di Sastra Nusantara UGM 1976 sebelum hijrah di Fak. FPIPS Geografi IKIP Yk (UNY saat ini).
Tidak ada komentar:
Posting Komentar