KUCIWA
Dening : Leni
Nursinta
Sapa
sing ora kenal Dewi Artati, bocah ayu anakke Mbok Jum, bakul peyek dhele sing
grapyak banget karo wong-wong sa desa. Dewi, ngono biasane wong padha nyeluk
dheweke. Kulit kuning langsem, irunge bangir, bathuke jembar lan parase ayu
sing nurun saka Ibune, tur ya patrape becik. Ora gumun yen akeh sing pada
kesengsem marang dheweke. Nanging ya dhasar Dewi sing ora kepengen ngladeni
bocah-bocah lanang kang padha nyedhaki, wong dheweke milih arep fokus kanggo sekolahe dhisik sakdurunge
mikir liyane.
Keluargane
diajeni karo tangga teparone, merga bisa kanggo conto sing apik lan arang
banget ana masalah. Bu Jumiyati sing kondhang merga bisnis produksi peyek
omahane, Pak Burhan sing kerja perantauan neng ibukota dadi pegawai sing ngurusi
pemasukan lan pengeluaran salah sawijining pabrik tekstil lan Dewi Artati,
bocah prawan sing sumeh, ora tau neka-neka lan kebak prestasi.
Urip
apa anane lan dadi anake bakul peyek merek "Peyek Dhele Mbok Jum, lezat,
gurih dan renyah" sing kalebu panganan kuno ing jaman modheren iki, Dewi
ora tau mindher apa maneh isin karo kanca-kancane.
"Apa
wae pakaryane bapak lan ibumu iki, sing penting halal nduk lan asile bisa
kanggo cagak urip," ngono ngendikane Pak Burhan nalika Dewi weruh
kanca-kancane sing padha diterke sekolah nganggo mobil apik sing lawange bisa
digeser, kaya duwene artis-artis kang kerep njedhul neng tipi. Tinimbang
mindher, dheweke malah seneng ngewangi Ibune mubeng desa adol peyek sing wis
kondhang kui.
Pendhak
dina sabubare sekolah, dheweke mesthi banjur menyang sanggar tari
"Langgeng Budaya" latian Tari Serimpi kanggo pentas perpisahan kang wektune
wis cumepak.
"Wi,
mengko latian tarine diundur sa jam seko biasane," kandhane Suksema Asri,
kancane Dewi.
"Iya,
Sri. Matur nuwun wis diomongi."
Kaya
biasane, Dewi tekan sanggar dhisik dhewe. Blas durung ana wong kejaba Mbak
Firda, pelatih tarine Dewi. Sakwise latian nari, dheweke banjur mulih. Wektune
ngewangi Ibune adol peyek.
"Peyek,
Bu. Peyek, Mbak"
"Peyek
dhele Mbok Jum niki, Bu. Enak, gurih lan renyah"
"Tumbas,
Mbak," Bu Ani.
"Alhamdulillah,
inggih sekedhap, Bu." Dewi marani Bu Ani. "Pinten, Bu? Niki tasih
ingkang original, ingkang godhong
jeruk sampun telas e."
"Entek
ta sing biasane kae?"
"Inggih,
Bu. Nyuwun ngapunten."
"Oh
ya wis, Mbak. Sesuk maneh wae."
"Boten
kersa ingkang original, napa? Ibu namung
damel sakedhik e, Bu."
"Bapak
senenge sing ana godhong jeruke e, Mbak.”
"Oh
nggih sampun, Bu. Pareng."
“Paling
cen durung rejekine. Ora apa-apa, mengko peyeke ibu mesthi entek,” batine Dewi
karo terus mlaku nawakake dagangane. Tenan, peyekke diborong Bu Erna kang lagi
nyambat gawe omah.
"Peyeke
wis entek, Wi?" keprungu swara saka mburi
"Ee,
Mas Prabu. Waduh, sampun telas e, Mas, nyuwun ngapunten."
"Ora
apa-apa, Wi"
Dewi
mesem banjur kandha,"Pripun, Mas?"
"Emm,
ora apa-apa, Wi, Dewi bingung awit Prabu mung mesem, ora genah bab apa kang arep
dikandhakake.
Dewi
mesem banjur lunga. Prabu ngukuri sirah kang blas ora gatel.
Prabu
Nata Kesuma, kanca cilike Dewi sing umure mung kacek rong taun luwih tua saka
Dewi. Wong lanang sing wis tau lan isih ana neng jero atine Dewi, wong lanang
sing wis pirang-pirang taun ditresnani Dewi tanpa diwales. Dheweke kuliah
semester 4 jurusan Teknik Informasi neng salah sawijining universitas gedhe ing
ibukota kang mlebune wae ngentekake ragad ora sethithik. Pancene wong sugih,
apa-apa ana, kabeh kedurutan, gek mangka bocahe ya dhasar wis pinter, beda karo
kahanan uripe Dewi. Bocah kang lagi lungguh ing SMA kelas 3 kui uripe ya mung
pas-pasan. Ning ya kepiye maneh, wong jenenge urip. Akeh pacoban kui biasa, wis
kaya sega jangan ibarate. Nek wis ngono kui ya mung bisa ikhtiar, ndedonga
marang Gusti Ingkang Maha Kuwasa, muga tansah dilancari rejekine.
"Benjang,
Dewi boten sah kuliah mawon, Pak Bu. Kuliah boten kuliah inggih sami mawon,"
swara lirihe Dewi nalika kumpul karo bapak ibune sawijining wengi.
Ibu
ngelus dhadha prihatin, "Nduk, cah ayu, bapak ibu iki ngerti nek kowe kui
ora kepengen ngrepoti, nanging nek masalah biaya sekolahmu kui rak wis dadi
tanggung jawabe wong tuamu iki, ta? Ora usah kuatir, Ndhuk.”
"Ndhuk,
ibumu bener, yen pancen wis rejeki, Gusti Allah mesthi bakal maringi.” ngendikane
Pak Burhan nambahi. Pituture bapak lan ibune
telung taun kepungkur kuwi dadi penyemangate Dewi nalika weruh Mas Prabu-Mas
Prabu liyane sing bisa sukses sekolah dhuwur.
Dewi
isih bingung, ping pisan bab tujuane Prabu ngejak dheweke mlaku-mlaku sore kuwi,
kadingaren tenan, ngelingi nek kepethuk wae arang, pisan kepethuk ya mung mesem
bales mesem, sukur-sukur nek ana sing omongan paling ya mung nyeluk jeneng
isin-isin karo manthuk, wis ngono thok. Ping pindhone bab kenangapa Prabu
ngejak neng taman kota pinggir tlaga sing hawane silir kui. Dheweke malah saya
bingung nalika Prabu nyekel tangane.
"Wi,
aku wis ora kuat mendhem rasa iki kanggo kowe. Aku arep jujur."
"Rasa
apa ta, Mas? Lan jujur bab apa?" pitakone Dewi merga durung dhong bab apa
sing dikarepake kanca cilike kui.
"Iku,
Wi. Sa tenane aku iki wis suwe tresna karo kowe, kowe gelem ta dadi
pacarku?"
"Gelem,
Mas Prabu," wangsule Dewi spontan.
Atine bungah temenan, merga tresnane marang Mas Prabu diwales.
"Iya,
Mas. Dewi gelem dadi pacare Mas Prabu." Dewi mesam-mesem karo nyikep
gulinge.
"Dewi!
Omongan apa ta kowe ki, Ndhuk? Wis gek tangi! Jarene arep ana pentas tari, iki
kepiye kok malah isih neng peturon gremang-gremeng karo ngguya-ngguyu dhewe,
gek tangi!", swarane ibu nyabarake impene Dewi. Gregah. Owalah jan toblas tenan, jebul mung
ngimpi.
Urip
iku pancen cangkriman tanpa batangan, lagi wae sasi wingi Dewi seneng merga
bisa ketampa neng universitas negeri sing wis dadi kekarepane suwe. Tambah
seneng maneh dikirimi dhuwit saka Pak Burhan kang cacahe ora sethithik.
Nanging,
kabeh kabungahan kuwi kaya-kaya dilorot seko uripe Dewi. Mak dheg! Esuk kuwi Dewi
nonton berita ing tipi. Ana siaran Breaking
News “Seorang karyawan PT. Sejahtera diringkus polisi setelah dinyatakan
terbukti atas kasus penggelapan dana perusahaan." Lan karyawan kang dimaksud
ora liya Pak Burhan, bapakne Dewi.
"Ibuuu!"
Dewi mbengok nyeluk ibune.
"Ana
apa ta, Wi? Kok bengak-bengok, iki tak gawekke roti kukus." Ibu marani
Dewi.
Dewi
ora kuwawa nuding siaran berita ing tipi karo nangis. "Bapaaak, Bu."
"Astaghfirullahal'adzim..
Bapaaak!" Grompyangg! Piring isi roti kukus mrucut.
Bapak,
wong kang paling diajeni Dewi sawise ibu, wong kang dadi panutane Dewi. Wong lanang paling
ditresnani Dewi. Wong kang nuturi Dewi mlaku, numpak pit, maca nulis, lan
menehi semangat kala-kala Dewi susah. Iku bapak. Nanging, kahanane saiki wis
beda. Bapak sing biyen dibanggakake Dewi, ora luwih saka narapidhana sing
ndhekem ing kunjara.
"Pak,
Dewi trima dadi bocah bodho sing ora tau kenal pendhidhikan, tinimbang pinter
lan bisa sekolah dhuwur nanging biayane asil saka laku curange bapak. Pak, karepe
Dewi mono bapak tetep dadia bapak kang nomer siji kanggo Dewi senajan ora sugih
dhuwit. Bapak tetep dadia kang nomer siji senajan urip mlarat. Nanging saiki bapak
wis ngrusak kapercayanku, Dewi kuciwa, Pak."
======
Leni Nursinta, Mahasiswi UNY program studi Sastra Inggris S1
(semester 1), kelairan Kulon Progo, 1 Agustus 2001. Alamat Bugel 4, Panjatan,
Kulon Progo